Demi, Sumiati Ngeramekaken Pelantikan Ikawangi Korwil Bekasi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 08 Desember 2019 12:57 WIB)
- Laporan
Penyanyi Banyuwangi Demi lan Sumiati ngeramekaken acara Pengukuhan Ikawangi korwil Bekasi (IKOBE) hang manggon noring Jatiwangi parek Kawasan Industri Cikarang Minggu 8 Desember 2019.
"Ya gedigi kang Sun karepaken, bisa dienggo tuladha korwil-korwil Ikawangi liyane," jare Ketua Ikawangi Pusat Jakarta, Kang Bambang Sugiono ring sambutane marek ngelantik.
Iwuh iku ditekani para sesepuh Ikawangi, kelebu wong hang milu ngedekaken Ikawangi tahun 1972 hang jaman semono arane magih Pewangi Jaya, Bapak Sutarjianto lan Kang HMN. Haffandi.
Lair 18 November 1972, jare Kang Bambang tepak iku mung ditekani hing sampek 10 uwong.
Ana pisan sesepuh liyane Bapak Rusdi Maksum, Bapak Rik Hasan, lan Bapak Darmawan. Sak liyane iku ana pisan korwil-korwil hang teka Bandung, Tangerang, Jakarta Selatan, Jakarta Pusat, Jakarta Timur lan Cimerang.
"Tujuwane salah sijine dadi panggon jujugan wong Banyuwangi hang buru teka ring ibukota."
Ikawangi saiki wis duwe cabang nong endi-endi, kelebu ana ring negara njaban.
Bu Kurnia hang dilantik dadi ketuwa Korwil Bekasi mung bisa ngucapaken terima hang gedhi. Mberebes mili, hing bisa kewetu omongan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






