Wisata Pemandian Taman Suruh Wis Bukak Maning

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Rabu, 27 Juli 2022 07:26 WIB)
- Wisata



Banyuwangi mula wis kawentar panggon-panggon wisatane, lan ring 10 taun pungkasan saya akeh panggon wisata hang dikenal wong akeh, embuh iku masarakat lokal tah wong njaban, embuh iku panggon wisata lawas tah panggon wisata anyar hang durung suwi dijumbulaken.

Salah sijine panggon wisata lawas ring Banyuwangi yaiku ana Wisata Taman Pemandian Taman Suruh hang kawitan bengen kawentar kelawan aran Kali Kothak.

Padha kaya panggon wisata lan usaha liyane hang keterak pageblug telung taun pungkasan, panggon wisata iki ya sing mbukak blas sedawane mangsa pageblug sakat taun 2019.

Kabeh iku merga kahanan hang magih seru nderawasi saingga pihak owner sing ngulihi panggon wisata iki dibukak kanggo masarakat umum. Merga kuwatir aja sampek ana kedadeyan semebare virus corona iku kerana uwong ambyak-ambyakan teka nyang panggon wisata hang paceke mula seru ramene kadhung nepaki pereian sabtu minggu, paran maning kadhung tepak pereian sekolah, perei lebaran lan uga ahir taun. Dhayoh utawa pengunjunge bisa teka sampek bis-bisan sing mung masarakat lokal, diaspora naming akeh pisan rombongan teka kutha liyan, kayata Jember, Situbondo, Besuki dan dhaerah liya. Mula minangka panggon wisata hang wis puluhan taun ana, wisata Pemandian Taman Suruh iki paceke dadi jujugan wisata hang murah meriah.

Ring panggon wisata iki, pengunjung bisa langi-langian ring kolam hang banyune aseli teka sumber sing kathik diwani obat paran-parana belaka. Murni banyu sumber hang diilekaken nyang kolam-kolam hang akehe ana telu, kolam A, B lan C.
Malahan ana langganan lawas hang percaya lan ndadekaken banyu gerojogan sumber ring pemandian iki kanggo terapi kesehatan. Banyu hang murni teka sumber iki pisan hang nggarai akeh sekolah dhemen ndadekaken Pemandian Taman Suruh iki dadi panggon jujugan rekreasi lan belajar ring njaba kelas.

Sakliyane iku, pengunjung uga bisa lungguh-lungguhan ngerasakaken hawa hang seger, iyup merga akeh wit-witan gedhi hang dirawati ring kana.

Area hang total werane 7 hektar lebih iki, mula mung sebagiyan cilik hang dienggo area kolam, lebihe ya arupa kebonan lan uga alas-alasan hang uwite gedhi-gedhi, minangka iku kabeh dienggo njaga lestarine sumber banyune hang dadi a dhelan has ring panggon wisata iki.

Uwit-witan gedhi hang ana ring area pemandian iki akeh pisan tanduran langka hang mula dirawati, kayata wit Sentul, Kedhompyong, Wuni, kepel lan liya-liyane.

Kadhung kober munggah rada ring ndhuwure kolam, bisa pisan ndileng kutha lan segara teka kadohan.

Hawa hang seger, banyu hang rijig teka sumber uga wit-witan maneka rupa mula dadi daya tarik hang nggarai uwong pernah nekani lan lungguh suwi ring panggon wisata iki.

Pasilitas cedhing lan panggon salin wis disedhiyani dhirik akeh, musalah uga cemepak, dadi uwong bisa rada suwi dhung wis melebu ring area wisata. Durung maning akeh wong hang mula disedhiyani bidhak adol jajanan, mulai teka kuluban gedhang kayu, gorengan tahuk tah kue hongkong, bakso sampek mi instan ya wis cemepak kari milih.

Ring njaba panggon parkire ya cukup wera, mulane bis-bis hang teka nggawa rombongan ya bisa enak parkir ring halaman parkir.

Aju kelendi nasibe para karyawan lan petugas lapangane sak dawane mangsa pageblug sore ika?

Sing ana hang dilereni siji-sijiya, gaji lan hak kabeh pegawe tetep diuwani ambi hang duwe panggon wisata, minangka wujud tanggung jawab lan uga apresisasi nyang karyawan hang wis setiya. 

Merga alasane hang duwe, pageblug iku musibah lan sing ana wong kang bisa ngalesi. Kabeh uwong padha ngerasakaken akibate, embuh gedhi tah cilik. Kadhung magih diwani kemampuwan ngerumat pegawe hang wis mbantu sak dawane panggonan wisata iku dikelola ya apuwa sing dilakoni, merga rejeki kabeh wis ana hang ngatur, aja sampek merga pageblug wong hang megawe malah saya susah uripe merga kilangan pegaweyan hang wis taunan diugemi.

Dadi paran bain hang dikerjakena sak dawane pageblug?
Pegawe hang akehe ana lebih 30 uwong iku diarahaken lan dipimpin nyang penanggung jawab pengelola saben dinane rijig-rijig panggon wisata, ngecet panggonan hang wis katon mbeladhus kelire, meriksa paran bain hang nawi butuh dibecikaken, ngerapihaken tanduran-ta duran lan liya liyane.

Mula sak dawane pageblug lan sing ulih nampa dhayoh utawa pengunjung, ya kabeh tetep megiyet ring panggonan wisata kono, njaga kabeh kahanan aja sampek ana hang rusak.

Sore tanggal 20 Juli 2022, pemandian taman suruh wis ngawiti mbukak maning sakuwise miloni prosedur verifikasi teka pemerintah daerah. Kabeh tetep miloni prosedur kesehatan kanggone pencegahan covid, saben dhayoh diukur suhu awake, duwe aplikasi peduli lindungi, tetep nganggo tongkos/masker kanggone pegawe lan dhayohe, lan akehe dhayoh saben dina uga diwatesi.

Muga bain kahanan bisa balik rame maning kaya sedurunge pageblug nerak kahanan isi donya.

Saiki hang wis suwi nganten-nganteni kepingin langi-langian ring banyu sumber hang alami bisa balik nekani Taman Pemandian Wisata Kali Kothak utawa Taman Suruh, masiya mung lungguh-lungguh ambi mangan kuluban gedhang tah gorengan tahuk ya bisa ngepos santai ngilangaken lesuh mari ruwed seminggu megawe, karcis melebune mung 15.000 rupiah. Gancang ra wih!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf