Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (12)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 18 Juni 2023 07:06 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-12)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
dadak-hulatan (dadak-ulatan-red): untung-untungan, untuk menerangkan tekad yang sempit. (Pada kamus Using-Indonesia taun 2002, ada tadhah ulatan yang artinya apa boleh buat; tidak ada jalan lain; habis-habisan-red.).
Si Martam iku dikongkon bapake tuku kertas tulis, nggawa limang sen, ana ring dalan nemoni ana lare-lare kang padha main, Si Martam ngomong: Dadak hulatan, picis limang sen hun enggo main, yen (kadhung-red) menang untung, yen kalah minggat.
kropyokan: nama makanan kuda yang terdiri atas rumput yang sudah dipotong pendek-pendek, dicampur dedak dan air, ditempatkan pada gembreng atau peti kayu.
dangu (besiki-red): lama, untuk menerangkan orang yang berjalan (bepergian).
Si Martam iku yen (kadhung-red) nyang pasar tekane suwe.
Catatan: Pada naskah aslinya, dangu=suwe (krama) tapi contoh kalimatnya tidak menggunakan kata dangu di dalamnya, tetapi kata suwe sebagai padanannya (red.)
dadhiya (dadiya): walaupun.
Si Karta nggolek wong adol wedhus durung ulih-ulih, yen (kadhung-red) ana dadiya rega larang dituku bae (bain-red).
ndhak: segera, menerangkan keinginan yang terburu-buru.
Si Kasim iku ndhak budhal nyang sepuran, aja sampek kasep.
ndohen: letakkan, itu artinya menyuruh.
Buku iku dohen ring meja tulis.
ndingkik: itu berjalan dengan tumit tidak menyentuh tanah.
Si Naya iku tungkake keneng beling, mulane yen (kadhung-red) (melaku-red) dingkik.
dhungkang (dungkang): melangkah, dengan kaki terbuka lebar.
Si Kasim iku yen (kadhung-red) nglebokaken keneker nyang eleng, ambi ndungkang, mulane bisa melebu.
Ndrongos: menunjukkan anak yang tidak punya aturan (tata karma).
Si Darum iku lare ndrongos, sok (kerep-red) njuwuti jajan kang disuguh ana ring ngarepe dhayoh, utawa yen (kadhung) ana wong tuwek lungguh ngingsor, Si Darum lungguh ring kursi.
dhihukum (disampati)=digitik, dipukul menggunakan alat.
Uni bengi isun rungu suwarane wong nangis, bareng (sarta-red) sun deleng Si Painem dihukum bapake nganggo penjalin.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.