Basa Jawa hang penutur jatine 68 juta bain ngersula ndeleng kahanan basa lan sasterane, naming kudune iki dudu alesan kanggo pegiyat basa Using. Malah kudune kahanan gedigi bisa dadi pecut kanggo lebih akeh nulis makene basa Using saya jejeg.
   Prof. Dr. Darni, Guru Besar Sastra Jawa ring Universitas Negeri Surabaya (UNESA), Fakultas Bahasa dan Seni, ngomong ring diskusi "Membangun Ekosistem Sastra di Jawa Timur" gok sastra Jawa kahanane saya mundur sakat jaman Jepang taun 1945.
     Masiya gedigu "Sastra Jawa magih urip lan basa Jawa magih ana," jare Prof. Darni. Sithik akehe ketulung ring Peraturan bupati, walikota lan gubernur hang ngongkon sekolah ngajaraken basa Jawa.
   Naming medhiya cetak basa Jawa kanggo wadhah hang saben minggu nguwot puisi, cerita cendhek, roncean cerita wis mung kari loro hang terbit teka Jawa Timur lan siji teka Jawa Tengah.
   Hang magih ana yaiku Panyebar Semangat lan Jayabaya teka Surabaya (Mekarsari wis gemet sakat 10 taun kepungkur) lan Djaka Lodang hang terbit ring Yogyakarta.
   Jare Prof. Darni penerbit wis sing gelem nerbitaken buku. "Nyetak 5000 eksemplar bain taunan hing entek. Dadi akeh wong nerbitaken dhewek."
   Kadhung ndeleng akehe novel lan puisi Jawa ring penghargaan Rancage kira-kira ana 20an judhul saben taun iku wis sagah. Yayasan Rancage iki ngewani penghargaan nang sastra hang nganggo basa dhaerah yaiku Sunda, Jawa, Lampung, Batak, Banjar, Bali lan Medura.
   Dene basa Using, hang penutur jatine antarane 300-500 ewu wong, kahanane ya hing maido lebih ngenes. Kadhung diitung sakat 10 taun kepungkur hing sampek ana 10 judhul novel. Ana Niti Negari Bala Abangan (Hasnan Singodimayan), Agul-Agul Belambangan (Moh. Syaiful), Wilis (Mas Aji Ramawidi), Ontrang-Ontrang Langit Payaman (Kang Ujik) lan taun iki arep ana siji maning tulisane Satria Pujangga.
   Ana pirangane buku gurit Using pisan hang terbit naming uga hing sampek 10 judhul.
   Medhiya majalah nganggo basa Using ya wis gemet pisan, pungkasan ana Keboundha lan Lontar Using hang diterbitaken Balai Bahasa Jawa Timur.
   Kari siji medhiya digital hang ajeg nguwot tulisan basa Using yaiku belambangan.com hang saben dina Minggu magih nyuguhaken cerita cendhek utawa roncean cerita.
   Penulis Using uga kadhang nerbitaken lan mbandhani dhewek novele. Ya kelendi maning marine.
   Naming kahanan iku mau saya ndadekaken penulis Using saya akeh nulis makene donya sastra Using saya rumang lan basane saya keangkat. Kelendi kadhung ditarget saben taun kudu ana sak novel lan rong buku puisi hang terbit?