Wayakendi Revitalisasi Basa Dianggep Sukses?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 12 Desember 2024 09:17 WIB)
- Laporan



Wis rong taun iki rungu ucap "Revitalisasi" kanggo basa Using, hang artine njejegaken basa dhaerah makene kesat maning, taping sampek kapan?
   Jare Dr. Made Okta Vidiyanti teka KKLP Pemodernan dan Pelindungan Bahasa dan Sastra, Balai Bahasa Jawa Timur, ukuran suksese "Kadhung pemerintah pusat utawa Badan Bahasa wis hing milu cawe-cawe taping pemerintah dhaerahe magih nerusaken program hang wis dikawiti."
   Bu Okta ngomong ring acara siniar Sinibasa BBJT ambi Pak Erpandi S.Pd, M.Pd Kasi Peningkatan Mutu SD Diknas Banyuwangi.
   Seperene BBJT wis nganakaken Revitalisasi kanggo basa Medura lan basa Using ring limang kabupaten yaiku Sumenep, Pamekasan, Sampang lan Bangkalan tambah Banyuwangi ring taun 2023. Taun iki programe ditambah ring rong kabupaten Bondowoso lan Situbondo.
   Kelawan petunjuk teknis teka Badan Bahasa, BBJT wis ngelatih maestro lan guru master kanggo nularaken ilmune nang guru-guru lan murid.
   Taun 2023, murid hang ditulari ana 11.000 lebih lan taun iki angkane bisa diunggahaken maning dadi 14-15.000 murid, jare Bu Okta.
   Setemene pemerintah Banyuwangi wis nganakaken Revitalisasi sedurunge Badan Bahasa nggawe programe nang Banyuwangi.
   "Dadi kene iki kaya nguyahi segara tepak teka ring Banyuwangi," jare Bu Okta.
   Pak Erpandi ngomong hang dilakoni Pemda yaiku nggelar Festival Literasi Using sakat taun 2021. Kawitane mung Ndongeng lan Geguritan (puisi Using). Taun sak teruse ditambah Memengan Sandhiwara Using. Malah ring dina-dina mburi, Memengan Sandhiwara iki dadi maskot Literasi Using.
   Sakat 2023, BBJT ngenalaken programe yaiku Revitalisasi sampek Festival Tunas Bahasa Ibu. Saingga Pemda Banyuwangi ngadhopsi lombane, sakliyane Ndongeng, Geguritan ditambah Pidhato, Ngewer, Maca lan Tulis, Nulis Cerita Cendhek, Nembang.
   Minangka aturane, wis ana Keputusan Bupati No. 68/2003 tentang muatan lokal kanggo  pendidikan dasar, SD lan SMP. Maune mung diwulangaken ring 21 kecamatan teka 23 hang ana ring Banyuwangi.
   Lemek liyane yaiku Perda Warisan Budaya dan Adat Istiadat no. 14/2017. "Rong aturan iki hang didadekaken patokan kelendi basa Using makene tetep bisa diajaraken ring sekolah SD lan SMP.
  Badan Bahasa nggawe program revitalisasi iki sak Indonesia kanggo 97 basa lan taun ngarep diunggahaken maning kanggo 120 basa. Gunane makene basa-basa dhaerah iku sing musna.
   Jare Pak Erpandi kadhung dititeni saya suwi penutur basa Using saya suda. Iki hang dadi salah siji sebab musprane basa. Inpormasi hang ana pirangane basa dhaerah ring Indonesia wis muspra.
   Jare Pak Erpandi hang diadhepi Banyuwangi kurang lebih padha yaiku penutur saya suda. Taping saiki sikap masarakat nang Basa Using wis rada uwah. Malah wong kantoran hang teka etnis Using wis nganggo basa Using.
   "Kadhung bengen hang nganggo basa Using dianggepe teka strata hang lebih endhep. Saiki wong-wong iku lebih percaya diri lan lebih mongkog nganggo basa Using," jare Pak Erpandi.
    Ring sekolahan uga hang dikarepaken lalare iki merujuk rasa mongkoge kadhung nganggo basa Using.
   Bu Okta ngomong muga-muga merga
pemerintahe semangat kanggo nguri-uri budaya lan basane, masarakate hang egaliter bisa mbantu jejege basa Using.
   Seperene kadhung dideleng nganggo kajian akademis, Using iku magih kelebu dialek basa Jawa.
   "Muga-muga taun ngarep ana penelitian anyar, kajian hang lebih anyar hang nganggo instrumen hang beda, teori hang beda, asile bisa bain nemtoaken gok basa Using iki setemene basa dudu mung dialek," jare Okta.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor