Sekretaris Ikawangi Pusat Dermawan Setyabudi Sampek Umur

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 09 Desember 2022 08:52 WIB)
- Obituari



Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat lan wong diaspora Banyuwangi ring Jakarta kelangan salah siji penguruse yaiku H. Dermawan Setyabudi, sampek umur Kemis 8 Desember 2022 lan arep dipetek marek Jumatan engko.
   Angkatan SMA Banyuwangi hang lulus taun 1971 iki kelairan Banyuwangi 19 Juni 1950. Pensiunan pegawe perusahaan alat kesehatan iki rabine arane Nana Apriana lan nduwe anak loro Hendro lan Dian.
   Dadi Sekretaris Ikawangi ring periode 2017-2022, uwonge keitung aktip miloni kegiyatan Ikawangi lan ring organisasi Paguyuban Warga Jakarta Asal Jawa Timur (Pawarta Jatim).
   Ring ngingsor iki abane wong-wong hang tau serawung ambi ruwahe.

Bapak Sutardjianto (sesepuh lan pendiri Ikawangi hang tau dadi walikota Jakarta Barat):

"Uwonge atine apik nemen kadhung ngomong ngenaki bain. Dhemen silaturahmi lan hing tau ngerasani kanca.
Pengorbanane nang organisasi Ikawangi total hing tau sambat lan ngerepoti. Dhemen nulung lan tukang ngerukunanen kanca-kanca Ikawangi. Muga-muga diterima amal ibadahe. Isun milu kelangan temenan."

Bapak Bambang Sugiyono (Ketua Umum Ikawangi telung periode seperene lan tau dadi walikota Jakarta Utara):

"Pak Dermawan wonge apik, pekerja keras lan tanggung jawab uga dhemen silaturahmi."

Bapak Sugihadi (Wakil Ketua Umum Ikawangi seperene lan pengusaha alat kesehatan):

"Ruwahe iku kakak kelasisun ring SMA Banyuwangi. Isun lulus taun 1972, ruwahe taun 1971. Kecaruk maning ring Jakarta kira-kira 20 taun kepungkur lan ngejak isun aktip ring Ikawangi. Ruwahe nduwe dedikasi hang dhuwur kanggo ngurus Ikawangi. Pirangane tahun iki mesthi dadi pengurus lan aktip ring maneka macem kegiyatan Ikawangi. Ruwahe wonge apik lan akeh kancane. Selamat jalan Mas Darmawan, muga-muga ulih panggonan hang apik ring suwargane Alloh."

Ibu Sofi Muntahar (Bendahara Ikawangi seperene hang katon paling parek nong ruwahe):

"Pakde Dermawan wonge geromyoh lan aktip ring kegiyatane Ikawangi. Persasat hing tau absen sedurunge ruwahe kadheman. Bisa dadi sasak antarane wong-wong tuwek, sesepuh Ikawangi lan generasi lare hang lebih enom."

Ibu Tirto Arum (pekerja migran asal Banyuwangi ring Hongkong hang nganggep ruwahe kaya bapake dhewek. Ikawangi Hongkong tau ngundang ruwahe merana lan saben iyane mulih nang Indonesia mesthi nginep sulung ring umahe ruwahe):

"Pak Dermawan tau diundang merene. Isun lan panitiya ultah Ikawangi Hongkong ngateraken ruwahe bareng Bunda Kurnia, Pak Yado, Pak Yai Sholihan,  Mas Demy Yoker, Mas Wandra lan Pak Alam melaku-melaku nong kene.
   Ruwahe nekani KJRI bareng Pak Alam (jaman semono Kadisnaker Banyuwangi) sakperlu nitipaken pekerja migran Banyuwangi ring Hongkong. Ruwahe ya njaluk isun tetep nulis lan milu nguri-uri gandrung ring Hongkong."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf