Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (04-37-38)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 03 September 2023 08:18 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-04-37-38)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
bakal: Hendak; akan.
Si Buwang iku mengko bengi kira jam sepuluh bakal menyang sawah ngeleb tanduran bawang.
bagal: pangkal batang ekor Binatang.
Si Selo iku tuku bagal sapi diolah jangan semur.
pakem: Nama buah, kulitnya mirip batok kelapa, isinya putih.
Pakem iki yen (kadhung-red) wis lawas isine rupane cemeng diarani kluwek, anggone diolah pindhang utawa disemur.
ngangkang: Dua kaki yang membentang lebar.
Si Labu iku ngangkangi adhike lungguh.
embéng: Sudah pernah dibahas sebelumnya.
gudèl: Anak kerbau yang masih menetek (sebelum umur setahun).
Kebo iku nusoni gudel.
sundel malem: Nama bunga, warnanya putih dan Panjang.
Sundel malem iku yen (kadhung-red) bengi ambune wangi, mulane diarani kembang sundel malem.
kèthor: Nama penyakit yang muncul di permukaan kulit seperti koreng kering, sering tumbuh di jemari tangan atau telapak kaki.
Si Labu iku dlamakane suku ebek kethor, diiris ora (sing-red) lara atos kaya otot.
banyak patra, ramutan: 1. Ramutan (besiki dari rawatan) untuk pembantu.
Pa Bodhos punika nggadhah ramutan estri namipun Karti.
2. Rawatan Binatang.
Pun Andon punika nggadhahi ramutan mendha gibas kalih.
pathol: Ahli bermain Gitik (olah raga tarung dengan senjata rotan) karena pintar dan pemberani.
Si Waluh iku pathol gitikan, yen (kadhung-red) nyang kalangan arang wong kang wani nglawan.
pathek, pathok: Tonggak untuk mengikat tali binatang, terbuat dari kayu atau belahan bambu sepanjang satu jengkal.
Si Wahana iku gawe pathek Jajang dienggo nyancang wedhus.
puthuk: Tempat yang posisinya di ketinggian.
Si Saliya iku gawe umah ring puthuk.
gumuk: Tempat yang posisinya di ketinggian, lebih besar dan luas daripada puthuk, mirip gunung.
Gumuk iku ring ndhuwur ana pondhoke, iringane mubeng ditanduri klapa lan liya-liyane.
pèthèk: (Tidak ada keterangan-red)
pethalan: 1. Serpihan kayu yang dikapak.
Si Selo iku muput pethalan kayu asem olih sak wlasah (sak tenong).
2. Penanda yang berupa bacokan di pohon.
Si Sana iku kongkon menek wit jambe kang ditengeri pethalan.
patheng: Rajin.
Si Kacung iku pancene patheng, selawase buruh ana ring bum sing tau cowok lan panggawehane apik, mulane si Mandhor banget asihe.
montong (ngontong): Pohon pisang yang berbunga.
Wit gedhang iku akeh kang padha montong.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.