Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (32)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 07 Juli 2023 07:44 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-32)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

gemblung (panjak): penabuh gamelan.
Si Ganda iku dadi gemblung gandrung.


gendheng: tuli; telinga yang tidak mendengar.
si Giman iku diceluk-celuk ring Si Gani sing gelem semahur (nulih), bareng (sarta-red) pengakune sing rungu, mari mangan pil, kakehen, kuping sampek kerasa gendheng.


geblug: tumpul, untuk benda yang kehilangan ketajamannya.
Si Gani iku negor jajang suwi sing bisa rubuh, bareng (sarta-red) dideleng budhinge geblug.


gagaran: pegangan pada ujung benda tajam.
Isun tuku budhing (wedhung) nganggo gagaran pelet.


gemulak: air mendidih yang sampai bergejolak.
si Ginem iku nggodhog banyu wis gemulak.


gemilap (mencirat): untuk menerangkan barang yang bersih.
Budhing (lading) iku yen (kadhung-red) diasah nuli (aju-red) katon gemilap.


nggenuk: memeram, membuat barang (buah) yang mentah menjadi matang di dalam genthong (pendharingan) yang ditutup rapat dan di atasnya dibakar.
si Tun nggenuk gedhang sedina sewengi mateng.


genjah: memecahkan barang yang keras.
Mak Surat iku nggenjah kemiri nganggo watu.


gembil: pipi yang tembem.
Si Cinem iku pipine gembil.


gediku: begitu.
Si Surat menek jambu ketemon Si Salam, Si Salam celathu: Surat, Sira iku aja pati meneki jambu gediku.


genengna: biarkan.
Si Guna iku genengna mlaku sekolah, nawi kebedhugen.


grèbèdan (grabadan): makanan yang terbuat dari otot sapi atau kerbau yang digoreng.
Isun mangan grèbèdan rasane gurih.


bacot: hidung.
Si Tajem iku bacote rungih (bs. Melayu (Indonesia-red), mancung)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor