Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (07a-34-35)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Agustus 2023 09:20 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira (W74-07a-34-35)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
petinggi: Kepala desa untuk orang satu desa.
Uni bengi wong-wong desa padha Kumpulan ring umahe petinggi (lurah), sing suwe petiggi aweh prentah wong-wong kang magih nunggak pajege supaya gelis dibayar lunas (salesih).
petinggi aris: (tidak ada keterangan-red).
pinggir: batas atau wangkid.
Pekarangane Pa Suma iku kang sisih (sebelah-red) wetan pinggir kali.
pitrah: Pitrah atau jakat itu sejumlah 5 kati beras yang dikeluarkan setiap tanggal 1 bulan Sawal (setahun sekali), diberikan kepada orang miskin atau anak yatim.
Miturut pranatan agama Islam, wong lanang (wadon) lan lare lanang (wadon) diwajibaken pitrah 5 kati beras wong (lare) siji. Lan keneng uga pitrah nganggo picis, nanging miturut regane beras, yen (kadhung-red) sekati beras rega 5 sen, dadi keneng pitrah picis 5 sen x 5=f0.25. Nglakoni Rukun Islam.
planca (bale)= amben, Nama tempat untuk duduk-duduk terbuat dari kayu atau bambu, bentuknya persegi Panjang.
Si Bodhos iku turon-turon ring planca mburitan (iringan umah).
planca katil: Nama tempat untuk membawa orang meninggal ke kuburan, terbuat dari kayu bentuknya persegi panjang cukup untuk satu orang.
Saben desa padha sedhiya planca katil, ana uga desa kang ora (sing-red) gelem sedhiya babar pisan, awit umume mundhak akeh wong mati, yen (kadhung-red) ana wong mati nuli (aju-red) gawe planca katil saka Jajang, sawise kanggo uga katut dipendhem pisan.
planca penyalatan= amben sembahyangan: Nama tempat untuk sembahyang di rumah, terbuat dari kayu bentuknya persegi panjang, cukup untuk satu orang.
Si Labu takon nyang Si Waluh clathune: Apa ring kene ana planca penyalatan? Isun arep milu sembahyang! Si Waluh nyauri clathune: Ana! Ana ring njro umah kan sisih (sebelah-red) lor.
puasa: Puasa atau Ramelan, nama bulan.
Miturut pranatan agama Islam, sakehe wong Islam lanang wadon lan lare lanang wadon kang wis balig diwajibaken nglakoni puasa sawulan, kawit tanggal 1 tumekane tanggal 30 wulan Puasa (Ramelan), nglakoni Rukun Islam. Puasa ateges ora (sing-red) mangan, kawit jam 4 esuk tumekane jam 6 soren kawit olih mangan.
pudhot: orang laki yang sudah berumah tangga lantas cerai dengan isterinya.
Si Kusna iku ulihe pegatan lan (ambi-red) rabine wis olih setahun, prandane sing gelem rabi maning, mulane rak (yara-red) diarani wong pudhot.
pudhot pati: orang laki yang sudah berumah tangga ditinggal mati istrinya.
Si Waluh takon nyang Si Bodhos clathune: Si Buwang iku apa pudhot mati apa pudhot pegat urip? Si Bodhos nyauri clathune: pudhot pati!
pulisi: Nama pegawai negara.
Upas pulisi iku pegaweane nyangga sakehe prakara kang dilarang dening pamrentah agung.
pupu=pokang: nama anggota tubuh bagian bawah sebatas lutut, ke atas sampai pantat.
Si Taman iku wis rong dina iki sing ana katon mlaku-mlaku, awit (merga-red) pupu kang kiwa lara wudunen.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.