Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 16 Februari 2025 10:14 WIB)

(Cerita Cendhek) Mahar


(Cerita Cendhek) Mahar
Anggitane Ratna Laros

Dalu wis meh gadug pungkasan, naming Airin magih temungkul ring
ndhuwure sajadah nganggo telekun. Sing let suwi, iyane mungkasi
dongane  aju  lungguh  ring  pinggire  peturon  sak  uwise  ngelempit
telekune. Matane katon suthup, pipine durung garing, idep magih kepus eluh.
Lungguh meneng gedigu, nggawa pikirane Airin nyang paran kang wis kedaden
pirang dina kepungkur.
Angin segara ring Pakel soren iku nerak rambut dawane Airin, katon
saya ngombak-ombak kaya ombake segara ring selat Bali kang katon ring
ngarepan mata. Madhang jagung bakar ambi es daugan jak loron, Airin ambi
Iksan lungguh adhep-adhepan ring salah siji pondhok-pondhok kang ana ring
ngarepe warung-warung ring kana.
Mula  kerasa  ayem  lungguh  gedigi,  ring  pinggir  segara  masiya  rada
panas hawane keneng sisa serngenge teka kulon, naming angin semilir sing
ana mandheke. Ayem merga sing ruwed ambi penggaweyan, sing ruwed ambi
urusan umah lan urusan liyan.
“Kang Iksan, kelendi endane perkara hubungane awak dhewek iki. Sing
kerasa yara wis rong taun. Isun lan Rika ya wis kawong. Wis sing bisa pisah
merga padha welas lan abote. Naming seprene katone durung ulih dalan kang
tepak kaya kang awak dhewek karepaken. Bisa ngesahaken hubungan iki lan
ulih restu teka keluwargane awak dhewek kiwa tengen.” Airin ngawiti mbukak
omongan nyang Iksan.
“Iya Rin, Isun ya wis mula mikir. Kuwatir engko suwi-suwi awak dhewek
bisa bain luput kebelandur ring laku kang ala. Naming mula yaiku mauka,
kelendi carane makene bisa ulih dalan kang apik kanggo awak dhewek. Merga
ganjelan ring keluwarganisun saiki magih ana lan durung bisa Sun empet atine.”
Semaure Iksan.
“Iya Kang, Isun paham lan ngarteni kahananrika iku. Naming tetep bain
hubungane awak dhewek kang durung sah iki uga dadi ganjelan dhewek. Arep
digawe kelendi, arep digawa nyang endi, arep dilakoni sampek kapan, yara
kabeh kudu digoleti dalane. Isun ya sing bisa maksa, merga ganjelan iku teka
ring keluwarganrika.” Jawabe Airin maning.
“Bener mula Rin, sepurane kang akeh ya.. seprene Isun durung bisa
mbelani nasibrika ring keluwarganisun. Isun uga sing bisa janji, kapan iku bisa
kelaksan. Seprene wis Hun ajak ngomong keluwarganisun durung bisa Sun empet
atine.” Iksan njelasakanen ambi nyawang Airin.
Saktemene seru gedhi welase Iksan nyang lare wadon iki, lare kang wis
sabar semene suwene nganteni iyane bisa nggolet dalan, wis sabar masiya ana
ujar lan ukara sing apik kang diterima teka keluwargane Iksan. Lare kang semene
suwene wis wani ngadhepi urip dhewekan, lan uga wis kuwat nyandhang
sebutan kang rada sing enak, yaiku dadi randha. Iksan mung bisa ngundha
ambegan, seru kepingine iyane bisa ngayomi lare wadon iki ring delekepane.
Naming mula kabeh magih durung teka wayahe. Keluwargane Iksan sing setuju
ya mula merga statuse Airin kang wis randha mauka, sakmentara Iksan magih
lancing masiya umure sing kariya beda. Iksan kang duwe usaha wis mapan ya
mula dadi gandholane wong tuwek lan adhik-adhike.
“Isun mung kepingin hubungan iki ana kepasthiyan lan bisa sah Kang,
mung iku kang Sun karepaken teka Rika. Sing kathik Sun warahi Rika ya weruh
gok Isun sing ruwed nyang bandha, sing kepileng ambi donya. Isun sing butuh
paran-paran, saiki Isun bisa madhang, ana panggonan ngiyup masiyatah mung
umah kontrakan, kabeh Sun sukuri dadi rejeki teka Gusti Pengeran.” Airin
nguntapaken pengarepan ring jero atine.
“Padha Rin, padha. Isun uga kepingin gancang, makene Isun sing ana
gandholan kang Sun sangga, kang saya suwi saya abot rasane.” Iksan semaur
ambi ngusap tangane Airin.
Airin sing ngomong paran-paran maning, sing ana kang durung jelas.
Jak loron wis padha karep atine, saiki mung dalan paran maning kang kudu
dilakoni.
“Rin, gedigi bain. Awak dhewek nikah sulung bain ulan ngarep. Sing
kathik  nganteni  restu  teka  keluwarganisun.  Kadhung  keluwarganrika  ngulihi,
ya wis nikah sulung bain makene dilakoni ambi tetep nggolet dalan sampek
keluwarganisun bisa nerima.” Mara-mara Iksan mutusi.
Sakwetara Airin meneng, saiki ibarate milih dalan kang arep diliwati ana
ring tangane iyane. Kelendi carane iyane kudu bisa ngeyakinaken keluwargane
supaya gelem nikahaken iyane ambi Iksan ring kahanan kang ana iki. Wis
mesthi Iksan bakal mangkat dhewek, njaluk dhewek, sing kira ana keluwarga
kang nyandhingi.
“Iya wis Kang, nak hun cobak ngomong ambi Kang Kus. Iyane kang dadi
gantine Apak sakuwise Apak ninggal donya, iyane bisa dadi walinisun.” Airin
ngiyani, kerasa kaya ana dalan kebukak kang bisa diarep.
Bayu  kang  semilir  teka ring  segara  wis  mulai  kerasa  adhem,  wayah
serngenge wis meh arep lingsir. Samarwulu wis arepe ngganteni raina, werna
langit katon berai ditekani candhikala. Rambute Airin saya ngombak-ngombak
keterak angin, kaya ombak kang ana ring jero atine.
Sing suwi maning, Airin bakal sah dadi rabine Iksan, wong lanang kang wis nggawe atine kalah. Kalah nyang laku apik kang ana ring Iksan,
welase Iksan, perhatiyane Iksan lan uga rasa pengerten kang seru gedhine
pisan teka Iksan. Ambi Iksan, Airin kerasa duwe pengarepan, semangat lan
uga ketenangan. Merga Iksan bisa nerima iyane paran anane lan bisa ngajak
iyane ngelakoni akeh laku kang apik lan nggawa mampaat. Teka Iksan uga Airin
bisa sinau kelendi menungsa iku kudu ngelakoni perkara kang apik aju aja pati
dienget-enget, paran maning diundhat-undhat. Iksan ngajari gok awak dhewek
iki niyat arep ngelakoni perkara kang apik, sing usah dipikiri wong liya arep
apik penampane utawa using, wong liya arep ngalem utawa nyamah. Kang
utama ngelakoni kang apik, marek wis.
“Kang Kus, Isun arep ngomong nyang Rika perkara hubunganisun ambi
Iksan” ucape Airin nyang kakange.
“Paran kang arep Rika omongaken?” semaure Kang Kus.
“Gedigi Kang, Rika nawi wis weruh gok Isun duwe hubungan parek ambi
Iksan. Iki ya dudu mung memengan utawa kelendi, iyane mula sakat kawitan
duwe niyatan arep ngerabi Isun.”
Kang Kus meneng ngerungokaken omonge Airin, masiya wis rungu
anane hubungan adhike ambi lare kang aran Iksan mauka, iyane ya girang
masiyatah rada kaget sithik gok adhike kayane wis sing bisa kepaling nyang
wong liya.
“Ya, terus kelendi rencanane?” takone kang Kus.
“Gedigi Kang, Isun ambi Iksan njaluk Rika nikahaken makene sah. Ya
APak wis sing ana, kang bisa dadi walinisun yara Rika.”
“Iya wis, aju surat-surate wis diurus?”
“Emm..  yaiku  kang  durung  bisa  Kang.”  Airin  ngundha  ambegan
sedurunge nerusaken omongan.
“Kahanane gedigi, Iksan iku panggon gandholan keluwargane. Saiki iyane
magih durung bisa ulih idin lan restu arep ngerabi Isun, keluwargane durung bisa
nerima Isun kang wis randha, malah ya Isun pisan wis tau dikirimi pesen teka
ring salah siji keluwargane kang isine penjalukan supaya Isun ngadoh teka Iksan.
Pengarepan keluwargane ya Iksan ulih perawan, yong Iksan magih lancing
masiya wis mapan ring penggaweyan. Naming Isun tetep bisa jejeg merga
ndileng wantune Iksan kang uga tetep ana ring parekisun lan sing ninggal kiplas
nyang Isun. Seprene ya Sun lakoni kabeh disambi sabar sampek bisa ngamet
ati keluwargane Iksan, cumpune sampek wis rong taun kabeh magih durung
bisa kelaksan. Mulane Isun nak njaluk tulung Rika supaya hubunganisun iki
disahaken sulung bain ambi tetep upaya makene keluwargane bisa nerima,” ujare Airin nyang kakange. Saktemene Airin ya rada sing pati wanen ngomong nyang
kakange, taping kelendi gok sing ngomong, yara tambah salah.
Kang Kus meneng, iyane paham gok adhike wadon iki mula wis suwi
dadi randha. Iyane uga weruh gok adhike iki sing pati gampang parek ambi
wong lanang, kejaba kang dianggep bisa cocog ring jero atine. Masiya akeh
wong lanang kang mareki, Airin sing umik lan sing tau ngereken. Naming
penjalukane adhike iki mula rada abot, merga arane lare wadon ya kudune
dijaluk nganggo cara kang umum lan pantes, ya arane  magih ana keluwargane.
Ana emak, kakang lan adhik-adhike. Ya mesthine keluwargane wong lanang
mara njaluk, nothok lawang nakokaken, aju dilamar kanggo dirabi. Maningan
kadhung sing ana surat, bisa bain ana kedadeyan kesuk-kesuk kang dadi perkara.
Ya mula jak loron wis padha karepe, gok mula wis jodho ya mesthi bain bisa
dadi siji. Naming kadhung kahanane sing diweruhi keluwargane kang lanang yara
bisa dadi perkara ring dina mburi. Umek ring pikirane Kang Kus, taping ndileng
rupane Airin kang wis ngembeng eluh ring  matane, kang Kus ya sing tega.
Dikapak-kapakena, iyane paham abote urip dhewekan semono suwene dadi
randha.
Ndileng kakange meneng bain, Airin nambahi ngomong;
“Isun iki ya wis tambah tuwek Kang, umurisun wis meh telungpuluh
taun, paran kang Sun anteni? Paran kang Sun karepaken kanggo nerusaken
sisane umur iki? Isun mung mbutuhaken kanca, kang bisa Sun ajak gesah, silur
pikiran perkara paran bain. Perkara penggaweyan, perkara urip lan liya-liyane.
Rika weruh dhewek, Isun iki sing ruwed ambi bandha ring donya, Isun bisa
madhang, ana panggonan ngiyup masiyatah mung ngontrak umahe uwong ya
wis cukup. Kabeh Sun sukuri ulihe rejeki teka Pengeran makene berkah.”
Airin wis saya ngembeng eluh, suwarane saya agor lamat-lamat ngempet
tangis.
“Isun ambi Iksan wis ngelakoni hubungan iki rong taun, tukar ya tau,
salah paham ya tau, naming kabeh ya bisa digawe apik maning, arane mula
uwong melaku ring dalan ibarate iku ya bisa bain ana eri, kesandhung watu
utawa paran. Kadhung Isun ambi Iksan sing duwe niyatan kang lebih teka mung
sir-siran digi, dienggo paran dilakoni sampek semene suwene. Welas mula wis
ana, niyat makene sah ya ana, arep pisah ya wis sing bisa merga padha abote.
Cuma ya iku mau, seprene Iksan magih durung bisa ngamet ati keluwargane,
durung bisa njaluk idin kanggo ngelaksanakaken niyatane ngerabi Isun hing
kathik sengidanan. Apuwa tetep maksa nikah? Ya makene sing dadi pitenah,
makene sing kebelandur ring laku kang ala merga Isun ambi Iksan ya mung
menungsa biyasah, bisa bain hilap lan luput njaga sikap.”
Sepi sakwetara, Airin wis rada mbesesegen. Kang Kus akhire semaur;
“Isun paham kahananrika, Rin, iki mula abot. Isun dhewek ya sing pati
bisa milu akeh nulungi ruwede Rika seprene. Isun ya ngucap sukur gok Rika
wis duwe gandholan ati kang bisa dadi bungahe uriprika mengarep engko.
Ya sing masalah uga misale Rika wis siyap nerima kahanan iki kabeh. Naming
Isun ya kudu ngomong nyang Emak lan dulur-dulur kabeh, makene sing
ana kang disingidakaken. Kang kawitan ya kadhung bisa Rika kudu ngomong
nyang Emak, dikapak-kapak aja sampek Emak duwe ati kedhuhung kadhung
sing weruh paran-paran bab iki.”
“Iya Kang, Isun nak ngomong nyang Emak. Naming kang kawitan Isun
ngomong nyang Rika merga Isun ya mbutuhaken dhukunganrika kanggo
jangkah kang arep Sun lakoni iki, Isun njaluk penemunrika kudu kelendi
ngadhepi iki kabeh,” jawabe Airin.
“Iya wis, kapan rencanane Rika arep nikah ambi Iksan?” takone kang
Kus maning.
“Kepingine ya gancang Kang, kadhung bisa ya ulan ngarep iki. Isun
njaluk  tulung  Rika  nyiyapaken  pengulune,  Isun  nak  nyiyapaken  uba  rampe
kanggo acarane,” Airin semaur ambi mara-mara semangat merga kerasa wis
ulih kekuwatan.
Sakwise  ngomong  nyang  kakange,  Airin  kerasa  lega.  Iyane  gancang
ngabari Iksan, ngewarahi gok kakange wis setuju lan gelem dadi waline. Airin
ya ngomong pisan kadhung iyane kudu ngomong nyang emake, uga nyang
dulur-dulure kabeh kaya penjaluke kakange.
Adhike Airin tilpun pirang dina sak uwise Airin ngomong nyang kakange,
wangune kakange Airin ya gancang ngomong nyang adhike.
“Isun wis rungu teka kang Kus paran kang dadi niyatan Rika. Ya sing paran-
paran perkara kahanane Iksan. Uwong nyang agama wong lanang ya mula bisa
melaku dhewek, sing kathik perlu ana wali. Kadhung Rika wis siyap ngelakoni
kabeh ya sing paran-paran,” gedigu omonge adhike Airin liwat tilpun.
Airin  sansaya  lega,  merga  kakang  lan  adhike  wis  paham  lan  gelem
ngarteni kahanane. Saiki kari nggolet wektu kang tepak supaya bisa ngomong
nyang emake ambi nganteni paran jare dulur-dulure Airin kang liyane.
“Mak, yugandika mung kari setunggal kang dereng nggadhah sandhingan.
Ndika yara semerap kiyambek gok Kula empun sakmenten suwene dadi randha,
masiyatah Kula mboten tau sambat kepundi abote, Kula ngerasa Ndika ya
semerap kepundi kira-kira abote nyangga sedanten kiyambekan ngeten niki,”
Airin ngawiti ngomong nyang emake.
“Niki mpun enten kalih taun Kula parek ambi Iksan, kula kinten Ndika
ya semerap lan saged ngerasakaken gok Kula kawong ambi kiyambeke. Mboten
enten niyatan ala, sakat kawitan niyatane Iksan mula kepingin ngerabi Kula. Cuma
kahanane sakniki Iksan dereng saged mendhet atine keluwargane, dadi ahire
Iksan ya mung saged melampah kiyambek. Kula nedhi sepunten nyang ndika
Mak, gok Kula mboten saged njangkah liwat dalan kang sakmesthine, mboten
enten keluwargane kang dugi nedhi lan ngelamar Kula nyang Ndika. Naming
percadosa Mak, niyate Iksan sae nyang Kula lan Kula uga saged ngerasakaken
kadhung iyane mula nggadhah ati welas nyang Kula.”
Emake Airin meneng bain ambi ndileng nyang Airin. Mula sakat emake
lara wis tuwek iki, wis sing patiya apik penanggepane nyang omongane wong
liya, sing pati paham kadhung ana uwong ngomong.
“Kula nedhi restune Ndika Mak, kersane jangkah kang ajeng Kula kawiti
niki entheng. Sakwetara mula mboten saged nganakaken ewuh ramen-ramen
utawa ngundang kathah tiyang utawa sedherek liyan, mung awak dhewek sak
keluwarga niki mawon kalih sekedhik dhereke Emak Apak kang dadi saksine,”
ucape Airin mungkasi omongan.
Emake Airin magih durung ngomong paran-paran, mung nyawang Airin
kaya uwong metenggengen ambi kaya mikir. Airin nganteni ambi wis rada cilik
atine. Iyane paham gok pengarepane wong tuwek iku mesthi bain kahanan
kang miturut uwong umum iku apik lan sampurna, naming ya kelendi maning
kadhung kahanan kang ana saiki ya mula gedigi.
“Rin, iki gedigi. Penjaluke Emak, Rika sing bisa kadhung sing ngundang
dulur akeh. Kudu akeh dulur lan beraya kang teka nyakseni Rika nikah. Tujuwane
makene sing dadi pitenah. Kang keloro, masiyatah sing kabeh keluwargane Iksan
teka nyakseni, sak using-usinge ana dulure kang gelem teka, mbuh pamane,
bibike, uwake tah sapa bain dulure kang gelem lan bisa. Tujuwane yaiku mauka,
makene ana uwong teka keluwargane kang dadi saksi lan bisa njelentrehaken
kadhung kesuk-kesuk ana bab kang dadi perkara,” Emak ngomong nyang
Airin paran kang dadi penjaluke.
“Enggih Mak, nak Kula warahi Iksan sulung nawitah enten dhereke iyane
kang purun dugi,” semaure Airin sing bisa nulak paran kang dadi pengarepane
emake.
Temune teka kakange Airin ulih cerita kadhung sing kabeh dulur-dulure
bisa nampa cara kang arep dilakoni Airin ambi Iksan. Airin ya paham, kabeh
iku ya merga rasa kuwatir dulur-dulure kanggo iyane, makene sing ana perkara
rame-rame nyang dina mburi. Airin ya sing bisa nyalahaken dulur-dulure, ya
kerana kabeh sing gelem Airin nampa masalah aju keranta-ranta. Gedhi cilik
masalah, apik elek ya kabeh kudu diurus lan bisaa dimarekaken nong ngarepan
sedurunge ana kedadeyan paran-paran.
Airin ngomong nyang Iksan bab kang dadi penjalukane emake. Iksan ya
paham, aju nyacak ngomong nyang pamane. Mula wis dalane, nawi kabeh bisa
digampangaken, pamane Iksan gelem teka naming wekas aja sampek ana dulur
liya kang weruh makene sing kisruh sakduluran.
Airin wis ngarep-ngarep dina kang arep teka, dina kang wis dianten-anteni sakmene suwene. Iyane nganteni wayah mungkasi status randha kang wis disandhang sakmene dawane. Sing kerasa wis kurang petang dina, Airin wis mulai nyiyapaken sembarange, olah panganan kang bisa disiyapaken sulung aju
disimpen ring jero kulkas. Engko kari manasi bain makene sing pati ruwed tepak acara. Mula nikahane iki sedherhana bain, sing pati akeh uwong kang diundang.
Mung iyane sak keluwarga, emak, kakang lan adhike ambi dulur parek kang
manggon ana ring sak kutha, ditambah ambi kancane Airin loro utawa telu,
misanane Airin uga ana kang wis weruh lan ngarteni kahanane Airin seprene.
Iksan wis nyiyapaken mahar kang arep diwakaken kanggo calon rabine.
Telekun sak sajadahe, mula penjalukane Airin sing kathik macem-macem.
Mahar mauka wis dicepakaken Iksan lan diendoh ring umahe Airin. Saben
ndileng mahar kang wis cemepak, atine Airin kaya uwong ulih lotre. Masiya
telekun ambi sajadah sing kurang-kurang wis pirang-pirang ring umahe, naming
telekun iki duweni makna kang beda. Pengarepane Airin, muga-muga Iksan
bisa dadi imam saklawase lan jak loron bisa saya apik ibadahe.
Kurang rong dina maning, atine Airin kaya kerasa sing serantan. Kadhang
kaya lare cilik arep diajak menyang nunggang dermolen, kaya dheg-dhegan merga girang.
Mara-mara ana tilpun muni, teka Kang Kus, ngewarahi kadhung cumpune
rencana kang wis ditata kanggo rong dina maning sing bisa kelaksan. Merga
ana masalah kang kudu dimarekaken sulung, merga ana salah siji keluwargane
Iksan kang weruh lan sing bisa nampa kahanan iki.
Dheg! Airin sing bisa ambegan rasane. Kabeh wis siyap. Kelambi penganten
wis dadi, masakan ring jerone kulkas wis ebeg, mahar kang ditukokena ambi
Iksan uga wis cemepak. Kelendi aju mara-mara kudu diwurungaken?
Sak dawan-dawan kakange ngomong kayane wis sing bisa dirungokaken
maning ambi Airin, atine kelayung seru keranta-ranta rasane. Sampek ahire
kakange mungkasi omongan Airin ya mung bisa mata walangen, eluh deredesan
ring pipine. “Dhuh Gusti, iki mula wis dadi kersanNdika. Naming atinkula
kariya keranta-ranta,” jero batine Airin mesesegen sing mari-mari.
Mahar ring meja kamare Airin magih durung bisa dadi saksi gedhine welas
kang disimpen ring jero ati. Mbuh sampek kapan mahar iku bisa dielungaken
teka tangane Iksan nyang Airin. Mung Gusti Pengeran kang bisa weruh kapan
wayahe kang wis pasti. Suwarane gerigis kaya ngancani eluh kang deredesan
ring pipine Airin, mesesegen sing bisa mari.
Sakmentara adoh teka ring umahe Airin, ring bucu Pakel, Iksan lungguh
dhewekan. Nggeningaken awake keterak angin segara, rasane kepingin dadi
layangan kang bisa ngeleyang adoh keterak angin.
“Huuaaaaaaahhhhhhh!” abane mara-mara.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ratna Laros

Editor: Hani Z. Noor