Warung Bathokan lan Pandhangan Elek Masarakat

Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Senin, 24 April 2023 06:56 WIB)
- Opini



Jaman semana, kira-kira taun '80an, ring Dusun Secawan Lor, Desa Dadapan, Kabat, Banyuwangi, kawentar bab Warung Bathokan.

Kanggo rika kabeh lalare enom hang lair taun 1990 mendhuwur mesthi heran. Paran iku Warung Bathokan? Apuwa gok diarani Warung Bathokan? Teka ngendi asal-muasal istilah Warung Bathokan?

Dadi gedigi dulur. Kanggo njawab pitakonan iki, perlu diweruhi sulung paran maknane ucap 'bathokan'. 

Bathokan iku asale teka ucap bathok (utawa kulit njerone kelapa) hang ulih ucap pungkasan -an. Bathok dadi bathok-an; sempurnane yaiku bathokan. Sakwetara, Bathokan iku dhewek maksude panggon hang nang kana wakeh bathok-bathok kelapa.

Aju, apuwa gok diarani Warung Bathokan? Kadhung nurut mat-matanisun, kerana kumpulan warung iku manggone ring kelapaan, nawi ana bathok kelapa sepirang-pirang nong sak ubengane.

Utawa, malah cara nyuguhaken kopine nganggo bathok kelapa hang diuwah rupa dadi gelas lan barang semaceme. Serehne iku, kesimpulanisun, istilah Warung Bathokan iki bisa bain diilhami ambi salah sewijine asil mat-matan iku.

Magih babakan hang padha, ring sewijine wektu, isun tau diskusi santai perkara Warung Bathokan iku ambi wartawan lan sastrawan Banyuwangi, Pak Budi Using. Iyane mbukak omongan kadhung ring Secawan tau ana warung hang keliwat kondang sak Kabupaten Banyuwangi. Isun aju gayap nyaut kelawan sak pitakonan: "Warung Bathokan tah, pak?" abanisun. Kelawan semangat, Pak Budi mau nimpali pisan: "Nah!" saute.

Saksuwene iki, ucap Pak Budi, Warung Bathokan kerep dadi rasan-rasan perkara eleke. Nora liya kerana kumpulan warung iku nyawisi dodolan kopi “plus-plus”. Utawa, warga lokal nyebute kelawan istilah kopi pangku, sambunge.

Gampangane ucap, kelawan tuku kopi sak gelas, jarene wong hang tuku mau bisa ulih kuwasa mangku lan njawil hang dodol (wong wadon). Pasthine kelawan nerapaken wates, gedigu jare anangisun. Merga bab iku, aju merembet pandhangan elek teka akeh-akehe masarakat sak ubenge.

Seliwahan ambi iku, setemene ana kesunyatan hang nora diweruhi akeh uwong. Kawitan, perkara hang dodol, wong wadon, hang asale teka njaba Dusun Secawan, kelebu para pelanggan hang akeh-akehe wong lanang.

Kepindho, bab Warung Bathokan, hang setemene panggon cangkruk, gesah, lan ngopi hang ayem, mesisan minangka sentra warung-warung kopi hang wektu iku, nawi siji-sijine nong Banyuwangi (kadhung jaman saiki kawentar kelawan aran ‘warkop’). Embuh sakat engkapan tren kopi pangku iku ana lan malah nggawe elek citra warung-warung kopi iki.

Penemu negatip liyane, njumbul nalika wakeh lalare sekolah padha mara njajal kahanan ring Warung Bathokan. Malah, magih miturut anangisun pisan, kerana perkara iku aju Warung Bathokan dadi panggon melincur hang didhemeni para murid.

Ring bab iki, Warung Bathokan mula nggawa cerita rena-rena. Ana apik lan eleke. Ana hang perlu ditiru lan ditinggalaken. Sakwise iku, saiki hang perlu dilurusaken yaiku seupil engetan lan penemu negatip masarakat nyang Warung Bathokan. Setemene warga Dusun Secawan dhewek nawi ya sing weruh temenanan kelawan perkara iku.

Aju kelendi? Kelawan tulisan iki, impenisun, paling using panggon-panggon kaya Warung Bathokan iku nora muncul maning ring era saiki iki. Kawitan, kerana mula sing mejaji ambi norma hang ana. Sedheng hang kepindho, kanggo ngurangi “memori elek” jaman bengen iku kedadeyan maning. 

Kejaba iku, bab liyane, kaya: Bener tah Warung Bathokan iku hadhiyah wong tuwek kanggo anak-anake? Bener tah ring Warung Bathokan wektu iku merujuk anane tradhisi basanan? Perlu digoleti lan dibuktekaken benere.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf