Waleh HP, Salin Memengan Kuartet
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Kamis, 13 Juli 2023 13:28 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Ring ulan Juli iki Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) nganakaken Revitalisasi Bahasa Daerah Dialek Using. Manggon ring Gedung A5 UNIBA, Jl. Ikan Tongkol Banyuwangi, iwuhe dipiloni guru-guru SD lan SMP kang akehe sewidak uwong. Materine macem-macem merga tujuwan pelatihan iku ngelairaken calon-calon Guru Master Basa Using. Sagah yara!
Acara diangkati jam pitu isuk tanggal 10 Juli 2023. Lan dipungkasi tanggal 14 Juli 2023. Isun dadi salah sijine peserta teka guru SD. Dina kawitan materi diklat yaiku ejaan basa Using, kang dijelentrehaken ring pemateri yaiku Antariksawan Jusuf. Mari diumani materi ejaan, peserta diajak memengan kuartet. Tujuwane nganggo kuartet ring basa Using yaiku kanggo narik minat sinau lan nambahi kaweruh bab Using kanggo lalare.
Kang nggawe isun girang nong pelatihan dina kawitan yaiku kang menang memengan kuartet diupahi sak set kuartet Using. Gadug umah ketepakan anak-anakisun yara perei sekolah sun wuruki memengan kuartet Using. Lare-lare memengan sakat mari isak sampek jam sepuluh bengi sing keneng dieposi, taker lali nyang HPne.
Wiwik Widiarti guru SDN 2 Tamansari Licin salah siji peserta pelatihan kang ulih kuartet Using, ngomong: Sakat diterak Corona lare-lare yara kulina nyekel HP, mula sakat iku isun rada bingung carane nggawe anak-anakisun bisa nyuda memengan HP. Ketang kadhung wis memengan HP, lalare diceluk sing mara, diajak ngomong kuwat sing semaur. Kang diarani luput kabeh."
Mulih pelatihan kang rong dina, buru gadug umah isun kaget abane royak lare kauk-kauk ambi cekakakan. Biyasahe lalare memengan HP iku abane yara misuh-misuh kadhung kalah memengan game. Sun gancangi melebu nyang pawon, temekaken anak-anakisun ngajak kanca-kancane memengan kuartet Using. Sun deleng lalare padha pernah. Kang dadi guyu maning wayahe maca Gudhang Boom diwaca Gudhang Bom. Bantheng diwaca Banting. Taping sun omesi bain marahi lalare carane maca kang bener. Jare isun kang penting lalare weruh macem-macem bab Using. Embuh iku ejaan, kesenian, upacara adat, kutha kerajaan, gedhung-gedhung sejarah, panganan, kewan, lan liya-liyane.
Serang dhemene memengan kuartet Using, ana lare kang ditilpun bapake, maksa sing gelem dikongkon mulih. Ana maning kang disusul emake, ya sing gelem diajak mulih. Jare engko sulung magih nutugaken memengan, magih mertanggung arep leren. Bengi iki bangete isun nulis cerita iki lalare mau balik maning. Mari ndeleng arak-arakan kemanten njaluk memengan kuartet Using maning.
Atinisun girang wis nemu carane narik minate lare genau bab Usingan. Isun dadi mikir lan kepingin nggawe memengan kang bisa nambah kaweruhe lalare utawa murid nganggo memenganan. Isun ya emong sara megawe dhewekan. Kancanisun KKG Using kecamatan Glagah nak sunajak nggawe memengan bab Usingan. Masiya sak uprit kang dilakoni, muga-muga bisa nguruni kanggo kemajuwane Basa Using.
Kuartet kang diedumaken nong pelatihan iku ana thoke belambangan.com. Kanggo rika kang kepingin duwe kuartet Using, bisa tuku ring belambangan.com, carane bisa tuku nyang Pak Antariksawan langsung minangka pemrede belambangan.com utawa bisa bain pelakon nyang isun, isun bisa nalangaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.