Festival Gendhing Using Disenengi Lare Milenial
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 23 Oktober 2019 11:13 WIB)
- Laporan
Sakat taun 2017, Radio Suara Blambangan FM (Bengen RKP-Red) mulai ngawiti nganakaken Festival Gendhing Using. Karepe kanggo nguri-nguri gendhing Using lan Basa Using iku dhewek, merga gendhing hang difestivalaken liwat pilihan ((kurasi) teka budayawan lan seniman Banyuwangi hang ngerti seru nyang gendhing-gendhing iku.
“Gendhing pilihan lan wajib kanggo lanang lan wadon bedo, merga suwara lan temane gendhinge mane pas. Aja sampek temane kanggo wong lanang, tapi hang nggandhang wong wadon. Semono uga kudune suwara kanggo wong wadon, taping ditembangaken wong lanang. Iki liwat seleksi temenan, sing angger njuwut teka gendhing-gendhing Using hang akehe ewonan," gedigu ujare Ermi Rosana, Pembina Radio Blambangan FM.
Angger taun, akehe lare hang kepingin milu terus tambah. Naming sing kabeh diterima, utawa dipilokaken, merga kudu ngelewati seleksi sak mareke audisi. Kanggo hang lolos audisi, buru milu tampil nang babak penyisihan. Kabeh tahapan mau bisa dideleng langsung liwat Streaming Fanspage Radio Blambangan FM.
“Taun 2019 iki, akehe peserta ana 174 kanggo kategori lanang lan wadon. Teka akehe sakmono, aju diseleksi maning kari 50 an lan milu babak penyisihan. Nah, tanggal 26 Oktober kesuk Final manggon ring Gesibu Blambangan. Kanggo sapa bain hang kepingin ndeleng, gratis lan ana uga penampilan senior-senior penyanyi Using. Kaya Sumiyati, Virgie Hasan lan liya-liyane. Lan kanggo dulur-dulur ring njabane Banyuwangi uga hang ring negara manca bisa ndeleng liwat streaming nang Fanspage Radio Blambangan FM ring facebook," jelase Ermi Rosana.
Hadiah hang direbutaken ana Rp. 15 juta kanggo Juara 1 lan 2, Harapan 1 lan 2 lanang wadon. Kesuk iku ana 13 peserta hang melbu final, teka pirang-pirang wilayah ring Banyuwangi.
“Hang nggawe girang, peminat Festival Gendhing Using iki akeh-akehe lare milenial. Isun dhewek milu seneng, paran maning serta weruh anak isun dhewek ring mobile hang dirungokaken gendhing-gendhing Using. Mangkane, Festival Gendhing iki kudu dianakaken terus ambi diapikaken penyelenggaraane," pungkas Ermi.
Nanggapi Festival Gendhing Using hang dianakaken Radio Blambangan FM iki, kanggone Antariksawan Jusuf, Ketua Sengker Kuwung Belambangan (SKB), seru nggawe girange. Jare Kang Iwan, iki wujud nyata tanggung jawab Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nong seni budhaya dhaerah mengarepe.
“Festival Gendhing Using sing terima ngelombakaken apik usinge suwara wayah nembang, naming uga mbiji kelendi ucap-ucap Using mau wayah digendhingaken. Sing diseja, kegiyatan iki wis milu ngelestarikaken Basa Using nang lare-lare milenial pisan," gedigu ucape Kang Iwan girang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.