Sibrake Belambangan Dadi Enem Kabupaten

M Hidayat Aji Wirabhumi (dipublikasikan pada Sabtu, 07 November 2020 06:58 WIB)
- Esai



Kanggo metani wilayah Belambangan, paling using kene bisa maca karyane Tome Pires, De Graaf lan Raffles. Iyane kabeh iki nyebute sampek Kediri lan Pasuruan. 

Wilayah sak werane semono iku magih ana sampek taun 1691 lan merga sampek umure Prabu Tawangalun II, anak-anake padha rebutan kuwasa sampek-sampek wilayah Belambangan iku direbut ring Untung Suropati taun 1690an (ring peta kolonial, wilayah iki diarani Zonder Soerapati).

Marek iku Untung Surapati ngumumaken kerajaane dhewek ring Pasuruan. 

Peneruse Tawangalun, Prabu Sasranegara hang seru byangkele nyang VOC pungkasane mesthi dadi kanca nyang Untung Surapati. Malah anake dijodhohaken yaiku Pangeran Mas Purba anak lanange Prabu Sasranegara lan Mas Ayu Gadhing anak wadone Untung Surapati.

Sakat 1697, Balambangan bisa dadi siji dipimpin mantune Surapati, yaiku anak lanange Prabu Sasranegara hang aran Pangeran Mas Purba nduweni gelar Prabu Danureja (1697-1736). 

Kahanan tetep kaya gedigi iki sampek tekane VOC hang ngalahaken Belambangan taun 1767-1768 nong Perang Wilis. Marek iku VOC nyibrak kerajaan iki dadi loro. 

1. Balambangan Kulon hang wilayahe kelebu  Panarukan, Senthong, lan Puger, nduweni ibukota ring Panarukan kasebut Kabupaten Kanoman/Balambangan Kulon. Ring kana hang madeg dadi bupati iku Mas Weka (1767-1768). Lan Patihe aran Mas Wasengsari.
2. Balambangan Wetan kelawan wilayahe hang kelebu kabeh sandhing wetan Gunung Raung-Gumitir sampek Kaliputih ring elor, kasebut kelawan aran Kabupaten Kasepuhan/Balambangan Wetan hang ibukotane ana ring Teluk Pampang/Muncar. Mas Anom Kalungkung (1767-1768) hang madeg dadi bupatine. Lan patihe yaiku Mas Sutanegara.

Dadi sakat taun 1767 iku, setemene wis ana rong Balambangan, yaiku Balambangan Kulon lan Balambangan Wetan. Mas Bagus Tepasana diangkat minangka Wedana Agung hang uga nduweni tugas dadi penasihat bupati keloron iku.

Sak teruse merga Mas Weka lan Mas Anom Kalungkung mbelani Agung Wilis, VOC ngangkat patih-patihe dadi bupati hang anyar.
1. Mas Wasengsari (adhike Mas Bagus Tepasana) minangka Bupati Kanoman/Balambangan Kulon.
2. Mas Sutanegara minangka Bupati Kasepuhan Balambangan Wetan. Patihe arane Suratruna.

April 1771, bupati Balambangan keloron, Mas Sutanegara lan Mas Wasengsari, ditamtoaken salah merga didakwa ngelawan VOC. Karo-karone dipecat lan dibuwang  nong Selong/Ceylon/Srilanka, aju VOC ngangkat bupati anyar teka Surabaya hang aran Kertanegara lan patihe aran Jaksanegara.

Naming merga bupati hang anyar iki kancilen ngadhepi Perang Bayu 1771 ngelawan Rempeg Jagapati, bupati Kertanegara mulih nang Surabaya lan Patih Jaksanegara diangkat dadi Bupati anyar ring Balambangan Bersatu (1771-1772) lan ibukotane ring Benculuk.

Sakuwise Perang Bayu, taun 1772, VOC ngangkat pejabat anyar: 

1. Ring wilayah Balambangan Kulon, ring taun 1773, pecake Patih Surabaya hang loyal seru nang kompeni diangkat dadi Bupati ke-IV hang nduweni gelar Tumenggung Sumadirana (1773-1774).   
2. Dene ring Balambangan Wetan, taun 1774, Mas Alit hang buru bain teka Bangkalan liwat Surabaya, aju didadekaken Bupati hang anyar kelawan gelar Tumenggung Wiraguna I (1774-1782) ngganteni Tumenggung Jaksanegara. 

Ring mangsane Tumenggung Wiraguna I (Wetan) lan Tumenggung Sumadirana (Kulon) iki, taun 1774, Kabupaten Balambangan Kulon disigar loro yaiku Puger lan Panarukan. Ring Puger, anak lanange bupati Pasuruan (T. Nitidiningrat), hang aran Tumenggung Prawiradiningrat diangkat dadi Bupati Puger ngadeg dhewek, pedhot teka Panarukan. 

Sakat iku aran Balambangan Kulon bener-bener dibusek. Balambangan Kulon dadi Kabupaten Panarukan lan Kabupaten Puger, dene Balambangan Wetan pungkasane dadi Kabupaten Banyuwangi.

Sak teruse taun 1820, uwah maning cara administrasine ring Balambangan Kulon. Yaiku tepak Kabupaten Besuki lan Panarukan didadekaken siji kelawan aran Kabupaten Besuki hang wilayahe kelebu Kota Besuki, Panarukan, lan Bondowoso-Jember Elor. 

Taun 1829, Residen Besuki Raden Ario Prawiroadiningrat I aju ngunggahaken status Kademangan Bondowoso dadi wilayah dhewek pedhot teka Besuki kelawan status Keranggan Bondowoso lan ngangkat Bagus Asrah/Ki Patih Kertanegara dadi penguwasa wilayah Bondowoso-Puger kelawan gelar Kyai Ngabehi Rangga Kertanegara/Ki Ronggo I (1829-1830). 

Taun 1840 ring Besuki, Raden Prawirodiningrat II ninggal donya, minangka gantine yaiku Raden Prawirodiningrat III. Seperana, Kota Besuki kalah maju dibandhing Kabupaten Panarukan merga ring Panarukan ana pirangane pelabuhan hang bisa nyokong kemajuane. Dadine pusat pemerintahan dipindhah teka Besuki nang Panarukan. Sakat itu Kabupaten Besuki ilang lan minangka gantine ana Kabupaten Panarukan.

Raden Tumenggung Aryo Soeryo Dipoetro madeg dadi Bupati kawitan Kabupaten Panarukan, lan wilayah Kabupaten Besuki disibrak dadi loro yaiku: Besuki kelebu Suboh sepengulon sampek Banyuglugur milu wilayah Kábupaten Bondowoso lan Mlandingan sepengetan sampek Tapen milu wilayah Kabupaten Panarukan.

Gedigu anane kahanan ring Balambangan sampek ring abad XX. Buru taun 1920, diuwah maning yaiku anane Kabupaten Lumajang hang pedhot teka Probolinggo lan bupati kawitane yaiku KRT. Kertodirejo (1920-1928). 

Sedurunge, Lumajang iku mung Kepatihan sak ngisore Probolinggo. Sangang taun sak uwise, taun1929, Kabupaten Jember diedegaken ecul teka Kabupaten Bondowoso kelawan R. Notohadinegoro (1929-1942) minangka bupatine.

Gedigi pungkas cerita umbak umbule Kerajaan Balambangan hang dipimpin raja-rajane kira-kira suwine telung abad 1479-1777. 

Saiki Balambangan wis dipecah dadi enem Kabupaten hang uga tau disebut Karesidenan Besuki utawa hang saiki kerep disebut dhaerah Tapal Kuda: Probolinggo, Situbondo, Banyuwangi, Bondowoso, Jember, dan Lumajang.

 

Sumber:

https://ajisangkala.id/prabu-tawangalun/

https://ajisangkala.id/mengenal-kerajaan-blambangan/

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : ajisangkala.id

Editor: Hani Z. Noor