Anggitane: Satria Pujangga
(Kamis, 10 Oktober 2019 12:11 WIB)

Gurit Using


Sulaya

 

Gelang alit iki...

Dadi tandha welase ati

Dudu sak wayah, dudu sak mangsa

Isun ngenteni tekane pasti

Isun lan rika muket janji suci

 

Gelang alit…

Saiki mung kari rupa tanpa makna

Magih setiya ngancani raga

Hang saiki wis ilang rasa

 

Saben dina

Ati sing leren ulihe getun

Ngengeti jaman hang wis kelakon

Kaya-kaya bain isun lan rika

Dadi siji nyandhing jejodhohan

 

Taping saiki…

Gelang alit mung kari aran

Welase ati mung kari janji

Isun sing percaya rika wis sulaya

Rika wis sulaya…..

 

(Satria Pujangga – 17 Desember 2013)

 

Penjaluk

Ring kene...

Nang jerone donga hang sun ronce

Sing tau mandheg sun titipaken kangen

Kangen nang wangine samarwulu

Ring kalane semembure mega

Nyapu langit abang mberanang

 

Ring kene...

Magih sing uwah

Sak njerone ambekan

Tetep sunukir aran rika

Hang sing tau bisa sirna

 

Ring kana...

Aja sampik rika mamang

Nang jejege atinisun

Nang ajege kangenisun

Nang sejatine welasisun

Hang terus mili

Ring jerone getihisun

 

Ring kana...

Uwis cukup kirane

Dunga hang terus sunronce

Dadiya karep hang sing tau pedhot

Isun lan rika,

Kepuket dadi selawase.

 

Satria Pujangga - Gitik, 02 Juni 2016

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Guirt Using Satria Pujangga

Editor: Antariksawan Jusuf