Banyuwangi Festival Wis Wayahe Metu Teka Pendhapa
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 03 Januari 2020 07:32 WIB)
- Laporan
Rektor Universitas 17 Agustus 1945 (Untag) Banyuwangi, Andang Subahariyanto ngakoni kadhung Pemerintah Kabupaten Banyuwangi digawa Bupati Abdullah Azwar Anas, wis katon asile teka sektor pariwisata. Kebukti akeh pelancong njerone Indonesia lan manca negara, teka nyang Banyuwangi sak perlu ndeleng indahe alam Banyuwangi, uga macem-macem festival hang dibungkus ambi aran Banyuwangi Festival utawa B-Fest. Aja sampek acara hang apik lan temata iki ilang, merga unsur politik, yaiku dikaitaken hang dadi Bupati dudu Abdullah Azwar Anas.
"Isun setuju, B-Fest dadi mediya utama lan penting kanggone industri pariwisata Banyuwangi, merga Kebukti B-Fest duwe tuwah (hasiat gedhe). Naming Isun ndeleng ngederang B-Fest hang muser ring Pendhapa, dimainaken ambi pegawai pemerintah ring ngisore perintah Pak Anas. Merga magih muser ring Pendhapa, B-Fest gampang rantas teka unsur Politik. Alae PAk Anas ana mangsane. Tantangan abote yaiku ngalihaken genderang B-Fest hang muser nong Pendhapa dadi genderang hang ditabuh warga ring tengah masyarakat. Ambi cara liya, mindahaken B-Fest teka ewuhe birokrasi dadi ewuhe masyarakat. Muga-muga Banyuwangi sak mareke Pak Anas, bisa ngayahi lan nerusaken pegawean iki", jare Rektor Untag Banyuwangi, wayah nguweni Pidato Sambutan Malam Penganugrahan Inspiratif (Minggu, 29/21/2019)
Bupati Banyuwangi, Abdullah Azwar Anas hang teka kasep ring acara iku mau, ngaku seneng ambi kritike Rektor Untag. Jare Anas, kritik hang objektif lan nganggo data iku, bisa ndadekaken apike Banyuwangi. Dudu kritik angger ngomong, adoh teka nyatane sak benere. Kaya hang diomongaken Rektor Untag mau, liwat penemu hang teka pirang-pirang bucu. Tasemak hang dienggo ya tasemak ilmiah, merga wilayahe akademik. Kadhung ngeritik utawa niteni sembarangan, malah bisa ngerusak Banyuwangi.
"Mesti bain, panemu Pak Rektor iku mau teka mahami teori kaya dene umume akademisi, datane ya kuwat lan iki duduk kritik sembarangan. Makane Isun setuju lan ngakoni paran bain hang diomongaken Pak Rektor. Sewalike, kadhung diomongaken ambi cara ngawur tanpa data hang hing bener, iku malah bisa ngerusak aran Banyuwangi. Pungkasane, rakyat hang dadi korban", gedigu tanggapane Bupati Anas.
Sak teruse Bupati Anas njelentrehaken asile iyane sak suwene 10 taun, utawa rong periode dadi Bupati Banyuwangi. Kabeh asil utawa prestasi mau, kasebut ring angka-angka hang bisa dideleng lan dibandingaken ambi dhaerah liya. Anas uga ngarep-arep, kadhung Bupati mbesuk hang ngganti iyane bisa nerusaken program-program hang ana.
Penganugerahan Inspiratif teka Untag Banyuwangi iki, diuwakaken nyang tokoh-tokoh Banyuwangi hang sak suwene iki duwe ubed hang dadi tulada masyarakat liya. Kaya Gandrung Temu Misti, dianggep bisa njaga Tradhisi Gandrung hang dadi tanda (icon) Kabupaten Banyuwangi. Ana Wandra, alumni Untag hang dadi Penyanyi Gendhing-Gendhing Daerah ambi cara management modern. Ana Nur Hadi Windoyo, penyandang tuna netra hang bisa ngajari penyadang cacat liyane belajar komputer. Bang Zul, Fotografer hang tuna daksa lan liya-liyane.
Kabeh hang olih penghargaan mau, sak liyane wis ditayangaken ring vidiotron gedhe hang ana ring panggung, uga magih diweni wektu kanggo nguntabaken perasaane sak uwise nerima penghargaan. Akeh-akehe omongane padha ambi hang ditayangaken ring vidiotron, kejaba Gandrung Temu Misti hang ceplas-ceplos ngomonge. "Isun kesewun hang gedhe nyang Bapak Sektor... eh Bapak Rektor, wis diweni pengharagaan...", jare Mbok Temu hang dipapang gemuyu ngakak ambi undangan hang teka ring acara iku mau.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






