-35348.jpeg)
Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 23 Februari 2025 08:06 WIB)
(Cerita Cendhek) Gicus
Lenga ring wajan kemeronyos dileboni kum-kuman tahuk. Melkedheke welek teka ram-raman cendhela pawon, nengeri gok bengahane magih terus disegokaken kerucuke, bongkoke lan renceke. Terasi wis mathing-mathing ring pinggirane bengahan. Ring eleng bengahan hang sijian, gemulake banyu ngatengaken kuluban godhong kates hang wis didalehi godhong santenan. Gerang asin putihan wis diirisi cilik sak pucuke jenthikan. Kebul-kebul arum ambune sega hang buru dientas teka kukusan. Khoiriyah nyengkiwing kupinge panci aju ngedhuki sega dielih nyang pengaron. Ring pelanca, cuwek wis cemepak potholan lobok litik, lan uwohe jeruk sambel ya wis metu teka tumbu.
“Mbok Iyah, kari sing mentas-mentas teka pawon yuh...” abane Rehati hang gandheng gedhek.
“Iya, buyutisun nak teka...” semaure. Setemene wis suwi Khoiriyah sing jenek pawon, kerana wong dhewek, kanggo mangan sedinane iyane sing tau olah-olah. Denden geni mung ngeliwet sak cingkir, utawa kanggo ngindel panci wedhang enggo ngiseni termos. Serehne iwak lan jangan musuhe sega wis cukup tuku matengan hang dijaja wong sepidah montoran.
Ring meja bale umahe, wis cemepak toples isi gerimikan manggleng. Kadhung tepak mari mbedhol sawi, seja-seja karine kukusan sawine diirisi tipis aju dipepe. Sak wayah-wayah, bisa digoreng aju digetih, nganggo gula abang. Lumur wis dikusuti lan kendhi ya wis diiseni banyu maning.
“Jumanah iku abete dodol tah, Dhik?” Khoiriyah balik nakoni Rehati ambi nguwalik gorengane tahuk merga enget putune hing dhemen tahuk alub-alub.
“Abete mau kaya wis kencet-kencet wortel, mbok...” semaure Rehati abane geluthikan ngurebaken asah-asahan.
“Arep sun tukokaken wehongkong bain engko makene dithemil lalare...” abane Khoiriyah maning, ambi nyegokaken geni.
“Engkapan gok teka? Selak njelu kadhung rika tuku saiki, mbok...”
“Paling mariki teka, Dhik. Sulung acake, nawi wis jujug umahe Ali kana...”
Tahuk wis ditus ring serok. Geni disurud, disirati banyu gena kebes. Khoiriyah aju ngeneb lawange sing katik disereg. Iyane cincing-cincing melaku ngidulaken nyang umahe Ali, anake hang ragil. Lagis lakune Khoiriyah liwat lompongan ambi ngethem picis, aju mandeg ring dhasare Jumanah.
“Umanana isun ya Jum, engko bain sun juwut..” Khoiriyah ngewekasi Jumanah hang kemeringet raine keneng selangube wajane hang kembung lenga. Magih ngerekeb cakar ayam hang emeh garing. Melok-melok kelire wortel hang oren diirisi ginsrang ring pengaron isi adonan. Janganan kulub ditus ring irig, ramonane rujak wis ditap ketumpukan gedhang keluthuk hang wis garing pulute.
“Engko sun teraken. Arep ana dhayoh tah?” takone Jumanah.
“Iya, mabengi putu tilpun arepe merene. Pumpung Minggu, perei megawene...” Khoiriyah semaur ambi cincing-cincing maning, ngidulaken.
Umahe Khoiriyah hang nana benture, ana ring tengahe kampungan. Dalan lompongan mung cukup dienggo liwat melaku sikil. Merga supek sing duwe bentur, anak-putu-buyute hang ring Giri lan Bunder kadhung tepak teka, sepidhah montore kudu diandoh ring umahe Ali hang ana ring pinggire lurung.
“Gadug endi jare Lai?” takone Khoiriyah.
“Engko yara gadug, Mak...” semaure Ali. Wis ping papat emake bolak balik. Ketang sing cukup sepisan, Khoiriyah nyeja nginguk. Ale mabengi putune wis tilpun nguwarah gok melakune nganteni mari lohor.
“Lungguha tah wis, hang anteng...” abane Sup, mantune serangne pareke, sedinane ya besikian.
“Diolahaken jangan romot tah nawi Cak?” abane Sup nyang lakine, ngguyoni Khoiriyah. Jangan romot iku setemene gule pitik kampung, hang mung ana tepak lebaran. Anane jangan romot, nengeri gok Khoiriyah olah-olah gedhen. Nengeri dak bengahane sedina jampleng sing mandheg weleke.
“Paling wehongkonge Bik Jumanah, Dhik...” semaure Ali, dudu nyamah taping merga apal nyang andhalane emake. Masiya Sup rabine, ya padha sing dhuwege olah-olah, bangete ana dhayoh ya melayu nyang Jumanah embuh ketang mung gupuh suguh rujak lontong, tahu kecap utawane gorengan wehongkong, randha royal lan tahuk isi.
“Nak nutugaken nggoreng iwak asin sulung wis,” abane Khoiriyah ambi balik ngaloraken maning.
Mula sing keneng disemayani, wis thing-thingan, magih bain imuk. Ketang ya repot, kadhung sing dikabari sulung mbengine, si putu kuwatir nawi adone ana buruhan tandur. Aju leren dipapag nyang sawah. Sing enake kadhung dikabari sulung, mesti adone sing kanti. Pantese bain, keneng-kenenga subhuh wis gancang teka-a.
Bengen tau, Holipah putune sangking mampir ambi kanca sekolahe merga arepe nunut lohoran. Cumpune, Khoiriyah hing kathik ngempos lan mentas teka kedhokan, nepaki matun nung sawah garapan rada adoh. Serta wis mulih, Khoiriyah getun diceritani tanggane, ya merga sing bisa nyaruki putune.
Putune hang saikine mulang ana ring SMP iku, bengen gelis nyambangi Khoiriyah. Paran maning mulange mung sampek Jemuwah. Buru-buru bengen, ya kerih atine Khoiriyah weruh putune kecal-kecul sepidhahan dhewek. Wedi nawi ning dalan apuwa-apuwa.
“Mak, yong lurung saiki rame. Masa cumpleng kaya jaman Ndika numpak kol..” gedigu abane Ali.
Semasa wis umah-umah, duwe anak cilik, lan sekolah wis balik maning sampek Sabtu, Holipah arang sambang-sambang nyang adone.
“Adon masa duwe ati kelendi-kelendi. Hang penting Sira sehat, nunggang sepidhah montor melaku mulih megawe paringana selamet...” abane Khoiriyah tepak tilpun liwat HPne Ali hang metu gambar uwonge.
***
Abane wong wiridan kaya buru mudhun teka langgar, lohoran. Khoiriyah wis arep ngidulaken maning ambi nyangking lang.
“Nyang endi maning, Mbok?” takone Jumanah ambi ngelayani rujak.
“Iki nak ngidul merunu, nyawisi es enggo buyut..”
Alon lakune sepidhah montor cemeng aju mandheg terus dijaglang. Lare cilik umur telung taunan, nganggo helm, kacamataan, jaketan linet, seru akesine nyeluk uyute.
“Uyuuuut, Tsabit datang...”
“Moooong, adhuh buyutisun teka..” abane Khoiriyah ambi dilagoni, kaya biasahe.
“Salim ulung...” abane Ali ngelungaken tangane.
“Ajenge teng pundi, Don?” takone Holipah ambi ngothak helm. Lakine Holipah aju ngedhun-dhunaken gawan.
“Ana nawi ping sepuluh bolak balik merene, nganteni Sira sing teka-teka.” Sup nyelani.
“Kaya sing apal nyang Adonira..” jare Ali maning.
Khoiriyah hing tau hing gicus. Jare ruwahe Ajin—lakine, masiya tepak singana, mesthi ana hang bisa disuguhaken.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumen Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf