Teradhisi Kuna, Pejaratan, ring Mojoroto

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 13 Juni 2025 07:47 WIB)
- Laporan



Selametan Adat ‘Pejaratan’
ring Lingkungan Mojoroto
 
Teradhisi-teradhisi kuna kayata ritual adat Seblang ring Uli-ulian lan Kelurahan Bakungan, Keboan ring Desa Aliyan, Kebo-keboan ring Alasmalang, lan teradhisi kuna liyane, dianakaken minangka ikhtiare para leluhur jaman kalabendu bengen kanggo ngadhepi kahanane alam hang sing dikarepi, kaya pageblug, paceklik, lan sak piturute. Biyasahe, teradhisi kaya iku dianakaken kanggo njangkepi iwuh ‘bersih desa’ hang wis lumrah dianakaken ambi masyarakat adat hang ana ring pedesan, Banyuwangi.
    Naming, teradhisi kuna kaya iku nyatane ya ana lan dianakaken ambi masyarakat hang ana ring kutha. Salah sijine yaiku teradhisi selametan adat ‘Pejaratan’ hang magih diugemi ambi warga masarakat ana ring Lingkungan Mojoroto, Kelurahan Mojopanggung.
    Miturut Bambang, tokoh nom-noman Mojoroto, sakat telun taun kepungkur teradhisi kuna iku wis sing tau dianakaken merga para tokoh adat hang ana wis padha ‘umur’ kabeh. Ya buru dina Rabu tanggal 11 Juni 2025 sore, teradhisi selametan cara kuna iku dianakaken maning minangka nggenepi acara ‘bersih kampung’.
    Kaya adate bengen, panganan hang disuguhaken nung teradhisi selametan Pejaratan iku yaiku sega gurih ambi santenan iwak pitik hang diolah tanpa nganggo micin. Selametan cara kuna iku dianakaken nung petilasane Buyut Dhuwur hang ana ring Petaunan, Mojoroto. Sak marine didongani, aju diedum-dumaken nganggo ithuk nang warga hang milu selametan.
    Jare Pak Sudarmin (72), Pejaratan iki minangka teradhisi kuna hang wis dianakaken turun-temurun sakat iyane magih durung lair bengen. .
   “Selametan Pejaratan iki minangka bagiyan teka acara bersih kampung, hang tujuwane kanggo tolak-balak supaya kampung Mojoroto iki diadohaken teka sekabehe belai donya."
    Selametan cara kuna hang diarani Pejaratan iki sak temene sing mung dianakaken kala bersih kampung thok, naming kabeh warga asli Mojoroto ya wajib nganakaken, hususe kala arep iwuh utawa arep duwe gawe liyane. Adhung sing nganggo selametan Pejaratan sulung, mesthi ana kedadeyan-kedadeyan kang sing dikarepaken kayata mara-mara ana udan angin utawa ana warga hang kejimen. Dadi masiya sing kari rame naming ya ana bain warga hang nganakekan.
   "Buru tahun iki Pejaratan diramekaken maning, supaya tinggalane leluhur iki sing sampek ilang,” jare Bambang.
 
(Eko Budi Setianto)
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eko Budi Setianto