Wak Hasnan Dadi Tontonan ring Bandara Soeta

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 19 September 2022 06:23 WIB)
- Esai



Cathetan redaksi

Kanggo mengeti Wak Hasnan Singodimayan  hang sampek umur dina Rebo kepungkur,  belambangan.com ngetokaken tulisane ruwahe  lan tulisan liyane bab ruwahe saben dina, seminggu suwene. Hang saiki tulisane budayawan Kang Abdullah Fauzi (Kang Ujik) hang ngateraken ruwahe nerima penghargaan teka Dirjen Kebudayaan ring Jakarta.

Isun dipercaya  Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kab. Banyuwangi  ngawal Wak Hasnan Singodimayan menyang Kantor Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi RI ring Jakarta. Sakperlu ngadhiri undangan Anugerah Kebudayaan dan Penghargaan Maestro Seni Tradisi 2017 tanggal 28 September 2017.

 Isuk-isuk sekira jam 06.30 tanggal 26 September 2017,  isun ngampiri ring umahe dalan Kapten Ilyas 3 C nganggo taksi. Sing weruha, Wak Hasnan uwis lungguh ambi anake hang aran Bonang Prasunan ring jodhog dawa lawang gang umahe. Dadi isun sing kathik mudhun teka taksi. Kerana iyane ambi dituntun anake gancang munggah, aju bareng sak taksi nuju Bandara Blimbingsari milu penerbangan hang jam 09.00 nalika iku. Ambi nganteni jadwal, isun lan calon penumpang liyane padha ngopi ring kantin Bandara. Durung sampek lungguh ring jodhog dawa, Wak Hasnan wis pelakon kopi: “Kopi telung cingkir”.

 Suwarane Wak Hasnan nyebabaken uwong liya padha nulih ambi meringis. Ana hang ambi mbesengut. “Aja kuwatir…..Isun duwe picis akeh. Tapi engkisuk. Saiki bayarana sulung, Jik!” abane. Isun ngakak lali. Kabeh uwong hang ana ring ubenge milu gemuyu pisan.

 “Arep nyang endi, Wak?” takone uwong hang lungguh percis ring ngarepe. Masiya sing padha kenale, taping aran padha-padha uwong Banyuwangine, ya tetep enak bain poyokane.

"Iki dijak Ujik marani picis ring Jakarta,” semaure nana pecake. Kopi teka. Edheng-edheng ngiling ring lepekan. Serta mari nguyup ngomong maning :”Byek mari nguyup kopi, Gilimanuk disawang teka kene katon yah. Paran maning pelayane kaya rabinisun hang nomer papat yah!” 

Hang aran Bonang Prasunan sing bisa mungel. Bisane mung dhileg-dhileg ambi gemuyu.

Sing kerasa, jam uwis nggadug ring jadwal penerbangane. Mari antri ngurus karcis aju melebu ring kamar hang parek ambi montor mbangkang. Lawang dibukak, kabeh calon penumpang kapal terbang padha dikongkon munggah nyang montor mbangkang mau, aju diuwot mareki andhane kapal. Isun lungguh mencar  ring tengene  Wak Hasnan lan Bonang Prasunan. Masiya mencar, taping magih bisa gesah. Suwarane uleng-ulengan sak kapal terbang. Magih kaya nganggep gesah ring warung Blambangan. Mari mandheg sedhela ulihe gesah, tangane nyelolor nyandhak majalah hang diselempitaken ring mburine kursi penumpang hang ring ngarepe. Suwarane mara-mara ngagetaken maning: “Gandrung Sewu iki hebat. Bengen nggolet hang bisa njuged gandrung kangelan. Kerepotan. Isun ambi Pak H. Asmai Hadi sampek melebu-metu sekolahan nggoleti lare hang bisa njuged gandrung, ulih mung 75. Mangka nalika iku, butuhe mung 200”.

 “Tahun pira Wak!” takonisun.

 “Ya wektu H. Mai dadi Kadisbudpar. Taun pira ika yuh?” semaure 

"Taun 2003 Wak!” jare isun ngengetaken.

 ”Alah iyok. Byek  serta saiki ewonan lare bisa njuged gandrung yah!”

Kegawa gesah, sing kerasa kapal terbang ndharat ring Bandara Internasional Soekarno-Hatta (Soeta) Tangerang.

Munggah-mudhun ulihe laku melebu lan ngurus gawan, gadug ring terminal IV. Ring kana ana petugas nyekel kertas HVS ana tulisane Bpk. Hasnan Singodimayan Banyuwangi Jawa Timur.

 "Eh, aranisun iku!” abane Wak Hasnan ngagetaken.

 “O, iya Pak. Saya yang menjemput rombongan Bapak. Mari naik ke mobil putih itu!” abane sopir hang mapag tekanisun lan Wak Hasnan uga Bonang Prasunan. Sedawane dalan sakat metu teka Soeta magih tetep guyon.

“Lamuna Rika diecul teka kene kongkon mulih maning ning Banyuwangi, kelendi Wak?” takonisun.

 “Kari mentala Sira. Bangur Bonang iki bain teblukena ring pinggir dalan kene!” semaure. Bonang, anake, kontan ngakak. Sopir hang mapag sampek kelunjuk. Masiya tawis sing ngarti basane, taping sun lirik, milu munyik pisan. Sing kerasa, montor melebu hotel ring Jakarta Selatan.

 “Silahkan Bapak-bapak ngurus administrasi dulu di petugas ujung sana itu, nanti malam sekira jam 19.30 Wib saya jemput lagi di sini, Pak!” abane sopir mau. Isun aju gancang-gancang ngurusi administrasine ring panitia. Pungkase ngurus, ulih sereg kamar hotel. Byek. Lantai 11, kamar 117. Isun ketelon ngaso sak kamar. Mari tata-tata gawan, aju rijig-rijig awak lan sembayang jama’ qosor  bedhug lan nerusaken njama’ taqdim Ashar ning wektu bedhug. Itung-itungane wektu turune makene pas. Sing kerasa, Wak Hasnan ngorok pah-poh-pah-poh turune kepati sampek nggadug ngarepaken magerib. Gancange cerita, mari narik wektu Isya’ ring mahriban aju mudhun mangan bareng ambi sekabehe dhayoh Anugerah Budaya. Eh, ketemu Cak Kartolo lan rabine. Mari mangan, gesah sedhela ambi tokoh Kidung Ludruk iku, Sopir hang nyusul wis padha teka. Kabeh aju munggah ring montore susulane dhewek-dhewek. Embuh digawa nyang endi, isun sing ngarti. Sing weruha bengiku digawa nyang ruangan hang wera. Ring panggonan anyar iku ketemu Mas Adi MS, Selamet Raharjo lan bintang-bintang liyane hang tau sun deleng ring kaca tipi. Acarane resmi. Ana pidhato teka kementerian hang ngundang. Byek Wak Hasnan tetep ngerumangsani kadhung acara resmi iku padha ambi ring warung kopi. Ana uwong pidhato, ngomong dhewek anter pisan suwarane. Isun bolak-balik ngengetaken. Acara kira-kira mari jam sewelas bengi, para dhayoh dibalekaken ning hotel maning, supaya akeh ngasone.

 Tanggal 27 September 2017 jam 08.00 rombongan dhayoh Anugerah Kebudayaan diparani maning ambi montor lan diangkut menyang aulane Kantor Menteri Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi RI ring area Senayan Jakarta. Serta wis gadug panggonan acara iku, isun telpon Kang Iwan. Sing sampek suwi, Kang Iwan njumbul. Mari kangen-kangenan aju gesah sedhela. Durung tutug ulihe gesah acara penganugerahan mangkat. Ana pidhatone uga ana atraksine diisi ambi para Pelajar sak Indonesia hang menang lomba maca puisi, cerita lan liya-liyane.

 Mari acara, kabeh dhayoh Anugerah Kebudayaan magih ana jatah nginep ring hotel panggonan mula. Merga karcis kanggo kapal terbang jadwale magih engkisuk. Wektu kosong. Nana kegiyatan sak liyane ngentekaken jatah mangane. Wektu kosong iku isun telpon kanca sekolah sakat ring SDN Pengantigan, SMPN 1 Banyuwangi lan sampek lulus SMPP/SMA 2 Banyuwangi. Soren, ngarepaken jam papat, Zulfiadi Suprayitno hang celukan saben dinane, Iyek iku teka. Gesah ngalor-ngidul sampek quro’ mahrib teka corong masjid Syarif Hidayatulloh, pareke hotel panggonanisun ambi Wak Hasnan nginep, muni. Iyek pamit. Umahe ring dalan Mampang Prapatan. Kira-kira sak dalan ambi umahe Rhoma Irama lah.

Ringkes cerita, isun ngawal mulih Wak Hasnan balik nyang Banyuwangi. Sopir hang mapak sabene hang ngeteraken nyang Bandara Internasional Soekarno Hatta. Lah….nalika arep melebu ring area antrian kudu ngeliwati lawang deteksi. Kabeh barang hang  ana  logame kudu dicoplok, kelebu uga epek hang ana wesine. Celanane Wak Hasnan iku wangune kegedhen. Nalika epek dicoplok, sing kerasa celanane merungsud sampek gadug tongkakke sing kerasa. Enak melaku. Kelambi kancinge sing dipasang. Selempangan sarung kaya Kabayan. Udheng semerawut sing jelas. Aran cawet gombor kewela-wela disawang uwong akeh ring Soeta. Uwis, wis. Wak Hasnan. Soeta dipadhakaken ambi terminal Lateng bengen. Kok ya enake melaku ambi nyeret-nyeret celana. Ya wis. Iku sak kuthek cerita nalika isun kumpul ambi ruwahe. Saiki iyane wis perei sekabehane. Muga sekabehe amale ketampa lan dadi jariyahe. Sekabehe salah lan dosane kesepura. Aamiin. (Kang Ujik)

 

            

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Fauzi Abdullah

Editor: Antariksawan Jusuf