Wongsorejo lan Jagung Palotan

Iskak Basuki (dipublikasikan pada Selasa, 30 Agustus 2022 09:29 WIB)
- Esai



Wongsorejo kesuwur ambi paran? Akeh sebutan hang keneng disandhangaken - hang identik utawa dadi sebutane ring dhaerah Banyuwangi paling elor iku. Paran bain antarane?

Kawitan, sakuwise paham iku kecamatan paling elor, mesthi paham gok iku dhaerahe wong keturunan Medura. Masuk akal apuwa kok bisa gedigu? Soale dhaerah iku mula tepis wiring (tapel wates) ambi Situbondo, kabupaten hang meh kabeh wargane 'acaca madure', basa sedina-dinane Medura; yong emeh kabeh wong kono. Apuwa maning - kadhung 'terro taoa', kadhung arep weruh maning - kok bisa gedigu? Ya kerana nyabrang ngalor sithik maning wis Pulo Medura. Aja gumun, ring Pulo Medura - sing kaya ring kene - lare percil-percil lancar basa Medura.

Kok tapi anehe arane wilayah iku Wongsorejo yuh? Iku yara aran Jawa? Sejarahe ya kudu diteliti lan digoleti. Mung, sithik hang keneng enggo omong kelamong, yaiku ana dhusun ring kana arane Galekan (melebu Desa Bajulmati).

Artine Galekan paran maning kadhung dudu Trenggalekan, yaiku papan panggonan hang masarakate asale teka Trenggalek. Embuh sakat taun pira lan embuh kelendi awal ceritane bengen? Migrasi lokal, tah cikal bakale - hang ngawiti mbabat alas - dhaerah kono wong Trenggalek? Ketepakan aran Wongsorejo jelas Jawa kulonan, kelebu basane wong Trenggalek.

Setemene maning, hang arang diweruhi, masiya wis kadhung identik dhaerahe wong Medura, ring kono akeh pisan etnis Jawa - cara demografise embuh pirang persenan - keturunan teka wong endi-endi kabupaten. Lingkungan tertentu malah Jawa kabeh. Mung basane katut Meduraan. Nana dadi kegebyah uyah, dadi Medura identitase, etnike.

Ana maning tengerane dhaerah elor iku garing - kok ya padha ambi Trenggalek - larang banyu, kejaba hang tepak pinggirane kali hang magih mili banyune. Akeh-akehe kali wis lawas pating asat, sing ana banyune saktetesa belaka, sebutane curah, jurang.

Angine emeh sedawane taun kemelewes anter ring kana. Kipas angin emeh sing payu, sing kanggo rasane. Kadhung cara geografise nawi mula jalur liwatane angin teka segara kidul, teka kutub kidul. Padha pisan ambi kawasan wetan-wetane kaya Bali elor lan Nusa Tenggara. Alame sami rawon. Mendhung arang mandheg mudhun dadi udan, katut ngilang kegawa angin ngalor-ngulon embuh nyang endi?

Dhaerahe panas, tanahe kurang siraman banyu - mengarep ana harapan ulih irigasi teka bendhungan anyar, Bendungan Bajulmati, ring alas Baluran - dadi atos. Endane iku hang nggarai menungsane dadi relatip atos? Tandurane, pertaniane, ya dadi beda ambi panggonan liyan hang wakeh banyu utawa loh. Hang cocok lan akeh ditandur lobok cilik lan jagung. Sak dawane lurung sakat Bangsring sampek Bajulmati hang katon mata rekene tanduran rong macem iku thok. Sampek nong njero-njero rekene sing ana seliyane lobok lan jagung, embuh regane anjlok embuh panene untung.

Loboke dikirim trek-trekan gadug Jakarta, jagunge saiki ana pabrik pengolahane dhewek ring Bajulmati ngulon arah perkebunan Pasewaran.

Paran maning predikate? Isun ketepakan  tau urip rada suwi nong Trenggalek lan wareg belusukan nong Wongsorejo. Temune lumayan kenal karo-karone hang ketepakan terkenal padha garinge. Nong Trenggalek, nong pelosoke isun tau weruh dhewek ping pira-pira ngerasakaken dhewek sega thiwul, sega teka gaplek alias sawi hang wis dipepe garing. Rasane enak ana kenyil-kenyile, dieleg nong gorokan temelunyur. Nong Galekan lan umume Wongsorejo sing ana sega thiwul. Hang ana sega jagung, sega teka beras campur selepan jagung, wernane apik putih kuning, rasane ana kasare sithik. Hing salah gok ana hang ngarani sega burik, ana maning ampog. Warung lan dhepot ana  hang nyeja nyedhiyani. Isun ya biyasah disuguhi kanca kenalan wong kana.

Hang sing biyasah, hang mung sepisan thok tau disuguhi wong kana, ana kuluban jagung, sing kari gedhi jagunge, wernane putih rada bening. Mbegh! Aja takon rasane! Kenyil-kenyil manis gurih kaya ketan. Temenan! Sakpiring masa suwi tah. Sak endhegan!

Eh, dhalangane wong mangan jagung belaka kari linggak-lingguk munggah-mudhun alan-alane ombak segara.

Ya iku kawitane weruh jagung hang tibane akeh nong 'katimin', kawasan timur Indonesia. Wernane seliya putih ana hang abang semu wungu. Nong Makassar jare umum diedol matengan, regane siji ewonan, arane jagung pulut. Nong Wongsorejo arane: Jagung Palotan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pemikiran dan Pengalaman

Editor: Hani Z. Noor