Watudodol lan Buyut Jaksa ring Boyolangu
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Oktober 2022 07:55 WIB)
- Esai
Panggonan Wisata Religi ring Banyuwangi sepirang-pirang anane. Ring wilayah Kec. Giri contone. Ana makam Buyut Ayu Atika ring pucit Puthuk Giri, makam KH. Wahab Penataban, makam KH. Abu Amar Kedawung Grogol, makam Sayyid Ali Muhammad Almaghrobi lan KH. Hasan Pelinggihan Grogol, makame hang momong Gus Dur, alm.KH. Muhtadi Langring, petilasan Buyut Cungking kesebut uga Mbah Wongsokaryo, makam gandrung wadon kawitan yaiku Mbah Semi lan sing kalah tuweke yaiku makam Ki Buyut Jaksa ring Kel. Boyolangu. Ana wates-wates sembah buyut Boyolangu lan Cungking. Pokoke, Jebeng-Thulik Boyolangu sing ulih dhemenan paran maning sampek dadi umah-umah ambi Jebeng-Thulik Cungking. "Isun dhewek sing paham, Kang. Jare unen-unen gedigu ya uwis..... Sun turut bain. Jare, bengen Buyut Cungking tau adu kesakten ambi Sembah Buyut Jaksa. Buyut Cungking nggawe kiling lan dipasang ring uwit weringin. Sembah Buyut Jaksa nekakaken angin. Kadhung kilinge munyeng lenged paran maning aju sampek kuthung, berarti Buyut Cungking kalah. Sakwalike, kadhung kilinge meneng sing umik berarti ilmune Sembah Buyut Jaksa kalah. Nalika iku kiling munyeng sampek kuthung. Sakat iku, sembah loro iku ngewanti-wanti aja sampek ana kedadeyan uwong Cungking umah-umah ambi uwong Boyolangu," jare Drs. Sugiono, salah sijine tokoh masarakat Boyolangu. Setemene cerita turun temurun iku ulahe Landa kanggo mbentheng-cewengaken warga aja sampek ngumpul dadi kekuwatan hang bisa ngelawan Landa. Kadhung ditarik tahun uripe Buyut Cungking ambi Buyut Jaksa, adoh-adohan. Kadhung bener Buyut Kuncung Wingking iku Ki Wongsokaryo, anane ring jaman Prabu Tawangalun raja Macan Putih Blambangan. Nalika Prabu Tawangalun mangkat lan diaben tahun 1692, Ki Wongsokaryo nyingkrih teka Macan Putih lan manggon ring wilayah hang sampek seperene kesebut Cungking
Lah, Buyut Jaksa iku uwong kabur kanginan asal Lumajang lan ngabdi ring Mas Alit sekira tahun 1775. Ki Buyut Jaksa iku aran aseline Ki Martojoyo. Megawe tukang nggoletaken suket jarane Bupati Mas Alit. Ngerite ring tegal ngarepe pendhapa hang saiki uwis dadi Taman Sritanjung. Kala semono, ngepasi Martojoyo ngerit mara-mara teka udan angin dibarengi geludhug jepretan sampek-sampek hang aran gilap kaya-kaya nak mecah langit. Weruh Martojoyo ana ring tengah tegal, Mas Alit kuwatir aja-aja engko keselamber geludhug. Mula, Mas Alit ngongkon pegawe liyane supaya nyusul Martojoyo ambi nyangking payung. Taping Martojoyo sing gelem mulih, magih nutug-nutugaken. Serta keranjang uwis kebek suket, Martojoyo nenggulug keranjange melebu pendhapa lan langsung pinuju kandhang jarane Mas Alit. Kanca-kancane padha gawok. Awake Martojoyo sing kepus, dalan hang diliwati nana pecake cekapah kepus. Rasa gawok ring kalangane abdi dalem iku nggadug ring Mas Alit. Serta mari dilungguhalen, Martojoyo dilereni dadi tukang nggoletaken sukete jaran taping dijaluk dadi tokoh hang tukang nimbang-nimbang perkara lan mutusaken ulih lan singe Mas Alit ngelakoni. Kerana dadi Penasehat hang abot iku, kanca-kancane sak pendhapa nyeluk Ki Jaksa. "Lah.....apuwa makame gok ana ring Boyolangu? Ujare uwong-wong tuwek, Sembah Buyut Jaksa iku ninggalaken pendhapa lan kepingin urip nyepi ning Gunung Silangu hang saiki dadi Kel. Boyolangu, merga uwong-uwonge Landa ngethak-ngethak. Kerana mbelani penjajah, sak enake ngelapur-lapuraken sedulur pribumi. Merga iku Ki Buyut Jaksa ngungsi merene," jare Ustadz Abdalah hang ngerewangi Juru Pelihara makam. Mantan petugas kebersihan SMPP tahun 80-an iku uga nyampekaken kadhung setemene Buyut Jaksa iku musna. "Ceritane, iyane pesen ning anak angkate yaiku Nur Iman, kadhung awake 40 dina 40 bengi singana teka, dikongkon nggawekaken kuburan ring kene!" Gedigu cerita Kang Abdalah ambi nduduhaken kuburan ring lingkupe tembok Boyolangu.
Ana cerita liya gok Buyut Jaksa iki hang mbantu wong telu utusane Mas Ali Singonegara, Singateruna lan Singamaya hang ditugasi ndhodhol watu hang mbebeng dalan nuju ring Surabaya. Aju Buyut Jaksa njaluk tulung nong rajane jim hang ngelungguhi watu nong kono. Raja jime ngiyani taping wekas aja sampek anak putune medhot seduluran. Aju iyane ngongkon perajurite milu ndhodhol watu.
Seperene ngugemi omongan wong tuwek, wong-wong Boyolangu puter kayun nunggang dhongkar saben lebaran nyang Watudodol.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

