Tapsir Bebas Layar Kumendhung

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 24 Juli 2024 08:56 WIB)
- Opini



Tapsir Bebas Layar Kumendhung

 
LAYAR LAYAR KUMENDHUNG
OMBAK UMBUL RING SEGARA
SEGARANE TUAN AGUNG
KANG TUMENGGUNG NUMPAK KERETA


Tapsir bebas:
Layar-layar perahu gedhi dikerek dhuwur. Katon teka kadohan nyelaru ambi mendhung kang ndhempel-ndhempel ring langit sokelat.
   Membat-mayun, ilang-njumbul kaya dienggo memengan ombak segara. Ombak segara kang diduweni Tuan Agung
Kang Tumenggung numpak kereta.
   Perahu iku keneng diartekaken awake menusa. Mendhung bisa didadekaken ukuran dhung sedhela engkas arep udan. Masiya tah wis, mendhung iku durung karuwan dadi sebab cicire udan. Taping ucap mendhung kanggone uwong Using dienggo unen-unen uwong kang arep nangis utawa uwong kang arep ngadhepi susah.  Sapa kang arep nangis lan sapa kang ditangisi? Kang arep ditangisi yaiku Bupati Mas Alit lan kang arep nangis yaiku para pejuwang kang nyamar ngamen nganggo kesenian (gandrung). Merga rahasia antarane Mas Alit lan para pejuwang bocor.  Ombak-umbul ring segara artine, Mas Alit ngadhepi kebingungan. Bingung apuwa? Merga dulur-dulur misane kaya dene Pangeran Natakusuma, anake Wong Agung Wilis yaiku Prabu Sukma Manguntapa lan Pangeran Singa kang rabine magih dulure Mas Alit, terus-terusan nggawe pekiwuh ring panggonan-panggonane VOC. Para penggedhe VOC meksa Mas Alit supaya bisa nyandhak para penyerang (pejuwang), sedheng para kacunge VOC uwis wadul-wadul kadhung Mas Alit iku ndhukung para penyerang (Pejuwang). Mulane Mas Alit diceluk penggedhe VOC  kang nguwasai pesisir Jawa elor. Taping Mas Alit kudu numpak kapal kang dipasangi pendhera VOC.  Kira-kira VOC arep mateni  Mas Alit taping nganggo tangane uwong liya. VOC paham kadhung para perajurite ruwahe Jagapati iku akeh kang seliwar-seliwer ring pareke pulo cilik-cilik sak ubenge pulo Medura, ring selat Medura lan ring laut Jawa. Para perajurit iku pegaweyane nyegat kapal-kapal asing,  paran maning kapal kang nganggo pendhera  VOC mesthi dirampog. Paran kang dikira-kira VOC iku bener. Nalika kapal kang nggawa Mas Alit lan pengawale iku gadug ring laut Jawa elore Gresik, dirompag. Akeh pengawale Mas Alit kang mati kelebu uga Mas Alit mati dibedhil. Mulane, bari pungkas bait kawitan sair Layar Kemendhung iku unine: Kang Tumenggung numpak kereta. Ring segara gok numpak kereta? Kereta iku kiyasane kathil kang kesebut “Kereta Jawa rodhane rudha menusa.” Kathil ngelambangaken mati.


LILIRA GULING
SABUK CINDHE RING BURISE
KAKANG-KAKANG NGELILIRA
SAWAH BENDHA (BANDHA) GELANG SELAKA

 Tapsir Bebas:

Ngelilira bantal guling
Sabuk sutera wis singset ring bangkekan
Kakang-kakang tangiya tah
Sawah Bendha iku regane padha ambi gelang perak.

 Wis dimaklumi, guling iku bantal dawa lan bunder. Biyasahe dipeluk ambi uwong turu kang kepingin ngerasakaken anget. Kira-kira kang digugah supaya ngelilir iku bantal gulinge tah? Mulane keneng ditapsiri kang digugah iku uwong kang turune meluk guling. Apuwa digugah? Polae tekad maju perang wis singset lan kukuh. Kang digugah sing mung kudu ngelilir taping kudu gancang njenggirat. Diajak  maju perang, aja ngeboti sawah bendha kang regane sing sepira,  mung sak rega ambi gelang perak. Sawah uga keneng dienggo pengenget-enget, ring tengahe ana galengane. Sapa bain kang ngadeg ring galengan, bisa nyawang kedhokan ring kiwane utawa ring tengene. Artine, bisa ndeleng sapa kang ngelumpuk ring mburine VOC lan sapa kang ngelumpuk ring burine Pejuang.

 LILIRA KANTUN
SAK KANTUNE LILIRA YUGA
SAPANEN DHAYOHRIKA
MBOK  SUPRABA MILUTAMA

 Tapsir Bebas:

Ngelilira sira lare nom-noman
Lan ejaken anak turunanrika
Kanggo nyapa dhayohrika
Mbok Supraba milu dadi uwong penting

Ring bait iki wis gamblang dhung para gerilyawan ngajak peneruse lan ngongkon ajak-ajak nong anak-putune supaya gelem berjuwang ngedhepi uwong-wong VOC lan para kacunge. Dhung kabeh maju perang lan menang, kabeh keturunane Wong Agung Wilis, Jagapati lan keluarga perajurite milu lega atine bisa urip tenterem.

 SEKAR JENANG
MAULAN NDADARI KUNING
AGUNG ALIT TEMURUNA
KAULA NYUWUN SEPURA

 Tapsir Bebas:

Gelali rika aja lali
Ulane gedhi bunder mencorong nguning padhang
Lare-lare cilik, lare enom-noman lan uwong tuwek-tuwek  padha mudhuna
Isun njaluk sepura

Bait  pungkasan iki ngengetaken gok lakune penguripan uwis diumpamakaken ketemu dalan padhang. Mulane nawi ana salah lupute, para Pejuwang njaluk sepura nong kabeh kawula dene paran kang diperjuwangaken dianggep durung tutug. Utawa njaluk sepura merga gara-gara perjuwangane, Mas Alit sampek gadug nong semayane.

(Abdullah Fauzi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor