Ustad Gopar Rogojampi: Ana Aji Nunggang Godhong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Desember 2020 08:09 WIB)
- Tokoh
Kiyai Abdul Ghofar, Pengasuh Pondok Pesantren Salafiyah Putri Rogojampi sakat cilik urip ring kalangan pondhok. Kakike, KH Zainudin, salah siji ulama hang kesuwur ring Rogojampi. Kiyai Zainudin asale teka Banten, mangkane akeh ditekani wong kanggo sinau ilmu agama, ana uga hang golet ilmu hikmah kayata kanggo ngelawan sihir. Dhuwure ilmu kakike mau kayane nurun nong putune yaiku Ustad Abdul Ghofar. Kadhung wong-wong desa Banyuwangi nyeluke Pak Gopar.
Ana cerita kedadeyan temenanan, taun 2010 Haji Hasan Asjkari Rogojampi arep umroh jak telon ambi rabine lan rewange. Sedurunge mangkat, Haji Hasan ngundang Pak Gopar kanggo ngewani tauziah. Ring sambutane, Ustad Gopar bolak-balik ndongakaken muga-muga "almarhum" Haji Hasan Asjkari diparingi lancar perjalanan ibadahe nong Tanah Suci. Nyebut "almarhum Haji Hasan" dibaleni sampek ping telu.
"Sing weruha, kersane Gusti Allah, Abah hing mulih nong Rogojampi, kepundhut nang Medinah, dikubur nang Baqi," jare anake Haji Hasan hang aran Arlita, saiki manggon nong Jakarta. Embuh iku ukurane weruh sedurunge winarah tah sing, hing weruh.
Ustad Gopar iki kesuwur hing terima sak Banyuwangi, iyane kerep diundang ring njaba Banyuwangi, kayata Bali lan Sumatra malah kadhangane nong negara manca kayata Malaysia lan Taiwan. Hang ngundang adate ya komunitas Banyuwangi hang ana ring kana. Wong Banyuwangi dhewek ya hing sithik hang dhemen, mulane jadwal ceramahe padhet dhet. Sak ulan jampleng kadhang sing ana selane. Aja kaget umpamane kadhung arep ngundang, amprah, daptare saiki taping buru setaun bisane nekani.
Ceramahe basa Usingan, has Pak Gopar, akeh guyonane hang nong kuping ngelik-elik, nong weteng kaku kakehan gemuyu, serang mbenune gok ndongeng paran bain hang dadi kembangan ceramahe.
Sakat cilik Pak Gopar sinau ilmu agama teka madrasah Ibtidaiyah aju nerusaken sinaune ring pirangane pesantren, salah sijine Pondhok Pesantren Darussalam Blokagung. Merga katon ilmune hang lebih dhuwur timbang kanca-kancane, iyane dijaluk milu ngajar ring kono. Sampek iyane ngerasa pengalamane wis cukup, Pak Gopar mbalik nong umahe, rabi lan mbantu ngajar ring Pesantren Putri Salafiyah Kauman ane bapake sampek iyane ngganteni wong tuweke.
Sakat dicekel Pak Gopar, pesantrene saya rumang, muride saya akeh. Malah saiki bangunan pesantrene apik seru lan rijig. Wonge kalem, basa Usinge deles lan kerep nggawe wong kepingkel-pingkel ngerungokaken ceramahe. Pethithete hang andhap asor nyang wong liya kaya gampang ngadhepi wong akeh. Mangkane iyane kerep diutus kiyai-kiyai sepuh liyane sakperlu golet cara ngatasi masalahe wong akeh. Umpamane bengen iyane tau dikongkon ngadhep nong DPR tepak ana kasus Ninja jamane bupati Purnomo Sidik.
Taun 1999 iyane uga tau diserahi tugas kampanye kanggo partai PKB. Arane dhewek hing melebu nong DPRD naming atine girang merga PKB jaman semono ulih suwara nomer siji. Malah saiki iyane dadi Ketua Dewan Syuro PKB Banyuwangi.
Ring salah siji ceramahe, Ustad Gopar cerita ana laki rabi hang lanang kepingin rawon. Wis enem ulan hing mangan rawon. Biyasahe kadhung ana wong mati melekan disuguhi rawon kok iki wis enem ulan hing ana wong mati.
Rabine diwani picis 10.000, "Dhik, tulung gawekaken rawon."
Hang wadon manut. "Nggih Kang."
Mulih teka sawah jam 1 bedhug lakine njujug meja mbukak tutupe meja, ana rawon. Hang lanang langsung sujud sukur polae hang wadon pinter. Mergane iyane ya weruh, belungan bain seperapat 20.000. Iki 10.000 wis dadi rawon daging.
"Dhik, Rika mula penter olah-olah. Kelendi kok bisa 10.000 dadi rawon?"
"Iya kang, iku mau celananrika loro hun edol."
Ana maning liyane, nyeritakaken pengalamane wong-wong cilik, wong-wong sing duwe tapi padha bisa munggah aji. Ana hang megawene mung dodol kacang pikulan, sangking gemine nyelengi taun-taunan bisa munggah aji. Ana hang asale ngerawati pitik aju suwi-suwi dadi akeh pitike, terus diedol dienggo tuku wedhus; wedhuse serta taun-taunan nganak dadi akeh aju diedol dienggo tuku sapi. Ulih ridhane Pengeran, sapine ya gedigu pisan, sapine dadi pirang-pirang taker ahire cukup dienggo biyaya ONH. Iku conto pengalamane wong-wong Banyuwangi.
Wong Jember ana hang lebih hebat ceritane, jare Pak Gopar. Dodolane mung godhong naping bisa munggah aji. Aji nunggang godhong. Mungguha berangkat dhewek. Munggah ajine ngejak rabine, anake lima diejak kabeh. Durung maning putune. Sak keluwarga diejak kabeh. Megawene terima adol godhong, mampu munggah aji rombongan. Kelendi carane acake? Kaya mohal. Hing masuk akal! Ya seru masuk akal-lah! Yong hang diedol iku godhonge bako. Bakone ana limang hektar. Kelendi? Ana-ana bain Pak Gopar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Laporan Arlita dan Iskak Basuki
Editor: Hani Z. Noor