Desember, Ulan Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 Desember 2021 08:54 WIB)
- Laporan



Ulan Desember 2021 iki dadi seksi gok basa Using sithik-sithik nemu dalan padhang merga ulan iki didadekaken Ulan Basa Using.
   Kelawan nyebut Roadmap Pelestarian Kebudayaan Banyuwangi hususe Bahasa Using lan Hari Jadi Banyuwangi (Harjaba), PLT Kadis Pendidikan njaluk instansi SD negeri lan swasta nganggo basa Using minangka alat komunikasi saben dinane. Dene SD hang ana ring njabane masarakat Using "diharap menyesuaikan."
   Kang Juwono, pegiyat basa Using hang uga guru ring Singojuruh, ngomong gok atine girang merga basa Using wis dadi perhatiane bupati.
   "Paran maning mareke Bappeda nggawe peta budaya sekalian ndadekaken Desember Bulan Bahasa Using. Mongkog atinisun merga basa Using digatekaken ring pemerintah," jare kang Ju hang uga panjak gamelan Banyuwangi. "Istilahe basa Using tangi maning."
   Jare kang Ju ring Peta Kebudayaan iku, basa Using arep diajaraken teka PAUD, sampek SMP.
   Engkone sekolah SMP hang ana ring wilayah hang akeh wong Usinge kaya Kutha Banyuwangi, Kalipuro, Songgon, Singojuruh lan Rogojampi mutlak ngajaraken basa Using. Dene ring kecamatan hang dudu wilayahe wong Using, kaya ring Pesanggaran, sebagiyan arep didadekaken percontohan.
   Para guru basa Using padha surak girang merga ana Bulan Basa Using iki. Kaya mbok Heni Kurniawati hang mulang ring SDN1 Tamansuruh. "Lalare lan uwong-uwong kang ngerti basa Using taping sing lanyah ngomonge bisa latihan makene lanyah gesah cara Using. Kang wis lanyah basa using makene tambah lanyah ngomong cara Using kang apik lan bener. Lan sastra kaya wangsalan, basanan, unen-unen makene saya urip."
   Paran maning dinas Pendidikan nganakaken Lomba ndongeng lan geguritan kang temane "Ngerumat lan ngerawat basa Using ring Bumi Belambangan".
"Iku cocog kanggo mbangun kepedulian masyarakat nyang budaya dhaerahe. Otomatis guru lan murid maca cerita rakyat, golet kaweruh cerita rakyat kang ana ring dhaerahe. Pungkasane budhaya kang ana ring dhaerah-dhaerah ring Banyuwangi bisa diangkat dadi kekayaan budaya Banyuwangi," jare mbok Heni.
   Guru basa Using liyane, kang Prastono Santoso ya milu girang merga anane bulan Bahasa Using iki. "Lare sekolah kang dudu basise masarakat Using makene kenal nang bahasa Using."
   "Carane ngenalaken ya lewat poster- poster, basanan, unen-unen, uga tokoh- tokoh cerita rakyat Banyuwangi," jare guru ring SDN1 Gendoh.
   Kanggo marekaken basa Using, kang Prast iki saben isuk nyetel gendhing Umbul-umbul Belambangan lan gendhing liyane mergane ring panggonane mulang etnise macem-macem, hing mung Using taping ana Jawa lan Medura. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor