Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (23)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 Juni 2023 06:21 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-23)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
polah: artinya rajin bekerja.
Pa Marta lan Mak Marta iku karo-karone padha polah, mulane sandhang pangane cukup.
po-el: tanggal untuk gigi hewan.
Sapi iku untune ngarep kang ngisor po-el siji.
ploncoran: air yang mengalir lewat talang.
Lare-lare iku padha adus ring ploncoran.
paca: jadi.
Si Karsa iku paca kawin lan (ambi-red) bakale.
pandara: ikat pinggang (setagen) untuk menguatkan kain yang dipakai.
Si Parta iku nganggo pandara rupane lurik cemeng.
plekat: alun-alun, nama tempat yang lapang untuk tempat keramaian dan lain-lain.
Si Parlan iku nyang plekat nonton wong tembung.
panguligan= pipisan, nama alat untuk menghaluskan bedak atau lainnya.
Pangulingan iku digawe saka watu, wangune pesagi dawa.
plembungan:
1. Klembongan (tembolok ayam, ada di bagian dada).
2. plembungan untuk mainan, dibikin dari karet dan berwarna-warni, ada hijau, putih, merah, kuning dan lain-lain.
penampan (dina): dina penampan atau dina padusan, itu pertanda besok akan puasa (Ramadan-red).
Ing dina penampan (padusan), sisuk (engkisuk-red) tanggal 1 Ramelan (Ramadan-red) wiwit puwasa.
pernah: kerasan, untuk menerangkan pikiran yang senang (ayem).
Isun selawase ana ring kutha awak kerasa oyang (panas), bareng (sarta-red) ana ring tanah pegunungan (panggonan kang parek gunung) nuli (buru-red) pernah, awit (merga) rasane awak seger.
pegot= pedhot: putus dari gandengannya.
Si Yunan iku layangane kesangsang ana ring wit asem, bareng (sarta-red) ditarik bolake pegot.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.