Gallery Kawitan, Pusere Lukisan Perupa Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 01 Januari 2020 19:04 WIB)
- Laporan
Perupa utawa pelukis Banyuwangi, marek iki sing perlu adoh-adoh ngunjali karyane diedol nyang Ubud, Bali. Saiki wis ana Gallery Kawitan duwene pelukis senior Banyuwangi S Yadi K, kanggo ngewadhahi karya lukis lare-lare Banyuwangi. Gallery hang manggon ring Kompleks Omah Seni S Yadi K Jl. Kuntulan Karangasem Banyuwangi iki, seru tepake gampang ditekani teka endi-endi. Paran maning parek teka Stasiyun kota, Karangasem, uga parek panggonan wisata sak mareke teka Gunung Ijen.
“Sakjane panggonan iki wis dibuka sakat setaun kepungkur ambi Bupati Banyuwangi, Abdullah Azwar Anas, minggak pusere kegiyatan kesenian ring Banyuwangi. Waktu iku ditandani ambi pameran pelukis Banyuwangi akehe ana 50 pelukis hang milu, rame seru masiya bangunan magih durung rampung 100 persen. Marek pameran iku aju rada kendho, sing patiya ana kegiyatan seni. Aju isun sak keluwarga nggunakaken kanggo dandani mane pantes dienggo gallery lan bisa ditekani tamu-tamu wisatawan, kelebu turis mancanegara”, gedigu ujare S Yadi K cerita mula kawite Gallery Kawitan.
S Yadi K utawa akreb diceluk Kang Yadi ambi pelukis-pelukis enom ring Banyuwangi, aju nutugaken cerita sampek ngadege Gallery Kawitan mau. Sak mareke bangunan Galley wis pantes dipajang karya lukisan, mulai kepikiran kelendi carane ngisi gallery iku ambi lukisan karyane lare-lare Banyuwangi. Kepikirane Kang Yadi, merga tipise bunci hang diduweni. Iyane mikir nyata, kadhung ana lukisan hang dipajang ring kene, mestine ya ana picis hang dienggo nuku lukisan mau teka pelukis sak durunge ditawakaken nyang penikmat lukisan. Suwe anggone mikir, pungkasane kepikir nawakaken titipan utawa konsinyasi. Mengko kadhung lukisan iku mau payu, buru diitung persentase antara pengelola Gellery ambi pelukis.
“Ya alhamdulillah, serta Isun wanekaken ngomong nyang kanca-kanca langsung diiyani. Rasane kudu nangis, ndeleng tekade kanca-kanca pelukis ring Banyuwangi hang guyub lan ngerti nyang kahananisun. Kawitane ya sing yakin, kadhung kanca-kanca duwe karep hang gedhe kaya gedigu kanggo majokaken keseniyan, utamane seni lukis ring Banyuwangi. Mulai hang ngelumpukaken sampek nata kabeh dilakoni kanca-kanca dhewek kelawan cara gotong royong”, ceritane Kang Yadi ambi rada mberabak kaya arep kutah iluhe ngerasaken ternyuh nyang pelukis-pelukis enom Banyuwangi.
Masiya waktune ngerencanaken iku mepet, acara mbukak gallery lan selametan sore (Minggu,29/12/2019) ditekani seniman-seniman Banyuwangi sampek 50 lebih. Bidhange macem-macem, teka pelukis, pematung, sastrawan lan pemerhati seni-budaya Banyuwangi. Kabeh mau milu seneng anane Galley Kawitan, paran maning hang duwe Gallery nyumagakaken kanggo seniman liyane uga milu ngeramekaken anane Gallery iku, bisa gesah lan diskusi paran bain masalah seni-budaya Banyuwangi.
“Undangan iki mung liwat WhatsApp kanggo kanca-kanca seniman lan perupa Banyuwangi, naming sing dikira sak durunge, temekaken kanca-kanca gedhe seru kawigatenanan nang gawe iki. Kebukti masiya mepet waktune, ana 22 perupa milu bareng nyetoraken karyane ring Gallery Kawitan iki. Iki pembuka hang apik, kudu terus dirabuk mane merujuka karep hang gedhe maning aju duwe karya hang nduweni ciri has Banyuwangi. Mengarep Gallery iki keneng dienggo jujugan, kadhung ana dhayoh utawa wong njaba kepingin weruh lukisane perupa Banyuwangi”, gedigu ujare M. Ilham Triyadi, Humas Forum Perupa Banyuwangi.
Camat Kota Banyuwangi, Mochammad Lutfi ngaku seneng dibukake Gallery Kawitan, kepingin seru nyambungaken ambi tujuan-tujuan wisata hang ana ring kota Banyuwangi. “Nggarahi panggonan wisata ring Banyuwangi, akeh-akehe ana ring njabane kutha. Kadhung ring kutha dhewek sing pati akeh panggonan hang keneng ditekani, nah teka hang sithik mau anane Galley Kawitan iki bisa nembah panggonan wisata di tengah kutha. Paran maning ring Kompleks Omah Seni S Yadi K iki ana Café Palm Sugar, keneng dienggo gesah ambi ngopi lan nyawang lukisan hang dipanjang ring kene. Kadhung ana hang cocok, mesthi langsung dikoleksi”, digu karepe Lutfi hang magih nata panggonan kuliner Kampung Mandar husus iwak segara.
Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), dr. Taufiq Hidayat hang teka kasep ring acara iku, sing bisa nyengidakaken rasa bungah lan mongkoge anane Gallery Kawitan. Jare dr. Taufiq, panggonan iki bisa uga kanggo merujukaken bibit-bibit anyar perupa Banyuwangi. “Kadhung sak suwene iki akeh pelukis Banyuwangi kirim nang Galerry-Gallery hang ana ring Ubud, Bali, marek iki bisa dititipaken ring kene. Merga kunjungan wisata nyang Banyuwangi terus tambah, muga-muga bain imbase bisa dirasakanken ambi perupa Banyuwangi”, pungkase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






