_Kecunggah-96374.png)
Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 30 Maret 2025 07:30 WIB)
(Cerita Cendhek) Kecunggah
Ting telining lumur pecake serbet Kerai ring meja wis digelantari semut pudhak. Sakat puwasa kurang telung dina, wis ulih ter-teran Kerai teka Badhes mulane yara kawitan bisa buka serbet hang nikmat. Mula dadi salah sijine tetenger Romadon, uwohe hang has, arum, masir lan medhuk nggarahi buka puwasa saya seger. Sak ulan jampleng neter Kerai sing kira ana kuwelehe.
Paran maning, serngenge bangete tengah dina iki muka kaya melethek ana ring embun-embunan. Merga kakehan ngombe nambani ngelak, mulane taker hing kelar njelawat arep nyandhak korahan. Serange welangketen, bangete njegog teka rukuk nyang i’tidal, weteng sampek muni konclak-konclak.
“Mak, hang iki bain kek. Apik!” abane anakisun nomer loro ngepos nyendhoki Kerai hang mung sun tugeli kotak-kotak, ambi nduduhaken gambar ring hapene.
“Hing setelan ambi kudhunge ya?” takonisun ambi ngemat-emataken gambare.
“Engko cingklakane nyokot?” abanisun nulih ring gambar, uwong hang nyacak penganggo conto polane awake langsing. Paceke kadhung korakan kenceng cingklak keciyuten, kemekrek gelis suweke.
“Kari milih ukurane bain. Endi acake diukur, Mak!” ujare, aju melebu nyang kamar njuwut meteran.
Puwasa buru sedina, wis umet golet penganggo. Setemene nyawisi penganggo lebaran mula sing ana perintahe. Bangete lebaran, yara bisa nganggo kelambi hang apik lan rijig, hang terbaik hing kudu anyar. Yong hing ana hang nguwel yara umpamane nganggo kelambi hang lawas? Tuku kelambi hing kudu nganteni lebaran yara?
Taping, dhung enget tepak cilikane anak-anak, hing tau isun lan lakinisun nyeja nukokaken penganggo kanggo sedina-dina. Seragam sekolah bain, dhung wis katon saya cekak sun akali nyoploki kelimane aju dijait jelujur maning. Suwek nyangkem kodhok ya magih keneng diakali dibos. Kadhung wis kebentel seru, suwek merga sesek, buru isun ngejak ngetan nukokaken seragam anyar. Dhung penganggo sedina-dina masiya luwas merga kelire beladhur, suwek kari didondomi, rada sesek ya kari ndhedhel jaitan. Seruwal ngepos dienggone, nganteni mberebet kenceng kawede. Kaos-kaos tetep dienggo masiya ana butul kebangklet paku.
Ya kelendi maning, masiya ulih picis panenan saben petang ulan sepisan, kala semana kaya mung cukup dienggo mbayar bon, tuku babuhe menir lan ngiseni weteng. Gedigu ya wis sukuran. Mulane setaun sepisan masiya kudu dhesel-dheselan ring pasar senggol, kelambi anyar kelambi lebaran ya dianani. Dhung wis entek lebarane aju diparoti, dienggone maning ya tepak menyang-menyang. Kadhung ulih lungsuran kelambi petelesan, ya iku hang dienggoni sedinane, aju sampek ludhes utawa bek pulut. Yong lalare, cilikane jenek memengan ring latar lan kebonan, hing temungkul nyang rawatan—HP, kaya saiki-iki.
“Hang XL bain Mak. Kadhung kelandhungen, kari ngethok!” abane anakisun maning lancar seru dhung milih tukonan online. Timbang keseseken bangur tuku ukuran hang ring ndhuwure, kelandhungen bisa dikethok aju dijait pelipite utawane dineci nyang Cik Wa. Mula teka hape wis bisa milih methik hang dikarepi aju kari nganteni tekane ring umah. Ya hing usah kuwatir tukuke tutup, merga bukak sedina sewengi kelawan nduleki HP.
Taping, kala-kala ya sekaken wong adol kelambi nung pasar, aju kelendi nasibe dhung kabeh wong sak donya, tukune ring HP?
***
“Alepah, saur...” abane emak maratuwa gugah-gugah. Mastekaken putu-putune tangi, gena hing kasep saure. Ping koncar-kancir emak maratuwa ndhodhog jendela kamar anakisun hang penggarep dhung durung kemencang damar lan rungu abane gelothakan ring pawon. Sepeker masjid hang wis wanter nulungi Jajuli gugah-gugah, kaya hing makan nyang kuping.
Magih ambi ngelumpukaken nyawa kethip-kethip nulih wuwungan hang badhangen, aju enget gok emak maratuwa wis emeh selametan rong taune. Imsak magih kurang telungpuluh menit, wis hun reka iki kudu ngangeti rawon, nggoreng tempe, lan nyorotaken kopi bapake lalare. Wis tangi tah durung, anak hang ning Malang kana? Saur paran ndane ya?
Teka cedhing kulon, abane banyu ledheng wis kemeloncor, anakisun ragil hang wis lancing mestine wis tangi. Hing usah sun gugahi kaya magih cilikane hang angger weringuten. Hing gedigu, isun aju diambul dhung kebedhugen perotongan sing saur. Mulane masiya ambi liyep-liyep rada mbethuthur nampa piring muluki sega, hun orag-orag temenan gena gancang tangi. Mula jare Mak Aji Rehati, kelendi-kelendia ana ganjaran saur hang eman-eman kadhung digeningaken. Masiya tangi saur ring wayah emeh pungkas, ya hing paran-paran timbangane hing saur blas. Jare Mak Aji gedigu, magih bengen isun milu ngaji bengi. Wong puwasa mula lempe, gulakane saya lempe kadhung sing saur, hun warahi gedigu. Saikine serta wis padha gedhi, wis padha ngarti.
Endhog asin sun sigar, sega teka mejikom gage sun eler nyang aren. Sun galo maning rawon ring panci hang wis gemulak sepisan. Tempe wis kungkum lenga ring wajan. Klunting-klunting, abane HP cilik muni.
“Mak, wis saur?”
“Iki ngangeti rawon. Entek wih rawonira?”
“Iki wis dienggo saur ning Mas. Mak, engko nyang pasar yah! Arep pelasan irisan...” abane anak penggarep teka pucuke tilpun. Masiya wis umah-umah, dhung urusan pawon bain magih nyageraken isun larene. Merga hing tau masak, liyane dina Minggu. Iyane lan lakine padha-padha megawene. Lakine sing tau ruwed kudu ana sarapan semandhing saben isuke. Yong bisa tuku, abane. Paran maning iki puwasaan, mantunisun iku dhemene cawis buwah. Mangan sega sepisan tok bain nepaki buka puwasa. Ya hing udud, hing kopi tah wedhang teh. Dhemene, banyu putih bain hang sehat, gedigu angger bengen mertamu durung dadi jejodhoan ambi anakisun. Mula wong umah-umah kudu padha-padha. Mulane nyawang anakisun hang saiki hing kari gering seru, sehat merga ayem, atinisun lan bapake ya milu ayem.
Gemet rawon ring panci kari ketheke ragi keluweke. Endhog asin kari sesigar ndhil, tempe gemet, sambel ya wis kored-kored. Mari asah-asah arep nyandhak kumbahan, suwene ngenteni anak penggarep hang ngejaki nyang pasar nak sun kum sulung gombalan. Kelambi putih seragam sekolah sun pirekaken. Masiya sing jendhel kaya kelambine bapake, taping kenceng kerahe kudu dikucek. Panase dina iki mestine wanter, eman-eman kadhung sing ngumbah. Merga ngumbah bangete panas wanter iku nyenengaken, masiya tah pas wis garing sing kathik disetrika, dipesud bain tepak lepit-lepit kelimise wis kaya disetrika. Maning, penganggo dadi wangi arum, masiya hing kathik dikum molto.
Wis mudhun jamaah Subuh teka masjid. Mari ngaji ulih sak kebat, rukuh balik sun uthak aju sun icis gena sing tailaleren. Mari nyang pasar engko iki kudu gancang ngarit, usikisun. Sapi ning kandhang mesti kempak-kempok nganteni suket. Arep ngarit diisuki, mesti magih akeh ebune, hing kelar nyuwune. Kadhung ngarit rada kebedhugen, panase nggarahi gorokan keparad, eman-eman puwasane.
Abane selot lawang pager kemelontang dibuka. Mesin buru mati aju sepidhah dijaglang. Mengkrek-mengkrek anak penggarep teka, ngedhunaken beras sekarung.
“Puwasa apake, Mak?” takone aju nyemendhekaken nyang sikile meja pawon.
Isun manthuk, “Taping gedigu....” idhing-idhing, tangan sun telangkupaken sun tibani pelengan. Mula bapake lalare, dhung puwasa emeh sedina jampleng turu thok. Anake paham lan apal. Aja ana lare buyek, kosroke sandal gadug nyang kupinge bisa keneng gemprak.
“Tangi sembayang tok. Mari gedigu mapan maning...” abanisun nduduhi.
“Ndika ngarit pindho yara?” dhedhese.
“Ya iya, isuk ambi engko soren mari masak..” Sing maido, pegaweyan lakinisun mula kudu mepe awake ring kedhokan. Anak papat, kabeh sekolah, lan mula kudu sekolah, gena sing kaya emak bapake. Mulane, abot seru pundhak hang dadi panggon tingkrikane anak-anak. Kandel seru delamakan tangan lan sikile hang kerep kapalen, merga gandolan pacul lan singkal sedinane.
Puwasa hang bengene kaya kendhang merga uber-uberan nganani anak hang papat, kala-kala ya nggarai isun repot semaur nyang pitakonane lalare. Serta lalare tambah umur saya paham, apuwa bapake gedigu. Hing merga njaluk balesan, taping lalare saikine kaya nempuh kelendi carane gena keringete bapake hang taunan sampek hang wajibe lali-lalian, ditebus kelawan nganani embuh ketang mung beras sak cingkir, mbayaraken tagihan damar, sampek penganggo lebaran.
Siji hang sun tetepi ning ati, kabeh-kabeh Gusti Alloh hang ngganjari. Kadhung hing gedigu, ya hing bisa nyemauri pitakonan hang rada nyamah “Mung buruh tani bisa paran?”
Sun cangking tas belanjaan aju munggah nyang goncengan sepidhah. Sungawa pisan kelambi tukonan teka HP hang wis teka sore. Bolak ngisore njergubut merga buru mari sun kethok, arep sun neci bain nyang Cik Wa kana.
“Sarunge Apak paling kisuk teka Mak..” abane anak penggarep ambi nyetater sepidhah beruwat nyang pasar.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Neng Holip
Editor: Antariksawan Jusuf