Seri Basa Using Lawas: R. Binata (03-23)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 02 Oktober 2023 06:49 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R.Binata (W71-03-23)
Ater-ater
Sakliyane R. Soedira, ana R. Binata hang nyathet ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1929-1932. Aju makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/,t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip.
bacok= bangus.
Lumrahe jaran dibangus.
cumpu: Kebetulan.
Isun nulup manuk eprit cumpu keneng dhadhane, terus gemeblug.
eprit: Burung emprit
gemeblug: Jatuh tersungkur.
campah: Hambar.
Rika yen (kadhung-red) ngamet tebu miliha bongkote, iku manis, kadhung pucuke campah.
Jangane campah, ndonana uyah maning.
codhot (Bahasa Jawa): Kelelawar yang besar.
bathakan: Rambut di kepala bagian bawah dicukur semua, model rambutnya seperti batok kelapa.
cemplé atau sungkan: Malas-malasan.
camplak, nyamplak: Menyela omongan orang. Belum selesai ngomong sudah dijawab.
Sun ngomong rungokna tah sulung, aja dicamplak gediku, kadhung wis, rika arep omong ya omonga, isun sing malang-malang.
malang: Menghalangi.
campleng: Putus.
camplung= nyamplung: Sejenis pohon untuk peneduh jalan yang berbuah keras sebesar bola pingpong (red).
Wit nyamplung nyemplung.
cemplung, nyemplung: Tercebur.
canthing bathik: Bagian tembaganya alat untuk menggambar dalam proses membatik.
ciblung=ciblon: Bermusik menggunakan sarana air sungai.
cumpleng: Sepi.
Isun uni bengi nyang umahira, marine cumpleng, isun balik. Sira nyang endi?
cemeng: Hitam. Celeng atau Ireng (Besiki).
cager: Alangkah; betapa.
Cager seneng isun, kadhung pasanganisun kicir bisa olih oling sebab jare ing kedhung kono pancen akeh olinge.
kicir: Bubu, perangkap ikan.
ceguk: Mudah marah. Hatinya kaku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.