Bupati Ipuk: Guyub, Kunci Mbangun Dhaerah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 28 April 2025 08:13 WIB)
- Laporan



Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ngajak kabeh anggota Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) kanggo ngeraketaken seduluran mbangun tanah kelairan.
   Guyub bareng iki minangka kunci penting kanggone mbangun dhaerah semangsa akeh efisiensi lan ekonomi sak donya hang hing kakaruwan.
   "Nawi iki wis rejekinisun. Ring periode kawitan ana Covid 19. Aju ring periode hang kepindho iki ana efisiensi anggaran lan ekonomi global hang saya hing kakaruwan. Kanggo ngatasi iki kabeh hing ana liya kejaba mbangun solidaritas," jare Bu Ipuk ring acara Halal bi Halal Ikawangi Pusat hang manggon ring Gedung Djuang 45, Kabupaten Bekasi, Minggu (27/4/2025).
   Ngeraketaken (solidaritas) ambi tanah kelairan bisa maneka werna carane. Umpamane milu promosi Banyuwangi ring endi-endi panggonan tanah boroane dhewek-dhewek. Kelawan gedigu, saya akeh wong hang menyang nang Banyuwangi lan nggawe positipe ekonomi lokal.
   “Terima nyang kabeh hang wis dadi influencer hang wis ngumbulaken Banyuwangi," jare Bu Ipuk.
   Iyane percaya selogan "seduluran selawase" hang dadi cekelane Ikawangi bisa nggawa ganda arume Banyuwangi semebrung sak Indonesia.
   Dene wakil sesepuh Ikawangi kang Arif Yahya ngomong iyane yakin gok guyube warga Banyuwangi ring tanah boroan lan pemda Banyuwangi bisa nggawe dadi lan apike kabeh.
   "Kadhung Banyuwangi saya maju lan keren, engkene hang nong kene saya mongkog. Paran bain hang wis digape lan kabeh perestasine Banyuwangi iku nggawe mongkoge warga Banyuwangi nong endi bain," jare menteri pariwisata dhongkol iki.
   Jare Kang Arif, salah sijine yaiku Banyuwangi dadi dhaerah hang nduweni kinerja paling apik miloni penilaian Laporan Penyelenggaraan Pemerintah Daerah (LPPD) hang dianakaken Kementerian Dalam Negeri.
    Halal bi halal Ikawangi Pusat minangka iwuh hang digelar saben taun. Sore iku hang teka kelebu Menteri Pemberdayaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi dhongkol Abdullah Azwar Anas, Ketua Umum Ikawangi Pusat Pak Rusdi Maksum, para sesepuh kayata Pak Sutarjianto, Pak Budi Mranata, ketua umum Ikawangi dhongkol Pak Bambang Sugiyono, Ketua Prajurit Blambangan Mayjen TNI Choirul Anam, Komjen Pol Susno Duadji (Kabareskrim RI 2008-2009), pendhiri Ikawangi Pak Noer Hafandi, Pak Abdul Hamid, Direktur Pemasaran Dalam Negeri Kementrian Pariwisata, Dwi Marhaen lan liyane.
   Kaya biyasahe HBH Ikawangi nggelar hiburan teradhisional Banyuwangi yaiku gandrung, jaranan buta, kuntulan lan kuliner has kayata rujak soto, pecel rawon.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ayunk N

Editor: Hani Z. Noor