Sepur Anyar lan Cerita Sepur Jaman Bengen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 08 Agustus 2024 08:24 WIB)
- Laporan



Buru bain ring bungase ulan Juli Bupati Ipuk Fiestiandani ambi Menteri PU Basuki mbukak rute anyar sepur Ketapang Banyuwangi-Setasiyun Pasar Senen Jakarta.
   Rute iki mula wis suwi diimpekaken ambi utamane wong Banyuwangi. Merga transportasi hang ana pilihane yaiku montor muluk, taping regane ping telune karcis bis. Dadi wong akeh hang milih bis masiya goyang-goyange rada anter timbang sepur. Saiki ana nawi 10 bis hang melaku antarane Banyuwangi-Jakarta lan sak walike langsung, hing ana ngepose kejaba mandheg ring sekitar Semarang sak perlu serpis mangan lan sembayang.
   Kadhung nunggang bis, penumpang bisa milih mandhege ring terminal-terminal hang paling parek umahe, kayata Bantargebang, Bekasi, Kampung Rambutan, Lebakbulus, Tanjung Priok, Poris utawa Pasar Kemis Tangerang. Kadhung nunggang sepur mandhege mung ring Pasar Senen utawa Gambir. Kanggone uwong hang mangkat dhewekan lan umahe adoh, perlu mbayar maning angkutan liya. Kanggone hang sangune pas-pasan rada males. Taping kang menyang jak akehan bisa nunggang taksi bareng, mbayare bisa murah itungane.
   Apuwa wong-wong hing milih nunggang sepur, masiya enak lan relatip aman? Merga bengen hing ana hang langsung. Kadhung hing leren nong Surabaya, ya bisa golet sepur Pendalungan hang jurusan Jakarta-Jember. Leren otong-otong barang. Iya kadhung dhewekan lan gawanane sithik. Bisa mbayar manol taping ya sak repotan.
   Kadhung saiki ana hang langsung kayane enak seru. Paran maning kadhung dibandhingaken ambi pengalamane wong-wong tuwek hang saiki manggon ring Jakarta. Nunggang sepur seru susahe.
   "Isun ngajak ibu kos-isun (teka Yogya) nang umahisun (Banyuwangi)...Tepak gadug Klakah, akeh kang dodolan nangka. Lan kadhung dodolan ambi rada meksa. Ambi ibu kos-isun ditawa...kang dodol kayane ngarti kadhung wong anyar teka Mataram (Yogya)...langsung dijawab ambi kang dodol nangka "Tandur dibik" (nandura dhewek+red). Sakkal ibu kos-isun pucet," ceritane Pak Sumono Abdul Hamid.
   Sepur bengen, wong-wong dodol magih ulih munggah gerbong. "Ana maning hang kudu dituku nong ndhuwur sepur. Tepak nang Kalibaru mesthi tuku sega rawon ambi tahuk gedhi-gedhi. Kapan gadug Bangil tuku sate Kerang kang loboke cilik tapi pedhes."
   Ceritane Pak Hamid liya maning. Kakangisun Amin tuku belungking liwat cendhela, nawa belungking, dadi. Aju sepur melaku, belungkinge hing bisa melebu teka jendhela polae ciyut bolongane.  Kelakon nyekeli belungking kegawa sampek Ranuyoso, diecul ancur. Cumpu sepure hing mandheg Ranuyoso. Ngeleg idu."
  Ceritane Pak Tardji beda maning. "Kadhung menyang-menyang nggawa lading cilik..piso lipet."
    Gunane paran? Cumpu dienggo jaga-jaga tepak melebu terowongan Mrawan.
Kadhung melebu terowongan yara peteng jumbleng, akeh wong jahat utawa begal. "Dadi kadhung ana wong gerayang-gerayang bisa beladiri. Kadhung Ibu nggawa wanci kinangan. Kadhung ana tangan nggerayang kari ngecruti dubang."
   Cerita liya teka Pak Mulyono. Bengen iyane sekolah SMP Negeri Benculuk hang noring Cluring taun 1962/1963. Teka Tapanrejo nuju SMPN nunggang sepidhah  galapan ambi sepur keluthuk jurusan Banyuwangi-Benculuk. Merga sepure magih sepur uap (hang ana serotonge ngetokaken welek kebul-kebul cemeng), dadi kadhung sepure liwat kelambine padha cemong.
   Jare Pak Hamid, kabeh werangkate sepur Rogojampi Benculuk kelebu rel lan lokomotip/gerbong mula husus kanggo trayek iku thok. Hing bisa dipindhah-pindhah nang stasiun liya, merga ukuran rel cilik. Malah ning setasiyun Rogojampi nganggo jalur husus. Penggantian gerbong/lokomotip impor nganggo kapal laut lan diangkut KA gedhi teka setasiyun Banyuwangi nang Rogojampi.
   Emane sepur saiki hing kaya sepur jaman bengen.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor