Tan Tjin Djin, Arsitek Bangunan Keraton Macan Putih (1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 25 Februari 2026 07:27 WIB)
- Opini



Ditulis ring Kang Ujik

 

Tan Tjin Djin dulur tuwek teka loro adhike. Ketelon iku ninggalaken Betawi (Jakarta jaman bengen) nuju Belambangan. Setemene iyane iku juragan perahu slup ring Betawi. Kerana ana keruwedan, uwong-wong wangsa Cina padha kepelayon
ninggalaken Betawi. Serta gadug segara Belambangan (selat Bali saiki), perahune diantem ombak gedhi sampek kelem. Tan Tjin Djin bisa ngelange minggir ring pesisir Belambangan lan merambat ring gunung watu (saiki Watu Dodol).
   Sedheng adhik hang nomer loro sing bisa ngelange lan kesilep ring segara Belambangan, adhik hang nomer telu bisa minggir ring tanah pulo Bali lan nguwah wujud dadi macan. Wong-wong Cina kuna ring Belambangan nyebut tanah Belambangan iku kelawan Dji Kongtja (Datuk kawitan) lan hang dadi macan kesebut Sa-Kongtja (Datuk ketelu).
   Kerana urip-urip dhewek, Tan Tjin Djin ngelambar ngidul ngeliwati pesisir sedawane segara Belambangan uga sampek kudu nyabrangi kalen wera.
   Embuh pirang dina ulihe Tan Tjin Djin iku melaku, pungkasane njujug ring panggon kerameyan hang aran keraton Macan Putih. Raja Macan Putih Prabu Tawangalun mula raja hang awas lair lan batin. Ngerti kadhung Tan Tjin Djin iku uwong pinteran. Mula Prabu Tawangalun merentah supaya Tan Tjin Djin nangani bangunan ring istana Macan Putih. Anggepane Prabu Tawangalun sing meleset. Tan Tjin Djin mula wong pinter. Istana Macan Putih dadi, ngadeg gagah lan berai. Keraton Macan Putih iku wera. Garis tengahe bain nggadug 2500-an meter. Kandele tembok benteng istana sampek 5 meteran. Merga, para penjaga benteng iku kelilinge ring ndhuwur tembok ambi nganggo jaran. Nalikane penjaga iku salipan, jarane nana hang cicir. Bisa digambaraken, werane tembok benteng sak ukuran lebih teka jaran hang dijejer loro.
   Kabar penggaweyane Tan Tjin Djin nggarap istana Macan Putih iku sampek nggadug ring raja Mengwi. Kerana Macan Putih magih kelebu kerabat enome kerajaan Mengwi Bali, mula raja Mengwi nalika iku njaluk ning Prabu Tawangalun supaya merentah Tan Tjin Djin berangkat nyang Mengwi, merga raja nduweni kekarepan nggawe istana anyar hang apik kaya Macan Putih.

(Ana terusane,)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf