Wisata Banyuanyar Arep Nggelar Maning Sepekan Ngopi di Kalibaru
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 19 Januari 2023 06:32 WIB)
- Wisata

Panggonan kelenceran kaya Wisata Alam Banyuanyar (WAB) Kalibaru tap-tap wulu ngadhepi taun pariwisata hang saya apik.
"Kene wis mangkat mbecikaken panggonan hang kapanane keneng belabur. Kesuk ulan April arep ana maning Sepekan Ngopi di Kalibaru jilid 2," jare hang duwe WAB, Kang Rahman (gusrahman03@gmail.com) hang uga aktip ring Ikaje (Ikawangi Jember).
Jujugan kelenceran hang dibukak tanggal 1 Januari 2019, mula ngadhepi pirangane ujian kayata pageblug covid19 lan hang buru bain yaiku belabur hang nerjang lan ngancuraken umah-umah ring pinggire kali ulan Nopember kepungkur. Kelebu hang rusak iku gazebo lan cedhing ring WAB hang saiki mangkat dibecikaken.
Masiya gedigu, WAB magih ndeleng sunar terang ring donya kelenceran iki.
Taun 2022 sore tanggal 17-23 Januari wis ngawiti Festival Sepekan Ngopi di Kalibaru. Acarane ana Perform barista, Festival Anak-Anak, Festival Hadrah, Festival Seni Budaya, Camping Pinggir Kali, Festival UMKM, Sport lan Vaksinasi kanggo masarakat lan sukses nekakaken 5.500 wisatawan. Iwuh iku uga ditekani pejabat Dinas Pariwisata, Dinas Pertanian dan Perkebunan, Dinas Pengairan, camat Kalibaru lan kabeh kepala desa sak kecamatan Kalibaru, Asosiasi Pokdarwis, pelaku Kopi lan petani kopi.
"Taun iki dianakaken ring ulan April merga melebu kalender Banyuwangi Festival. Kadhung Januari, kalendere durung metu polae," jare Kang Rahman.
Nuju nang WAB kadhung wong teka arah Banyuwangi bisa nunggang sepur mudhun Kalibaru, utawa kendharaan dhewek sak marine pasar Kalibaru ana dalan meliguk ngulon, nyabrang ril sepur, kira-kira adohe mung rong kilo, ring dusun Curah Leduk desa Banyuanyar, kecamatan Kalibaru.
Panggonane sebelah tengen dalan, ring kono wis ana gapurane kelawan tulisan: Wisata Alam Banyuanyar.
Mari mbayar karcis (limang ewu, parkir sepidhah montor rong ewu lan parkir montor limang ewu), kene melaku mudhun hing kariya adoh kira-kira 50 meter ngeliwati kebonan wit kopi aju mata langsung bisa ndeleng wit-wit dhuwur lan kuping rungu suwarane banyu gemerujug. Merga nong ngingsor ana gerujugan wera teka banyu kali. Hawane dherem merga ring ngingsor wit-witan gedhi lan ana banyu ring ngingsor.
Kadhung merono enake telpon sulung nong pengelolane (08124965575) bisa pesen paket wisata kuliner, aju disedhiyani pisan pecel pincuk, jangan pakis (pakis Kalibaru mula wis kawentar enak, enom-enom lan seger), gimbal jagung, tahuk tempe goreng lan jajanan tradhisional kayata cenil, kelepon, lupis lan kucur. Kadhung pesen wisata budaya bisa pisan disiyapaken tontonan pencak silat, tari macan-macanan, sapi-sapian, hadrah lan uga gandrung.
Merga ana kali lan gerojogan, ana panggonan dienggo adus-adusan, ana kolam dienggo lare cilik lan uga dienggo wong gedhi.
Panggonan mangane disedhiyani meja kursi ring ndhuwur genjot jajang, wong hang mangan ring kono bisa ambi ndeleng banyu gemerujug ring ngingsor.
Panggonan kelenceran ane masarakat iki werane rong hektar taping hang dimanpaataken buru 40 persene. Liyane magih digeningaken asri alami.
Ring kono ya disedhiyani asil kopi rakyat hang bisa diiling kopine ambi barista lokal. Ana king of robusta, pea berry, robusta milky, kopi luwak lan wine kopi hang disuguhaken adhem diandohi es lan disuguhaken ring gelas anggur. Rasane enak kaya emeh ana ombenan anggur-anggure sithik.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.