Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (34)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 09 Juli 2023 08:11 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-34)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
brumbun: warna bulu ayam yang terdiri atas dua warna, putih dan kuning tua, atau hitam dan purih.
isun duwe pitik babon wulu brumbun.
brujul: bajak, alat pertanian untuk mengolah tanah sawah atau kebun.
Brujul iku kang digawe kayu, landhepe brujul sarana nganggo kejèn.
blungkak: blewah.
Si Karta tuku blungkak digawe serbat.
bojog: monyet.
Bojog iku akale kelebu pinter dhewek ketimbang kewan liyane.
bongol: goblok, untuk anak yang tidak mengerti apa-apa.
Si Nasir iku lare bongol, yen (kadhung) ditakoni arang semaur liyane dhileg-dhileg utawa manthuk.
mbok: kakak perempuan; saudara perempuan yang lebih tua.
Mbok Munah iku sedulur tuwek tunggal bapak/ibu.
bagel=bentuk: lempar.
Si Buwang uni bengi nonton gandrung, sing nganti (sampek-red) suwe endhase keneng bagel rupa watu.
bebel: bebal; ingatannya pendek.
Si Bun iku lare bebel, yen (kadhung-red) diwuruki paran bae (bain-red) suwe bisane (ngertine).
mbentuk=mbagel: (melempar).
Si Tamin iku nyekel (ngethem) watu dienggo mbentuk ula.
bengen (bengiyen): dahulu.
Bengen isun magih cilik (kira-kira umur 10 taun), yen (kadhung-red) nuju lebaran Sawal ring tegal (alun-alun) ana kerameyan adu celeng lan asu, adu macan lan kebo, wong gitikan lan liya-liyane, lawase pitung dina.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.