Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (33)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Juli 2023 08:44 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-33)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.


byain: saja.
Si Bodos iku magih lara bain, apike dicelukaken dhokter.


batakan: tebak-tebakan.
Si Bun lan Si Bin padha batakan.
Si Bun duwe batakan: magih cilik gelungan, yen (kadhung-red) wis tuwek ngrèwèg, paran iku? Si Bin mbatak: pakis iku yen (kadhung-red) magih enom mlungker, yen wis tuwèk godhonge njebèr. Ya bener.


bangkel: kesal; marah dengan cara ngedumel.
Si Bakar iku yen (kadhung-red) kongkon lare sing gelem nuli (aju-red) bangkel.


brandhing: tali yang terbuat dari bambu, dibelah kecil-kecil dan tipis-tipis.
Si Dul iku nggawa jajang teles bakal (arep-red) digawe brandhing.


bancangan: nama tulangan kayu yang cukup untuk satu rumah.
Saka, lambang, jait dawa lan jait cendhek, ander, suwunan, dur, glandar, penglari lan sangga tepas.


mbangkèl: sikap anak yang tidak mengikuti ajaran yang baik.
Si Bugèl iku pancene mbangkèl, dhemenane tingkah kang sing patut (ugal-ugalan).


bangklèt, kebangklèt (kesangklèt): tentang tali yang terbelit di pepohonan.
Si Dul iku narik layangan, taline kebangklèt ring wit asem.


biri (besiki): baru saja.
Pun Karta biri bidhal dhateng sabin.


bakalan: calon. Artinya bakal jadi, bakal batal menjadi jodohnya.
Si Bakir (lancing) iku bakalan ambi Si Munah (prawan).


mbangkang: telanjang, seluruh bagian badannya tanpa busana.
Lare-lare iku yen (kadhung-red) adus padha mbangkang.


blungking: semangka, buah berbentuk bundar lonjong. Warna isinya ada yang merah dan ada yang putih kekuningan, rasanya manis.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor