Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (20)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 Juni 2023 07:37 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-20)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
laki: untuk menerangkan orang perempuan yang sudah bersuami.
Si Mariyam iku duwe laki aran Murtam.
lancing: jejaka berumur 14-15 tahun, atau orang laki yang belum menikah juga disebut lancing tapi lancing tuwek (jejaka tua).
lipya (besiki): lupa, misalnya menaruh barang dan tidak ingat tempatnya.
Kula madosi lading mboten kepanggih, awit lipya nggen kula nyeleh.
lirang= aren, nama pohon.
Wit lirang iku metu sajenge (legen), wite digawe talange banyu, wohe diolah manisan (dikolek), kedhuke (duk) digawe dhadhung (sapu), sadane (kawung) dianam digawe rombong (rantang) kanggo wadhah iwak mateng lan liya-liyane.
lom: lapar, untuk menerangkan orang yang belum makan.
Si Marsim iku ulihe madung kayu gelis leren, sambat lom.
lumur: nama gelas dhepok (dhingklik) yang tebal.
Lumur iku rupane werna-werna ana ijo, kuning, putih, abang, wungu lan liya-liyane.
long-long= lengah, menerangkan orang yang berjalan tanpa tolah-toleh, tidak melihat jalan yang dilalui.
Si Leman iku yen (kadhung-red) mlaku long-long, mulane jempolan suku kiwa kesandhung metu getihe.
lelet (lembeng)= kenes, untuk orang yang berjalan banyak tingkahnya.
Si Tayem iku yen (kadhung-red) mlaku lelet, yen ngomong akeh eseme.
lembaran= kain yang dipakai orang laki.
Si Karta nganggo lembaran bathikan kawung.
lebuh=pawuhan, lubang (jurang) yang dipakai untuk membuang sampah (kotoran).
Si Marsa iku negor wit jeruk, dhekete dibuwang nyang lebuh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.