Uwahe Gandrung Dudu Kiyamat
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 10 Agustus 2026 07:51 WIB)
- Opini
Saben wayah mesthi nggawa wernane dhewek, jare unen-unen. Semono uga ring kesenian gandrung. Bengene dikawiti ambi gandrung lanang, ambi rombongan panjake keliling teka desa nang desa liyane. Sampek taun 1890 diceritakaken enteke gandrung lanang. Aju ana wayahe gandrung wadon jumbul, Semi anake Mak Midah.
Ring dina-dina mengarepe, ana gandrung
terob. Gandrung hing ngamen sak dalan-dalan naming disedhiyani genjot ring ngingsore terob. Mangkane kejuluk gandrung terob. Yaiku saiki, kesenian gandrung noring tanggapan wong duwe gawe (iwuh). Kadhung ring wilayah Banyuwangi eloran (kutha Banyuwangi lan wilayah sak ubengane kayata Cungking, Bakungan, Kemiren, Mondoluko), tukang paju gandrung iku magih tertib. Mangkat teka umah lan wayah maju tetep nganggo kethu, kaya wong kundangan nang wong duwe gawe umume.
Gandrung iki teka sejarahe mula akeh nerima tambahan teka njero lan njaba. Teka njero umpamane omproke hang bengene rada dhuwur saiki dadi endhep. Njuwut teka njaba umpamane baola minangka alat musik Eropa, naming ditabuh kelawan carane dhewek lan uga ana kasut (kaos kaki) putih, jare bengen kawitane tepak gandrung dikongkon main ring pendhapa Temenggungan. Iku jare merga ana campur tangane wong Landa. Saiki sing terima kasut, Gandrung uga nganggo sepatu balet. Lan ring antarane penari Gandrung Sewu, nganggo manset hang nutupi kulit lengen.
Aju anane ombenan bir (alkohol) ring njerone pentas gandrung iku sakat kapan ana? Malah panjak enom-enoman saiki, jare "alkohol" iku wis teradhisi. Jare iyane sing bisa ngendhang utawa sing kuwat sewengi, kadhung sing setengah mendem.
Mangkane, tau ana wayah, gandrung jaman bengen iku dudu tontonan kanggo lalare. Wong tuwek mesthi menging anake ndeleng gandrung. Yara saiki bain wayah lalare ambyak-ambyakan dhaptar dadi penari Gandrung Sewu lan wong-wong tuwek ngelesaken anake ring sanggar-sanggar tari makene anake bisa njuged gandrung. Masiya sukur bisa njuged Jejer, hing sampek melek nunggoni Seblang Subuh.
Bengen gandrung iku mula dianggep setengahe 'sakral', malah wong-wong eloran iku weruh lakine paju gandrung lan ngerempen masa kathik cupar. Malah iyane rumangsa kurmatan, lakine bisa lungguh sandhingan ambi gandrung. Bengen sewengi jampleng gandrung mung siji, sing kathikan ngempos nguyuh mulai marek isak sampek ngarepaken subuh, wayahe gandrunge ditutup ambi gendhing Seblang Seblang (utawa Seblang Subuh). Saiki sak tanggapan langsung telung Gandrung, terima paran buncine hang ngundang. Dadi kadhung ana uwah sithik-sithik, aja digawe kaya-kaya arep kiyamat. Iku wih jalukane wayah.
Paran maning hang saiki uwah?
(Hansen)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : poto: Lukisan S. Yadi K.
Editor: Antariksawan Jusuf