Seni Budaya Minangka Cara Njaga Hubungan Antarane Menungsa

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Juli 2025 07:48 WIB)
- Opini



Seni Budaya Minangka Cara Njaga Hubungan Antarane Menungsa
 
Akeh kalangan hang nganggep kadhung wilayah Kabupaten Banyuwangi keneng diarani ‘miniatur’ Indonesia. Nyatane anggepan hang kaya iku ya sing kari adoh ambi kahanan hang sak benere. Merga, pendhudhuke hang multi etnis lan kultur-budaya uga agamane hang maneka maceme, cukup bisa kanggo nggambaraken maneka rupane Indonesia. 
     Kelompok-kelompok etnis hang ana nung Banyuwangi antarane; Bugis, Bali, Melayu, Mandar, Arab, China, Medura, Jawa lan pendhudhuk aseli Banyuwangi, Wong Using. Masiya dipanggoni akeh etnis kaya iku, naming selawase iki sing tau ana kedadiyan utawa keruwedan ‘antar-etnis’ nung Banyuwangi.  
    Sak liyane iku, kelompok etnis akeh-akehe uripe padha ngumpul nong sak kelupekan lan padha nggawe kampung dhewek-dhewek. Setemene Landa hang ngatur makene jaman bwngen wong-wong sak suku iki gampang diature. Kaya dene etnis Arab hang nong Kampung Arab, Wong Mandar nung Kampung Mandar, Wong China nung Pecinan, wong Bali nung Kampung Bali, lan sak piturute. Iku kabeh minangka bukti adhung hang aran ‘Pluralisme’ nung Banyuwangi mula ana wujude lan dudu mung omong-kelamong.
    Merga akehe ‘werna’ hang beda-beda kaya iku, sakat jaman kerajaan bengen telatah hang ana ring pucuk wetan tanah Jawa iki wis suwi dadi bagiyan noring tatanan lan umeke politik Nusantara. Mula ya sing pati heran kadhung ana ‘fenomena’ utawa ‘kasus-kasus’ politik hang njumbule teka telatah Banyuwangi, aju kerep nular nang dhaerah liya, malah bisa sak antero Indonesia. Salah siji hang bisa dadi bukti yaiku kedadeyan tahun 1998 kepungkur, yaiku ‘tragedi pembunuhan dengan dalih Dukun Santet’ hang kesuwur minangka ‘Kasus Ninja’. 
    Ana pitakonan teka kanca dhaerah liya, apuwa gok Banyuwangi pendhudhuke bisa urip rukun lan tentrem masiya beda-beda kultur, agama lan budayane? Njawab pitakonan kaya iku rasane ya sing kari angel. Yaiku; merga hang aran Hablum-minannasy bener-bener diturut lan dienggo ambi kabeh masarakat. Dadi para etnis hang werna macem iku mau dipuket kuwat ambi hang aran seni-budaya. Liwat seni-budhaya, masarakat bisa lancar ‘komunikasi’ lan nguwataken silaturrahmi.
    Noring ajarane Islam, hubungan antarane menungsa ambi Gusti Alloh hang nggawe urip iku diarani Hablum-minallah. Kadhung hubungan antarane menungsa ambi sak padha-padha noring tatanan sosial lan negara, diarani Hablum-minannasy
    Ya noring jerone Hablum-minannasy iku hang aran kultur lan budaya iku ana, hang salah sijine minangka alat komunikasi lan ‘konsolidadi’. Merga iku, kultur budaya nduweni ‘posisi penting’ minangka ‘bahasa komunikasi’ kanggo nguwataken tali silaturrahmi, persatuan lan kerukunan antarane masarakat. Yaiki sak benere hang terus dijaga ambi masyarakat Banyuwangi.
    Salah siji hang bisa dadi bukti ngenani iku yaiku anane Festival Gandrung Sewu, hang ‘peserta’ penarine ya sing mung lalare Using. Ana lare etnis Arab lan China. Malah hang taun kepungkur (2023) ana lare etnis Batak hang umahe nong Muncar ya katut kepilih dadi penari Gandrung Sewu. Arane; Renata Putri Boru Ginting.
Malah pirang dina kepungkur, ana kabar teka Pak Suko Prayitno – hang duwe Sanggar Tari ‘Gandrung Arum’, Cluring, ana lare teka etnis China hang umahe nung Kalipuro nyeja adoh-adoh teka nang sanggare sak perlu ajar nari Gandrung secara ‘privat’ merga kepingin seru kepilih dadi peserta Gandrung Sewu.
    Mula iku, seni-budaya hang merupa bagiyan teka Hablum-minannasy iku sing bisa disepelekaken. Mergane seni-budaya iku dadi ‘Bahasa Universal’ hang bisa lan gampang diterima ambi kabeh kalangan, uga kanggo nguwataken kerukunan sak duluran lan wutuhe Bangsa iki.
 
(Eko Budi Setianto)
 

Poto: Renata Boru Ginting

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eko Budi Setianto

Editor: Hani Z. Noor