Iwuh Lan Kepaten Barengan Cara Wong Using

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Oktober 2025 08:09 WIB)
- Laporan



Iwuh Lan Kepaten Barengan Cara Wong Using

Wong duwe gawe utawa wong iwuh, iku mesthi hang diarep arep senenge. Kerana ring cara iku kabeh dulur, tangga, kanca padha kumpul bebarengan. Guyub gotong royong jak kakehan uga bisa ana geredhoan lan cerita-cerita lawas hang diunekaken maning.

Rasa seneng lan girang antarane ring wong iwuh kerana duwe gawe sunatan utawa kawinan. Padha bain ulihe lan hang dijaluk, paran maning wujud pungkasane bisa nduweni donga kanggo ketemu maning ring liya dina. Naming kaya dene wekase para guru ngaji bengen, “jodho, rejeki, pati” iku paran jare Hang Nggawe Urip. Perkara rejeki bakale ana dhung diniyati arep iwuh hang dilambari selametan lan sodakoh. Dhung hang sijine muka, hing ana semaya lan tandha tandha, mesthi aran pati kadhang bisa barengan ring sak jerone wong iwuh utawa sak ubengane dhaerah iku. Mung ana wates hang biyasahe dadi tuntunan utawa aturan hang kudu dilakoni wong Using saben ana iwuh barengan ambi ana kepaten, yaiku:

1. Kadhung ana keluwarga hang duwe iwuh iku kepaten, kabeh tangga, dulur hang melabot utawa rewang kudu bisa ngurmati nganggo cara aja nuwukaken rasa seneng hang  bisa ngormati nganggo cara aja nuwukaken rasa seneng – guyon ring panggonan iku.

2. Dhung jaman saiki ana arane sound. Kanggo tandha nengeri uwong-uwong hang dhurung weruh kadhung ana kepaten ring keluwarga hang iwuh. Suwara sound diedhengaken sampek iwuhe mari.

3. Dhung hang kepaten iku tangga utawa sak ubenge tuan rumah. Maksimale magih sak desa, iku ngurmati kelawan mateni sound sampek mayite dipendhem. Uga ana “adat ngirim” hang kudu dilakoni tuan rumah hang ewuh nyang keluwarga hang kepaten. Ngirim hang dimaksud wujude ana:

a. Kayu enggo bengahan – belarak setingkes.

b. Ragi ragi pawon seketheman

c. Beras sak cukupe

d. Lenga sak cukupe

e. Gula sak cukupe

g. Jajan sak cukupe

h  Picis sak ihklase

Maknane kiriman iku muka yaiku kanggo ngilangi mala ring keluwarga hang iwuh (kerana rasa percayane wong bengen dhung ana keluwarga hang iwuh uga ana kepaten bakale apes), duduhaken teka tuan rumah hang iwuh karepe ngayemaken uga nyenengaken atine keluwarga hang kepaten mane bisa nerima ihlas kelangan salah siji keluwarga hang diwelasi. Uga kanggo tandha milu ngerasakaken rasa kelangan (bela sungkawa) pisan.

Dhung iwuhe penganten. Kadhung magih wilayah hang bisa digape, penganten hang using teka dhaerah hang ana kepatene kudu dimulihaken sulung. Dhung pengantene uwong adoh, digawa ning umahe dhulure tuan rumah utawa dulure pengantene hang sekirane metu teka desa hang ana uwong kepaten iku.  Dimulihaken sampek ngenteni mayite di pendhem.

Akeh cara utawa adat hang mesthine magih seliweran ring sakubengane isun lan rika. Masiya sithik dhung aran adat kudu diuri-uri mane lestari. Kerana adat iki ya apik uga hing ngajaki nong kemusrikan.

Penulis: Muhamad Novi Yusuf (Opi)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf