Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (24)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Juni 2023 06:46 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-24)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
dhogol: tidak bersayap, untuk gangsir yang belum keluar bulunya.
Si Darsa macul elenge gasir olih dhogol.
dhogling: tidak berbulu, gundul, bogel untuk ayam.
Si Doel iku duwe pitik lanang dhogling.
dhirik: berjejer, untuk orang yang duduk (berdiri) yang diatur.
Wong-wong kang padha nonton tembung iku padha dhirik sakubenge kalangan (wates) tembung.
dherem: agak redup, untuk menerangkan matahari yang tertutup mendhung.
Sadina iki dherem, mepe kumbahan jarit sing bisa garing.
dhemes: muka orang yang selalu terlihat tersenyum (hitam manis).
Si Kartinah iku rupane dhemes, yen (kadhung-red) ngomong utawa sakjerone meneng, sawangane kaya mesem.
dhudhuk: capung, nama binatang dengan berbagai warna.
Dhudhuk cendhala rupane kuning tuwek sarta gedhe; dhudhuk kebo rupane lurik ijo sarta gedhe; dhudhuk cotrek ana kang ijo, cemeng, kuning lan dhudhuk dom rupane werna-werna kaya dhudhuk cotrek nanging cilik, pasabane ana ring pinggir kali.
dhonge-dhong: tiba-tiba
Si Damin mengko jam 4 soren arep nyang sawah, dhonge-dhong ana sedulur teka medhayoh.
jarit: kain lembaran yang dipakai selendang .
Si Jaya iku nggawa jarit kanggo nggendhong anake.
jagir: anak kerbau, jantan yang baru berumur setahun.
Si Naya iku duwe jagir sepasang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.