Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (19)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 25 Juni 2023 09:01 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-19)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

wingsilan: buah zakar.

Wingsilan wedhus iku rupane putih, wangune (modhele-red) bunder loncong (lonjong).

wuruh=unthuk: busa, yang muncul dari kotoran air.

Grojogan banyu kedhokan sawah iku akeh wurune, rupane putih memper kapuk.

wowot (awot): memuat, yaitu membawa wadah yang ada isinya.

Jaran grobagan iku wowot duren.

wlikaten=cikalen: sakit kaku urat.

Si Jaya iku saben-saben sukune wlikaten.

wlasah (tenong): nama wadah, bentuknya bundar kuwung (?-red), dibikin dari bambu anyaman.

Si Narsih iku nggawa wlasah kanggo wadhah nempur beras.

wera: luas, untuk menerangkan tempat yang lapang.

Pak Sura iku pekarangane umah wera.

wulan Haji=Wulan Besar.

Miturut kang wis klakon, sajerone wulan Haji iku akeh wong kang padha ngawinaken anake (mantu) utawa lare sunatan.

lara tengah (besiki): sakit perut.

Si Marta uni bengi lara tengah, awit mari mangan rujak cerme entek sepiring

lancur: nama ekor ayam jago.

Lancur iku dawa dhewek tinimbang liyane, sarta mlengkung.

lacur: apes, untuk orang yang tidak beruntung.

Si Karta lan Si Salam ana ring pasar malem padha main, Si Karta menang, dene Si Salam lacur (kalah).

lajur: lalu; kemudian.

Si Bodhos iku arep budhal nyang sawah, bareng weruh dulure teka, lajur wurung (sing menyang).

lakar=balok, nama sebentuk kayu yang akan dipakai rangka rumah atau lainnya.

Si Bakar menyang alas marani lakar.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor