Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (7a-1-2)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 18 Juli 2023 10:05 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Soedira 1920 (W74-07a-1-2)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik. Apuwa melencat jilid 1 nang 7? Nyulungaken hang gampang (tulisan ketik dudu tulisan tangan).

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

ajuk-ajuk (ajug-ajug): Nama tatakan lampu tradisional yang terbuat dari bambu empat ruas, 3 ruas paling bawah dibelah dan pada ujung bawah dibuka diberi bilahan bambu lain sepanjang satu kil (kurang lebih 20 cm) sebagai kaki.

Si Andon iku nyolok tlempik diselehaken ring ajuk-ajuk.

adol bibas (bebas?-red): jual putus.

Si Bodo siku adol bibas tanah sawah werane kurang luwih rong bau nyang Si Ari klawan rega f500 kontan.

adol sèndèn garapan (sekarang disebut gadai-red): menggadaikan tanah penghasil hasil bumi dari pada waktu tertentu. Setelah periode yang disepakati, tanah kembali kepada yang punya.

Si Waluh iku adol senden garapan asil sawah Nyang Si Koming, kang sagarapan rega f25, sawise asil sawah balik balik nyang Si Waluh.

adol sèndèn sakkuwate: menggadaikan tanah penghasil hasil bumi tanpa batas waktu tertentu untuk menebus. Sewaktu-waktu si empunya tanah punya uang, tanahnya bisa ditebus dengan harga tanpa bunga.

Si Buwang iku adol senden sakkuwate rupa tanah sawah Nyang Si Kanta rega f100, janji sedurunge ditebus asil sawah kang duwe Si Kanta.

adol sèndèn tahunan: menggadaikan tanah penghasil hasil bumi dalam jangka waktu tertentu.

Si Dahun iku adol senden tahunan kebon klapa rong bau nyang Si Labu lawase rong tahun, kang setahun rega f50 x 2=f100, klawan janji yen (kadhung-red) wis tumekaning mangsa (rong tahun) Si Dahun nebus klawan rega tetep (satus rupiah), sadurunge ditebus asil kebon kang duwe Si Labu.

adol sèwan: menggadai tanah garapan, lantas disewakan kepada orang lain.

Si Andon iku nyewa tanah sak bau rega f25, ing ndalem sak Garapan asil, rehne Si Andon sing bisa nggarap lan perlu arep nganggo picis nuli (aju-red) adol sewan nyang Si Buwang klawan rega f25.

ahli: 1. Tukang.

Si Wanda iku penggaweyane ahli mancing.

         2. pamili.

Si A duwe anak aran Si B. Si B duwe anak aran Si C. Si C duwe anak aran Si D. Sepiturute iku aran ahli (pamili).

alang-alang (lalang): tanaman yang daunnya mirip serai tapi kaku, sering dipakai welit atau atap rumah.

Umah atep genteng iku hawane panas, beda umah atep alang-alang hawane adhem, mulane wong padesan umahe magih akeh nganggo atep alang-alang.

anak angkat: anak yang didapat dari mengambil anak orang lain (famili),

Si Labu iku duwe anak angkat wadon diarani Si Wasimah, ulihe ngrumat kawit (sakat-red) umur 3 ulan, saprene wis umur 14 tahun.

anak lanang mikul, anak wadon nyuwun: anak lelaki kekuatannya membawa barang dengan cara dipikul (di atas pundak), sementara anak perempuan kekuatannya membawa barang dengan cara disunggi di atas kepala. Dan kekuatan anak perempuan itu sepertiga anak laki. Maka dalam agama Islam dalam pembagian waris, anak laki dapat 3 bagian, anak perempuan 1 bagian, karena anak laki itu memikul dan anak perempuan itu menyunggi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor