Seniman Banyuwangi Ngawiti Taun 2021 Tanpa Guru lan Sesepuhe
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 05 Januari 2021 07:07 WIB)
- Esai
Santer berita ring grup Whatsapp DKB (Dewan Kesenian Blambangan), ketuane hang aran Hasan Basri nyebar undangan seminggu kepungkur. Isine berita kariya ngenes ngerogoh ati, tahlilan bareng ana ring pelinggihan Dinas Pariwisata dan Budaya Banyuwangi tanggal 28 Desember ring wayah sakmarine Isak. Sing tanggung-tanggung, ana wong enem hang dijamak tahlilan ring kana.
Dhuh kaya nak temetes maning iluh iki. Sing kepus kelendi pipine, buru bain ana ring telung dinane seniman gedhe Banyuwangi Sumitro Hadi hang ninggal donya ring wayah subuh tanggal 26 Desember 2020 iki.
Hang kepisan Erdi. Kanca seniman hang biyasahe dadi tukang gambar keber/tendhane janger iki kegolong seniman rupa teka Jajag kana. Iyane bengene tau dadi guru kesenian ring SMA PGRI Purwoharjo. Sakliyane dadi pelukis Erdi uga penari tamatan STKW Surabaya. Lan pungkase iyane dadi guru ring SMAN Gambiran.
Hang nomer loro, Sapari utawa Pak Pocil hang sampek umur ring tanggal 28 Desember 2020 ring ruang perawatan RSUD Blambangan Banyuwangi. Pak Pocil iki kelebu tokoh Macaan Lontar teka desa Kemiren hang kukuh anggone netepi mulang muruk macaan kanggo lare-lare milenial. Magih enget nyang suwarane hang teges kemelentheng nalikane maca lontar ring aula kantor Kelurahan Banjarsari, Kecamatan Glagah seminggu sedurunge iyane sampek nyang pesthine.
Hang nomer telu, magih teka desa Kemiren. Pak Serad uga madhep nyang kersane Pengeran. Pak Serad salah sijine tokoh adat desa Kemiren hang milu nguri-uri lan seru duwe wigati nyang urusan adat. Meh sing ana kegiyatan hang luput teka tangane ring desane. Iyane uga dadi narasumbere wong-wong hang padha nyekar nyang makame Buyut Cili. Pak Serad uga wong hang diwarisi wit duren abang hang ana ring Kemiren.
Sedina sedurunge pak Serad ninggal donya, jagat budaya Banyuwangi ungkreg merga ana kabar Sumitro Hadi ninggal ring umur 69 taun.
Ya Allah buru bain isun nulis pungkasan tahun 2020 dadi taun berkabunge kesenian Banyuwangi ana ring belambangan.com iki. Hang sun kuwatiraken paca kedadeyan temenan. Sedurunge mula isun mari nulis seniman hang padha mulih selawase kaya dene Pak Rasuli Alasmalang , Andang CY, BS Noerdian lan Pak Sahuni, pungkase, hang nomer papat, Pak Mitro nututi.
Wong hang wis sun anggep bapakisun dhewek iki wis kepara nyata perjuwangane nyang seni tradhisi Banyuwangi. Njunjung kesenian nyang panggonan dhuwur nyang para elit hang sedurunge kesenian tradhisional mung tampil ana ring hajatan-hajatan kampung-kampung dadi kesenian hang bisa tampil ring Istana Negara, Grahadi lan Pendhapa Kabupaten.
Wong hang sing gelem dijuluki bapake gandrung iki wis koncar-kancir nyang luar negeri nggawa misi kesenian Banyuwangi. Australi, Finlandia, Amerika, Jepang, Malaysia, Hongkong lan negara manca liyane wis tau diambah. Bapake gandrung Banyuwangi iki wis duwe Haki (Hak atas Kekayaan Intelektual) anggone telung karyane kayata Jejer Gandrung Jaran Dhawuk, Jejer Padha Nonton lan Gandrungan. Cumpune tarian Jejer Gandrung Kreasi wis ulih Perda dadi tarian wajib pembuka acara resmi ring Banyuwangi, lan Jejer Jaran Dhawuk resmi dadi mata ajar ring perkuliahan lan pendidikan seni ring Indonesia.
Pak Mitro wonge sing gelem anteng, terus ubed pikiran lan rekadayane. Tari Padhang Ulan lan tari Jaran Goyang hang sedurunge ana dikoreograpini ambi S. Parman direkronstruksi maning sakmarine ulih idin teka hang gawe. Pungkasane, Jaran Goyang lan Padhang Ulan uwah dadi lebih apik lan lebih bisa melebu ring sakdawane jaman. Sing luput kadhung sampek saiki tarian loro iki magih dienggo ring lare nom-noman saiki.
Ana dhung rongatusan karyane Pak Mitro hang kelebu ring tarian, gendhingan, uga komposisi lan aransemen gendhing. Umpamane karya tari Gandrung Dor, Santri Mulih, Kembang Pesisiran, Cengkir Gadhing, Gebyar Barong, Barong Cokot, Rodad Syiiran, Hadrah Kuntulan, Jaranan Cilik, lan Kuntulan Cilik, iku mung sithik teka atusan karya Pak Mitro.
Hang kelebu gendhing kayata, Banteng Tangi, Deredesan, Gelang Renteng, Ombak Umbul, Iwak Seledhing, Repelita, Wringin Ngrembuyung lan magih akeh liyane.
Drama Tari uga magih ana kayata Menak Jingga, Banterang Surati, Mendhung Peteng Kutha Kedawung, Jaka Tarub, Macan Putih, Menak Jingga Nagih Janji lan magih akeh liyane.
Penghargaan bidang seni akeh seru wujude, naming hang gampang diceritakaken yaiku penghargaan pembina kesenian teka Gubernur Jawa Timur, iku mergane penghargaan hang ketat anggone seleksine. Merga penghargaan iku sakteruse Pak Mitro ucal-ucul saban taun dadi juri kanggo milih sapa hang ulih penghargaan teka Gubernur Jawa Timur iku.
Pak Mitro sing kumed nyang ilmu. Uwonge awehan merga iku iyane akeh duwe murid lan akeh duwe peneruse. Alm. Sayun Sisiyanto (Pak Sayun), Sabar Hariyanto, M. Ikwan (Cak Wan), Edi Kanthong, Anton Widiantoro, Yayuk, Titin, Jajulaidi, Harsono, Wana’i, lan isun dhewek iki kelebu murid-muride, lan magih akeh seniman lan guru-guru kesenian uga ketua-ketua sanggar ring Banyuwangi iki hang dadi muride.
Hang kelima pasti ninggale Budiyanto. Pak Budi hang mantan Kadis Kebudayaan lan Pariwisata Banyuwangi iki, lan Pak Mitro iku wis ndadekaken Banyuwangi jenggirat ring antarane kutha-kutha ring negara manca dadi kutha festival hang terkenal. Gelar Gandrung Sewu wis bisa dadi festipal hang nduwe daya tarik gedhi kanggo dhaerah lan kutha liya, kabeh rame-rame teka nyang Banyuwangi ring Pantai Boom nonton gandrung masal hang nggawe kedanan meh wong sak donya iki.
Hang keenem yaiku Pak Rasuli, seniman angklung caruk Alasmalang hang open ngerumati angklung ana ring desane. Ninggal sedurunge P. Mitro.
Iyane punjere angklung Alasmalang. Wong hang kukuh nyang pembelajaran generasi enom ring alasmalang. Agul-agule angklung Sekar Tanjung Alasmalang iki pungkasane ya menyang ninggalaken desa Alasmalang lan kesenian angklung Banyuwangi.
Kesenian lan kebudayaan Banyuwangi rumangsa kelangan nyang Pak Rasuli uga wong-wong kaya seniman lan budayawan liyane hang wis melaku sulung kayata Pak Basier Noerdian, Pak Andang, Pak Sayun, lan Pak Sahuni.
Seniman-seniman Banyuwangi magih rumangsa durung puput anggone ngangsu kaweruh nyang para sesepuh iki mau, naming rika wis padha melaku sulung. Muga-muga bain iki hang pungkasan lan sing ana maning sakteruse ring kawitan taun 2021 iki, gediku jare seniman-seniman nom-noman ambi tangisan ana ring pareke paesan guru-gurune. Muga maning rika kabeh urip seneng ring alam kelanggengan ambi hang Kuwasa. Kabeh sing lali ambi ngambat donga Al Fatehah. Amin Ya robbal alamin, ya mujiba al-saaliin
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Seni
Editor: Hani Z. Noor
