Gebyar Budaya Lalare Banyuwangi ring Surabaya

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 07 November 2019 03:51 WIB)
- Laporan



Lare-lare Pelajar lan Mahasiswa teka Banyuwangi hang kuliah nong Universitas Islam Negeri Sunan Ampel (UINSA) Surabaya, arep nganakaken  "Gebyar Budaya Semebrung Arum Tekade Lare Belambangan", tanggal 12 Nopember 2019. Acara hang dikawiti sakat marek sembayang Asyar, dikawiti Bedah Buku Konseling Lontar Yusuf anggitane Dr. Arif Ainur Rofiq, Dosen UINSA hang asale teka Pengantigan, Rogojampi, Banyuwangi.

"Niki sakjane acara rutin KPMBS Uinsa, angger pelantikan pengurus anyar. Temane ganti-ganti, kadhung taun sak durunge ngakat teman "Amuke Satriya Menak Jingga, kanggone ndobrak lan ngurubi tekade lare-lare Pelajar lan Mahasiswa Banyuwangi hang ning Surabaya. Taun iki temane, "Semebrung Arum Tekade Lare Belambangan". Tegese, lare-lare hang wis patheng ginau lan belajar, bisa nguwohne asil hang nggawa arum arane dhaerahe, yaiku Banyuwangi, utawa Bumi Belambangan", ujare Rizal Farkhani, Ketua KPMBS UINSA hang kerep diceluk Awang.

Jare  Mahasiswa  Fakultas Dakwah dan Komunikasi, Jurusan Komunikasi Penyiaran Islam UINSA iki, bengine ana acara Gebyar Budaya hang nekakaken mahasiswa teka Banyuwangi hang kuliah ring Sekolah Tinggi Kerawitan Wilwatikta (STKW) Surabaya. "Sak liyane iku, uga ana hiburan gendhing-gendhing Using. Hadrah lan Al-Banjari teka anggota KPMBS dhewek. Muga-muga ambi cara gedigi, lare pelajar lan Mahasiswa Banyuwangi ring Surabaya milu nguri-uri kesenian dhaerahe. Uga bisa dadi duta nang  nang kabe Seni  Budaya Belambangan, wayah ana wong njaba hang takon lan kepingin weruh", gedigu ujare Mahasiswa teka Muncar Banyuwangi iki.

Panitia uga wis ngundang Wakil Bupati Banyuwangi, Yusuf Widyatmoko, kanggo nekani acara iku lan ngeweni sokongan nang kiprahe lare-lare pelajar lan mahasiswa. Wayah kecaruk panitia, Pak Yusuf katon seneng lan arep nekani acara hang jare dianggep penting iku. "Panitia karepe ana 'sosialisasi' teka Pemkab Banyuwangi, liwat Wakil Bupati, masalah Bea Siswa teka Pemkab Banyuwangi. Akeh lare-lare hang durung paham, kelendi carane ulih Beasiswa mau lan sapa bain hang bisa nakokaken",  pungkase Ilmi Andika, utawa hang akrab disapa Ambon, Ketua Panitia Gebyar Budaya KPMBS UINSA iki.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf