Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (14)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 20 Juni 2023 06:39 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-14)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang utawa diwani cathetan. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang kadhung nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
tandhenaken (tatakaken): diletakkan di atasnya, memecah barang dengan meletakkan pada sesuatu sebagai dasarnya.
Isun mecah woh kenari nganggo palu sun tandhenaken ring watu.
tambil: hidung/moncong celeng.
Celeng iku yen (kadhung-red) ndhudhuk lemah nganggo tambil.
tinjak: tendang, menyakiti dengan menggunakan kaki.
Lare-lare kang geger iku sing gelem mari, kapan wis keneng tinjak buru meneng.
titik: nama permainan untuk anak-anak perempuan, alat yang digunakan kerikil, pesertanya tiga atau lebih. Setiap anak menyodorkan 10 biji atau lebih.
Si Munah lan kancane padha titik ana ring gembonge (iringan/sandhing-red) umah.
tikus langu: tikus curut, nama hewan, warnanya kelabu, mulutnya monyong seperti contong, berbau langu.
Si Karim menthung tikus langu mati ana ring pawon.
tik-tik: nak-nak, panggilan akrab orang tua untuk anak-anak baik laki-laki maupun perempuan.
Tik-tik, mereneya sun kongkon, sun upahi jajan.
tege=kemarang, nama wadah terbuat dari rotan dianyam halus, berbentuk kuwung (?-red).
Si Emak menyang pasar nggawa tege isi kembang.
tingkrik: tangkring, berdiri di atas kayu atau yang lain.
Si Sura ngundhuh jeruk tingkrik ring jodhog.
tombol: nangka muda.
Si Martam teka ring kebonan ulih tombol kanggo jangan lodheh.
tombong: gandos kelapa.
Isun ngenceti klapa ana tombonge.
tomplok (nomplok), berjalan dan menabrak barang lainnya.
Si Dul nunggang sepedha nomplok wong mikul suket.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.