Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-30-31)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 31 Agustus 2023 07:21 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-30-31)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
ndrongos: Tidak punya tata krama.
Si Kuming iku pancene lare ndrongos, yen (kadhung-red) ana dhayoh disuguh panganan, Si Kuming teka trus ngamet panganan kang disuguh dhayoh.
pundhak: Bahu kanan kiri.
Wong memikul iku kalumbrahane kang kuwat pundhak tengen.
pendara: Alat untuk penguat saat memakai kain dan warna-warni, ada lurik hitam, kuning dan lainnya.
Si Labu iku nganggo pendara rupane kuning.
kemendhak: Karah keris, terbuat dari emas atau salaka.
Si Bodhos iku nganggo keris kemendhak emas.
pendhok: Nama blongsong warangkanya keris, ada yang terbuat dari emas, salaka atau suwasa.
pendhil=kendhil: Alat dapur untuk memasak yang terbuat dari tembikar.
Si Selo iku olah jangan pupuwan nganggo pendhil.
banter=anter: Kencang, untuk menerangkan berlari.
Jukung iku yen (kadhung-red) katerak angin deres playune banter.
sawu: Alat untuk mencari ikan, terbuat dari benang kasar yang dianyam mirip jala, di tengahya ada kayu pejal untuk pegangan.
Si Labu iku nyang kali nggawa sawu.
pantis: Air laut yang beranjak surut.
Isun mlaku-mlaku nyang bum banyune segara mbeneri (tepak-red) pantis.
mental: Bacokan yang tidak mempan.
Uni bengi isun mancing ring kali, sing suwe ana beregul golek mangan geruyu nuli (aju-red) Sun bacuk nganggo budhing dadak (cumpu-red) mental.
uler nganthung=enthung: Ulat yang akan menjadi kupu.
Isun nemoni uler nganthung ana ring godhong jeruk, sun deleng rupane memper kupu.
urang mlungsungi: Udang yang berganti kulit.
Si Bodhos iku ulih urang mlungsungi awake kari empuk.
menthang: 1. Menjemur kulit Binatang.
Si Kuming iku menthang kulit wedhus ana ring latar umah, pinggirane kulit dipatheki mubeng nganggo Jajang. Pathek=pathok.
2. Menarik anak panah.
Si Kadi iku menthang panah, tangane kang kiwa nyekel gendhewa, tangan tengen nyekel bedhor (anak panah) nuli (aju-red) ditarik.
tonjok (nonjok): Bambu atau kayu untuk menyangga barang yang miring.
Si Santa iku nggawa Jajang wungkul digawe nonjok gedhang dhoyong.
penthongan: Alat yang ditaruh di pos jaga, terbuat dari kayu Panjang yang tengahnya dilubangi mirip lesung, supaya kalau ditabuh bisa berbunyi keras.
Penthongan iku kang lumrah digawe saka kayu Nangka, awit (merga-red) kuwat tur (lan-red) swarane anter.
kenthong: Bunyi dari penthongan yang setiap saat kalau dipukul menjadi penanda.
Yen (kadhung-red) kenthong muni telu-telu nandhakaken ana wong ngamuk (raja pati), yen ana kenthong terus nandhakaken ana kobongan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.