Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 02 Agustus 2026 06:31 WIB)

Roncean Cerita: Titisan (2)


Garapane Kang Ujik

“Subhanalloh…! “Gok Rika hang urub-urub, Kang?” abane ambi ngedhunaken tenong.
“Sing apal-apal Rika iku. Sanati dicageraken. Weteng wis welekeren sega sing mateng-mateng!”
“Apuwa, tah?”
“Dandang wis methingkring ring bengahan, genine sing ana. Eh, sing weruha ditinggal ngorok yah. Nawi jerangkong lare kai!”
“Dhuh…  kari sekaken lare iki. Sakat ring jero bobotan wis ditinggal melayu apake. Buru umur telung tahun ditinggal mati emake…ya maklum wis…Masiya jare ngalem-ngalem sithik ning Isun, Sun maklumi wis, Kang!”
“Iya…sekaken lare iku… muga-muga mbisuke ulih jodho uwong enak hang sholeh…Sanati iki lare hang seru lugune. Eh, sapa ngerti mbisuk enak uripe!” jare Wak Madsam kodhim.
“Aamiin…!”  
   Isuk iku para santri wadon hang nginep ring guthekane padha ubed kanggo keperluwane dhewek-dhewek. Ana hang ngeliwet bareng, ana hang umbah-umbah, ana hang gerus-gerus sambel ambi apalan alpiyah, ana hang ambi apalan sapinah najah lan liya-liyane.
   Para santri lanange ana hang memengan tembung pelastik ring lapangane pesantren, ana hang ngersaya sumber ring iringane sawahe Wak Madsam kodhim lan ana hang turu kepati-pati ring langgar panggung. Ana hang muyab, nggeredho kancane hang turune mangap. Cangkeme diiseni uyah padhet hang ukurane sak pucuke jenthikan. Mari ndelehi, cekakakan ambi melayu mara nyang kancane hang memengan tembung.
   Santri-santri lanang hang gedhi-gedhi padha ngeliwet lan nggawe jangan terong, kacang lanjaran lan manisah hang disanteni. Jangan santenan iku uga dicemplungi lobok-lobok wungkul. Nggawene sing tanggung-tanggung. Rong panci gedhi. Ngeliwete ya akeh pisan. Nganggo limang-galung gedhi. Maklum hang mangan lare akeh lan banget-bangete semega. Ambune gerang asin hang digoreng uga semebrung teka pawone guthekan lanang. Gerang asin iku kirimane wali santri hang teka Muncar lan Sukojati. Berase ulih kiriman teka wali santri Licin, Gerogol, Songgon, Tambong lan liya-liyane. Dadi hang aran beras ring genuk pondhokan sing tau asat. Undhuh-undhuhan kelapa teka kebonane Wak Guru Madsam kodhim uga sing tau kentekan. Rencek wis kari golet ring sakubenge pondhokan ya sing kurang-kurang. Durung kiriman renceg teka warga hang parek ambi pondhokan. Urusan pangan, pondhokane Wak Madsam kodhim kelebu makmur.
   Sekira jam-jam woluwan gedigu, lare santri lanang padha rijig-rijig awake dhewek, nganggo seragam santri aju padha munggah nyang langgar panggung, padha sembayang Duha. Sak marine wirid lan ndonga, wis kaya adate Wak Guru Madsam kodhim mbukak kitab Al-Istiqomah hang disusun ambi Kyai Haji Hasan Abdillah bin Ahmad Qusyairi lan Suyuthi Ad-Dzimaai: "Lare-lare…iki rungokena temenanan. Isun ngerti ring antarane sira ana hang kesel merga ngersaya sumber panggonane adus, ana hang olah-olah ring pawon pondhok, ana hang memengan lan ana hang turu ring langgar iki. Iki rungokena temenanan. Sak kesel-kesele menusa, sak repot-repote menusa, kadhung uwis ngucap Pengeranisun iku Allah SWT, aju padha jejeg ajeg ulihe ngelakoni paran hang dadi perentahe lan ngedohi paran hang dadi pengingane, uwong-uwong hang gedigu iku kadhung wayahe mati utawa nalikane metu teka kubur ana ring dina penimbangan amal, para malaikat padha mudhun mapag tekane uwong-wong iku lan padha ngucap-Sira kabeh aja padha wedi lan aja susah. Sira kabeh padha bungaha. Merga arep ulih suwargane hang uwis dijanjekaken. Isun lan Rika iki padha-padha dadi kekasihe ana ring donya lan mbisuk ana ring akhirat. Ana ring akhirat Sira kabeh bakal ulih paran bain hang dadi kesenenganira lan paran bain hang Sira jaluk. Iku kabeh minangka dadi cemepakan hang dicepakaken Pengeran Hang Maha Agung, pengapurane lan seru kewelasane”.
   Wak Guru Madsam nambahaken dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad: Gusti Alloh iku seru dhemene  ning uwong hang duwe amalan, masiya sithik taping ajeg. Lare-lare, sithik bain ngajine isuk iki. Sing kaya adate sampek ngarepaken lohor. Gedigi…Isuk mau Isun ulih tilpun teka anakisun wadon hang ana ring Surabaya. Juwariyah. Iyane ngabari kadhung emben, Selamet arep mulih merene,” abane Wak Guru Madsam. Lare-lare santri padha tulih-tulihan ambi ngomong dhewek-dhewek.
“Para santri niki napa tugase, Wak Guru?” takone Hamid hang ambi kanca-kancane diceluki santri mopol iku, merga santri paling lawas lan paling tuwek. Sampek umur petangpuluh taun sing gelem boyong lan sing gelem rabi.
“Akeh tugase. Saiki ngajine ditutup sulung, madhang lan engko soren Hamid lan santri-santri gedhi liyane kumpul ring ndalem. Wis yah…!” abane Wak Guru Madsam aju mimpin donga lan ditutup salam. Sak mudhune Wak Guru Madsam, lare-lare santri padha ndeleh kitabe dhewek-dhewek ring guthekan. Sing suwi, lare-lare iku padha nyang pawon pesantren lan mangan bareng. Enak-enake mangan, para santri iku dikagetaken ambi suwarane Sanati melung-melung ambi ngucap : “Panas…! Panas…! Tulung….!”
Santri-santri wadon hang ana ring pawon wadon padha kabur metu. Ana hang ambi nggawa piring isi sega, ana hang piringe dideleh sulung ring meja pawon aju cincing-cincing tapihe marani Sanati hang abane ana ring pinggirane kalen cilik mburine pondhokan.
“E, Mbok Ti, apuwa Rika iku?” takone Ulwiyah ambi melung. Sanapah Bathuk mung bisa nulihi tingkahe Sanati hang bingung kencal-kencal. Ulamiyah mareki Sanati hang abete nyemplung maning ring kalen lan kerendhem.
“Apuwa Rika iku… Ngagetaken kanca-kanca bangete madhang,” jare Juwariyah kecrit ambi idu-idu ring kiwane awake.
“Isun mau mari ngereb terong aju ngerajangi lobok litik sak irig tanggung. Serta wis mari, isun kudu-kudu nguyuh. Ya aju melayu nyang kalen iki. Nguyuh. Yaiku ya Mbok….mari cewok, -anunisun- iki kewedangen…panas…!” cerita Sanati.
“Nawi nagud Sira iku Mbok Ti… ngagetaken kanca sak pondhokan…Delengan tah kok!” abane Amnah ambi nduding kanca-kancane hang dhirig ngadeg ring ndhuwuran kalen.   

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf