Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (18)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 Juni 2023 07:34 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-18)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

 

sengir: nama dari air (yang diperas dari-red) kulit jeruk.

Sengir jeruk iku keneng dienggo tamba lara kadhas.

sedhar (besiki)= anjing, nama binatang.

Pun Karta nggadhah sedhar kangge jagi griya.

sekendhi/sekendi: seberapa, kata tanya.

Si Suta lan Si Naya mlaku-mlaku nemoni wong dodol poh. Si Naya takon: poh iku siji didol sekendi?

sekembu: untuk menerangkan keinginan bekerjasama.

Si Marta lan Artam padha sekembu (engko) bandha pecis kanggo dagang.

semat: lidi untuk menguatkan lipatan wadah dari daun pisang, dibikin dari bambu kering yang dipotong kecil-kecil.

Si Marsan iku nyigari jajang digawe semat.

sereg (sorog)= kunci, nama penguat pintu.

Si Darka iku tuku sereg kanggo lawang kamar umah.

sangsangan (sampiran): tempat menjemur barang yang masih basah, dibikin dari kawat atau rotan utuh (dikentheng) dipasang di tempat yang ada peneduhnya.

Si Bapak teka ring alas olih penjalin kanggo sangsangan

wanci: wadah, piranti orang yang makan sirih, dibikin dari kayu atau kulit, bentuknya persegi panjang.

Si Emak iku menyang pasar dodol wanci.

wlangket=wlikat, perut yang sakit kaku, datangnya tiba-tiba.

Si Nursih uni bengi sambat-sambat lelarane wlangket kang ana ring weteng kumat.

wingi= kuna, menerangkan sesuatu yang sudah lama banget.

Gambar wayang kulit iku anggitane wong wingi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor