Ikon Keboan Alasmalang Diered nyang Jakarta Kanggo Promosi Pilem

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 16 Juli 2026 06:55 WIB)
- Laporan



Artis Banyuwangi hang saben dina Minggu mencala dadi Mak Lampir ring pasar Wit-witan Alasmalang, Mamet Ndut, diered kanggo ngeramekaken acara pilem ring Jakarta.
   Dina Selasa 14 Juli 2026 sore PH Multivision Plus (MVP) Jakarta nganakaken screening pilem hang judhule "Sihir Tanah Kubur" (Makam Wurung) ring CGV Mall FX Senayan Jakarta.
   Merga pileme iku nyemplok sithik Kebo-Keboan, aju tim kreatif MVP nyeluk Mamet kolaborasi ambi talenta liyane hang ana ring Jakarta sedurunge pileme diputer ring Studìo 2 CGV.
   Sutradara pileme, Jeropoint, ditakoni kontributor Belambangan.com, Jamil Segara, ngomong gok sebenere pilem iki hing ana hubungane ambi Keboan naming iyane kawitane nggawe pilem iki merga ulih inspirasi teka adat Kebo-keboan. Iyane uga wis tau melaku-melaku lan ndileng adat iku ring Banyuwangi. 
   Aju ceritane Makam Wurung iku, iyane rungu-rungu ring Banyuwangi ana hang cerita lemahe mandi dienggo medhiya sihir.
   Taping aja salah paham, pilem iki dudu nyeritakaken kisah nyata Adat Kebo-keboan utawa sihir Banyuwangi. Pileme mula ana Kebo Ireng lan cerita sihire taping iki sukur cerita reka-reka alias fiksi, jare Jeropoint. Mung dijuwut pelajarane ring pilem iki, aja sampek budaya adat hang aseli digathukaken ambi ilmu sihir cemeng. Makene hing salah kaprah lan budaya tetep nduweni aran hang apik, makene hing ana uwong-uwong hang ngerusak nyangking-nyangking budaya, agama dienggo tapel ilmu-ilmu hang nggawe belahi menungsa.
   Pak Mawski Marketing Lead Tim Show lan uga investor ring MVP tepak ditakoni Jamil, iyane kaju nyang adat, seni lan budaya Banyuwangi.  "Setemene akeh maceme seni budaya hang mesadu diangkat ring pilem," jare Pak Mawski. Tim Show MVP iki nyeja ngundang artis Kebo-keboan aseli teka Banyuwangi kelawan karep kepingin ngenalaken budaya adat aseli Banyuwangi makene screening pilem iki dadi sepesial makene penonton bisa saya kepingin weruh lan bisa selabar nyang kanca-kancane dulur-dulur lan berayane.
   Atusan penonton gegeten, tapi sak marine screening pileme bubar, para penonton nyerbu njaluk potrek ambi Mamet Ndut alae iyane dudu artise, mung sukur dienggo ngeramekaken tayange pilem iki. Artise hang jumbul ring screening iki mung Revaldo.
   Pilem iki setemene akeh bintange kayata Keisha Alvaro, Ario Wahab, Revaldo lan liya- liyane, naming kabeh artis iki diarepaken bisa teka ring Gala Premiere tanggal 17 Juli 2026. Dene tayang ring biskop sak Indonesia buru engko tanggal 23 Juli 2026.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ket. Poto: Mameth ambi sutradara Jeropoint (jaket cemeng) lan artis Revaldo

Editor: Hani Z. Noor