Usingisasi, Golet Jati Diri Banyuwangi
Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Selasa, 18 Oktober 2022 06:43 WIB)
- Opini
Tulisan iki minangka nanggepi tulisan dina kepungkur bab “Gesah Masarakat Adat Jawa Timur: Aja Sampek Kelangan Adat”. Ring tulisan iku disampekaken jare narasumber Suko Widodo ngomong kadhung lare nom-noman saiki iki kelangan budaya lan adate, saingga masiya jare sarjana taping sing duwe adab. Lare saiki iki ilang jati dirine, uga akeh hang kelangan rasa lan rumangsa. Kahanan iki mesthine dadi kedadeyan hang anjerah ring akeh panggonan, kelebu ring Banyuwangi. Jare teori westernisasi, ana 7F hang nyerbu Indonesia, antarane Food, Fashion, Film, Football, Fun, Free-sex lan Friction. Pitung macem sebab iki hang nggarahi generasi nom-noman wis kepincut niru wong kulonan (western).
Kahanan iki kudu gancang ditanggepi ambi pemerintah Indonesia, hususe Pemerintah Banyuwangi. Kadhung sampek kasep, generasi mangsa ngarep bakal ilang jati dirine. Dudu wong Using maning tapi dadi kaya wong Landa, wong Korea, wong Amerika. Banyuwangi kelebon mangsa bebaya. Para leluhur keranta-ranta ndileng kahanan generasi Banyuwangi. Mula iku, pumpung durung kedadeyan, perlu gancang tandang masarakat lan pemerintah Banyuwangi nanggepi kahanan iki.
Penulis minangka Diaspora Banyuwangi hang manggon ring Jember milu priatin mari maca reportase kepungkur soal generasi hang kelangan adat. Pikirisun perlu Pemerintah Banyuwangi nganakaken “Gerakan Usingisasi”. Gerakan iki dudu gerakan sak acaranan kaya Festival hang rutin ring Banyuwangi, taping dadi agenda rutin ring urip sedina-dinane masarakat Banyuwangi. Contone, Gerakan Gesah Using diwajibaken ring acara resmi, masiya mung nguweni wangsalan, basanan, pembukaan, penutupan, utawa ring tulisan sepandhuk. Ring Yogya kana Selamat Datang padha ditulis “Sugeng Rawuh”. Ring Bandung tulisane “Wilujeng Sumping”. Masa wong Using hing bisa tiru-tiru kaya wong-wong iku. Semono uga acara-acara ring radhiyo dan tipi Banyuwangi, wajib ana acara Usingan. Kelebu pelajaran Muatan Lokal sak Banyuwangi, embuh dhaerah Using, dhaerah Jawa, dhaerah Medura, diwajibaken mulang Basa Using.
Nawi katone kaya meksa pikiran gedigi. Tapi kadhung mbandhingaken ring pusat kebudayaan Jawa, pusat Kebudayaan Medura, pusat Kebudayaan Bali, lan dhaerah-dhaerah budaya liyane, kabeh majibaken pelajaran basa dhaerah panggonane. Masiya wong suku endi bain, kadhung wis sekolah ring Yogya, ya kudu sinau basa Jawa. Masiya wong Tionghoa, ring Medura ya kudu belajar pelajaran basa Medura. Kerana Using dadi identitas kanggo Banyuwangi, dadi warga Banyuwangi sapa bain, suku paran bain, ya wajib nggugu lan miloni budaya panggonan liwat pelajaran Basa Using. Engko ring isine pelajaran iku, uga ana isine cara-carane basa Using, adat istiadat Using, budaya Using, pergaulan Using, aneh-anehe ring suku Using lan liya-liyane bab Using.
Gagasan gedigi sakpikiran ambi program Jawa Timur. Jarene Pak Sekda Jatim, Edhy Karyono negesaken, ring taun-taun mengarep, Pemprov mbangun lan nggarap masalah masarakat adat. Aja mung mbangun pisik. Merga masiya bagunan pisik ulih alem, nana gunane kadhung masarakate sing duwe adat lan nana adabe. Acake pikiren, kadhung wong Using menyang Medura, aju penganggone, ngomonge, adate wis hing Medura maning, dadi aneh tah sing? Masiya arep menyang luwar negeri, ring China misale, wong-wonge padha ngomong Inggris, pakaian nganggo jas (hing ana hang nganggo kelambi koko), modhel bangunane kaya Eropa kabeh, hing aneh tah katone? Terus ring endi identitas Chinane? Dadi, hang aran identitas kedhaerahan iku justru hang dadi merek kabudayaan. Wong-wong njaba dhung menyang Banyuwangi, hang digoleti dudu budaya Jawa, dudu budaya Medura, masiya ana sukune ring Banyuwangi. Taping hang digoleti tamtune budaya Using, adat Using, bangunan has Using, penganggo has Using, kelebu wong-wonge hang gesah Using. Buru hang gedigu dadi semberani kanggo wong liyan hang arep nong Banyuwangi. Kejaba iku, nguri-uri adat lan budaya Using, ndadekaken wong Banyuwangi bisa parek raket nyang sak padha-padha wong Banyuwangine, kerana hing ana sak donya hang madhani keunikan Using.
Isun lare Using. Isun mongkog dadi wong Using. Mayo sokong Usingisasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.