Wong Alus ring Keseniyan Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 Juni 2024 09:05 WIB)
- Opini
Wong Alus ring Keseniyan Banyuwangi (Bagiyan 1 teka 2)
Ditulis ring Moh. Syaiful
Wong Banyuwangi kang dhasare wong agraris (wong tani) percaya seru nyang anane Alam Kasar lan Alam Alus. Wong Banyuwangi magih percaya nyang anane barang-barang lan wong-wong alus kang urip ana ring panggonan Alam Alus iku mau. Panggonan kaya alas, wit-witan gedhe, sumber, rawa, jurang magih dianggep panggon uripe Wong Alus. Wong Banyuwangi uga magih percaya nyang Roh Leluhur kang magih manggon ana ring donya iki sakperlu njangkungi anak putune. Wong Banyuwangi ngarani Roh Leluhure iku kelawan aran Mbah Buyut. Wong Alus iku mau setemene magih urip sesandhingan ambi menungsa masiya ana ring alam kang beda. Alam Alus iku Alam kang ana sak liyane alam menungsa iki kaya bangsane dhanyang, jim, lelembut, dhemit, roh leluhur, mbah buyut, gandaruwo lan liya-liyane.
Anane Alam Alus kang sesandhingan ambi Alam Kasar iki sithik akeh ya sing bisa diselehaken ring urip saben dinane Wong Banyuwangi. Sing luput uga kebudayaane, adhate, lan keseniyane wis emeh mesthi nganggo kepercayaan nyang Alam Alus iku. Adat Seblang ring Bakungan lan Olehsari, Kebo-keboan ring Aliyan lan Alasmalang, Barong Iderbumi ring Kemiren, Pethik Laut ring emeh sekabehe pesisir Banyuwangi keneng dienggo contone. Kabeh iku mau nduduhaken kadhung Wong Banyuwangi iku setuhune wong kang tetep njaga warisan teka leluhure. Sampek ring jaman modheren iki kepercayaan nyang Alam Alus sing dtinggalaken, tetep dienggo lan dilestarikaken.
Sing liya teka kebudayaan, adhat, lan kebiyasahan keseniyan uga emeh sing bisa dipisahaken ambi Alam Alus utawa Wong Alus. Seni Jaranan lan Barong bisa didadekaken wujud nyatane kadhung keseniyan Banyuwangi magih kegolong seni kang nganggo perewangan Alam Alus. Iki bisa dibuktikaken anane kembang, menyan, lan japa mantera utawa jampi-jampi ring pementasane Jaranan lan Barong.
Teater Rakyat uga salah sijine keseniyan ring Banyuwangi hang magih nganggo Alam Alus utawa Barang Gaib sakjerone ngelakoni pentase. Mula iku Uba Rampe, sarat lan sandhingane arupa barang-barang kang didhemeni Wong Alus, kayata, kembang, menyan, lan sesaji liyane. Sakliyane iku mesthine ya maca-maca, japa, jampi-jampi, donga-donga lan sepiturute. Wong modheren saiki ngarani teater iki Teater Primitip merga magih nganggo Alam Alus utawa Barang Gaib sakjerone ngelakoni pentase.
Teater Rakyat ring Banyuwangi ya mula ana benere kadhung diarani Teater Primitip merga magih nganggo perewangan Alam Alus. Anane Alam Alus iku bisa gampang diterima ring masarakat kadhung nganggo dalan Keseniyan. Umpamane Dewi Sri kang digambaraken ring Seblang kelawan jugedan alus nganggo sampur kaya dene widadari kang miber mudhun nyang bumi. Iku mergane Wong Banyuwangi percaya kadhung Dewi Sri iki minangka widadari teka Alam Alus kang awujud danyang kang nguwasani tanah pertanian lan njangkungi wong tani. Sakteruse Wong Alus kang aran Dewi Sri teka liwat menungsa kang kepilih dadi Seblang iku mau. Kedadeyan iki biyasahe diarani “Ndadi” utawa “Kelebon”. Sakuwise “Kelebon” utawa “Ndadi” nyang awake Seblang, Wong Alus kang aran “Dewi Sri” iki mau kaya wis urip ring Alam Kasar yaiku Alame Menungsa. Semono uga Seblang wis sing urip ning Alam Kasar naming urip ning Alam Alus.
Sing beda ambi Keboan utawa Kebo-keboan, anane Wong Alus ya sing adoh teka Dewi Sri, Danyang kang dipercaya njaga tanah pertanian. Sedhekah Bumi utawa Sedhekah Desa iki digambaraken ambi tekane Wong Alus kang dipercaya bisa nyebaraken kesuburan lan keselametane tanah pertanian. Bedane Keboan utawa Kebo-keboan nganggo Wong Alus kang melebu nyang wong lanang kang arupa wujud Kebo. Kebo iku mau digambaraken ambi pengawale Dewi Sri kang njaga tetandurane wong tani. Wong Lanang kang “Ndadi” utawa “Kelebon” erohe kebo sing sadhar lan njuged kaya tingkahe kewan kebo kadhung ditabuhi lan dikambuhi kembang lan menyan. Matane abang tangane ngethem lan nggereng-ngereng kaya kebo. Mestyine tetabuhan kembang, donga lan menyan dadi sesandhingane.
Sak liyane Seblang lan Kebo-keboan magih ana Barong Ider Bumi ring Desa Kemiren. Barong iki uga dipercaya bisa ngusir setan, jim lan roh-roh jahat liyane kang bakal ngerusak ketenteremane desa. Barong diarak masarakat melibengi desa sak perlu njaga desa teka paran kang dadi malane desa. Keseniyan Barong kang arupa kedhok gedhe nganggo rupa medeni, rai abang, mata mendelik lan nganggo siyung kang dawa iki dadi perlambange lan nduduhaken kadhung desa iku dijaga ring bangsa teka Alam Alus. Mula iku bangsa alus liyane sing ulih nguthik masiya sithik nyang ketentremane desa. Merga iki sarat lan sesandhingane awujud barang-barang kang didhemeni Wong Alus maning, kayata, kembang, menyan, lan sesaji liyane. Sakliyane iku mesthine ya maca-maca, japa, jampi-jampi, donga-donga.
Mula sing bisa dipungkiri maning kadhung anane Wong Alus ring Keseniyan Rakyat Banyuwangi magih ana lan magih diperlokaken. Mesthine sing ana Jaranan lan Barong kadhung sing “Ndadi” utawa “Kelebon” (kerasukan). Semono uga Seblang, Barong Iber Bumi, Kebo-keboan lan Pethik Laut bakal sing dianggep ana kabeh kadhung sing ana Wong Alus, naming dudu terus percaya nyang kuwasane terus nyembah njaluk sembarang nyang Wong-wong Alus iku mau. Percaya nyang Hang Kuwasa Gusti Allah Pengerane Alam kabeh wis sing bisa dibantah maning. Percaya nyang Pengeran kang bisa nggawe Alam Alus lan Alam Kasar iku dadi siar kang sakbenere ring Keseniyan Rakyat.
(Ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Foto: Sulihbudi
Editor: Hani Z. Noor